Sunan Pojok
Blora
Awit lahir jenenge Sunan Pojok Blora
yaiku Pangeran Pojok utawa Pangeran Surabaya, wus dewasa lan entuk kekancing
saka Raja Mataram, Sultan Agung Hanyakrakusuma, utawa jeneng cilike Raden Mas
Jadmiko, saking perhatian Sultan Agung marang kesejahteraan lan ketentreman
rakyat gedhe banget, mula Sultan Agung ngangkat Pangeran Pojok dadi Senopati, Sunan
Pojok didadekke panglima perang (Surabahu) lan entuk gelar Surabahu utawa
Pangeran Surabahu.
Nalika Sunan Pojok dadi panglima
perang Pangeran Pojok utawa Pangeran Surabahu, entuk tugas pokok loro, yaiku,
ngamanake wilayah, kaya sebagian wilayah Pati, Tuban, Surabaya, lan Pasuruan
saka pengaruh pemberontakan lan ngajak bareng – bareng ngusir VOC. Banjur
nyerang VOC (Venering Of Indeche Company) ana ing Batavia. Lan akhirre
bisa mardika saka cangkreman VOC (Venering Of Indeche Company), mula
wilayah – wilayah sing ana ing Kraman bisa diamanake lan bisa diajak bareng –
bareng di enggo nyerang VOC (Venering
Of Indeche Company) ana ing Batavia
Nalika kuwi Sultan Agung
Hanyakrakusuma, njabat dadi Raja Mataram taun 1613 – 1645 M utawa kanthi 32
taun. Keratonne ana ing Kedaton Plered. Nalika mangsa Pemerintahan Sultan Agung
Hanyakrakusuma, kuwasa VOC (Venering Of Indeche Company ) sing dipimpin
kaliyan Gubernur Jendral, sing pusate ana ing Batavia, terus meres rakyat lan
njupuk kasugihan alam indonesia terus, buktine yaiku gantine Pemerintahan
Gubernur Jendral sing mimpin VOC, pemerasan marang rakyat lan pengurasan marang
kekayaan alam Indonesia.
Pangeran Pojok utawa Pangeran
Surabahu lan maringi semangat kanggo
nyerang VOC (Venering Of Indeche Company) ana ing Batavia, Pangeran
Pojok Blora ngedohke fakta – fakta yen VOC (Venering Of Indeche Company) ora
mung dadol rempah – rempah, nanging uga kepingin nguwasani wilayah kanggo
nguwatake dagange nganggo dalan njajah. VOC (Venering Of Indeche Company)
kanggo nguwasani lan ngembangake
kuwasaan ngaggo dalan njajah nerapake politik Devide Et Impera Raja – Raja utawa para Adipati. Nganggo
rencana sing dikembangake dadi peperangan utawa kraman ana ing akeh wilayah.
VOC (Venering Of Indeche Company) . Arep mbantu salah sijine Raja utawa
Adipati sing ana konflik kasebut karo njaluk imbalan wilayah kerajaan utawa
kadipaten, lan ngadekake kantor – kantor VOC (Venering Of Indeche Company),
lan wilayah Nusantara dadi wilayah jajahan Belanda, kanthi 350 taun tekan taun
1942.
Pancen isih dadi nasib bangsa
Indonesia, rampung dijajah bagsa Belanda Indonesia ngalih dijajah karo bangsa
Jepang, para pemuda juang sing
dipelopori Soekarno lan Muhammad Hatta memproklamirke ing tanggal 17 – 08 –
1945. Sakwise proklamasi Kememardikaan
17 Agustus 1945, Belanda mbonceng NICA kanggo njajah Indonesia maneh, amarga
Belanda ngrasa akeh banget keuntungan kaliyan Njajah Indonesia.
Mbalik kiyan piye perjuangan Pangeran
Surabahu ana ngusir VOC (Venering Of
Indeche Company) ana ing Batavia lan strategi apa sing bakal Sunan Pojok
Blora terapake, kanthi Sunan Pojok Blor bisa menang, ora ketang menange kui mau
ora bisa di pertahanke.
Sunan Pojok nduweni strategi
pengamanan lan perang nglawan VOC (Venering Of Indeche Company).
Pangeran Pojok utawa Pangeran Surabahu ana nglasanakke tugas dadi
Panglima Perang utawa Pengamanan yaiku nganggo kepahlawanane Sultan Agung
Hanyokro kusumo, salah sijine yaiku Nyawiji,
artine antarane rakyat lan pemerintah kudu dadi siji mujudake cita – cita
negara. Nyawiji kuwi ana bagian lan arti dewe salah sijine yaiku nduweni
greget, artine nduweni semangat ingkang gedhe banget ana ing kehidupan
berbangsa (Rumongso Handarbeni. Hangrungkepi, Mulad Sariro Hangroso Wani =
ngrasa nduweni negara, kewajiban kagem mbelanya lan (selalu ) waspada kalih
sakabehe. Banjur Sengguh sarta ora mingkuh, artine kudu taat lan siap
nglasanakaken tugas akeh sing wis dadi tanggung jawabe.
Tugas
Sunan Pojok kuwi ketambahan nyiapaken Stok pangan lan perbekalan kanggo nyerang
VOC (Venering
Of Indeche Company)
ana ing Batavia. Ningkatake
persatuan lan kesatuan antara rakyat, pasukan perang lan pemerintahan ana ing
kathah wilayah.
Saka perjuangane Sunan Pojok Blora
kuwi mula serangan Mataram sing dipimpin Pangeran Surabahu,
pada tgl 20 nopember 1626 kuwi bisa menang , serangan karo VOC (Venering
Of Indeche Company) ana ing Batavia, ing tanggal 20
nopember 1626, saka Mataram wis dicatet ana ing perpustakaan Nasional. Kalahe
VOC (Venering Of Indeche Comp jasamany) kui, ora nyurutake semangat VOC (Venering
Of Indeche Company) kanggo nguatake
senjata lan ngembangake politik Devide
et impera lan para Adipatiing nglakoni kerjasama kaliyan Belanda (VOC), mula
sedaya wilayah Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat
Ing mangsa jabatan Gubernur Jendral
sing mimpin VOC ana ing perjalanan maksud lan tujuane dadi penjajah, kanthi pemerintahan
Sultan Agung Hanyakrakusuma, njabat Raja Mataram taun 1613 – 1645 yaiku :
Pletit Bath njabat 4 mangsa awit saka taun 1610 nganti
taun 1614, Gerard Reynest njabat 1 mangsa awit saka taun 1614 nganti taun 1615,
banjur Laurens Real njabat 4 mangsa awit saka taun 1615 nganti taun 1619,
banjur Jan Pietehszoon Coen njabat 4 mangsa awit saka taun 1619 nganti taun
1623, yen Pieteh de Carpenter njabat 4 mangsa yaiku awit taun 1623 nganti taun
1627, banjur Jan Pietehszoon Coen njabat 2 mangsa yaiku awit taun 1627 nganti
taun 1629 , banjur Jacges Specx njabat 4 mangsa yaiku awit taun 1629 nganti
taun 1632, banjur Jacges Specx njabat 4 mangsa awit saka taun 1632 nganti taun
1635 , banjur Antino Van Diemen njabat 9 mangsa yaiku awit taun 1635 nganti
taun 1645.
Pangeran
Pojok sakwise ngamanke wilayah Pati, Tuban, Gresik, Surabaya lan Pasuruan,
langsung dadi Adipati ana ing Tuban. Sakwise di angkat dadi Adipati ana ing
Tuban rikala taun 1619, entuk gelar utawa sebutan anyar yaiku Pangeran Sedah.
Nanging amarga Pangeran Pojok kjicedak karo rakyat lan pancen iseh sering
disebut Pangeran Pojok. Jeneng Pangeran Sedah, nduweni arti jabatan utawa kedudukan yaiku amanat utawa
titipan sing kudu di sampekke kanggo sing berhak lan tanggung jawab. Pangeran
Pojok dadi Adipati Tuban amarga bisa nglawan kraman utawa pemberontakan sing
kelakon ana ing wilayah Pati, Tuban, Gresik lan Surabaya. Pangeran Sedahdadi
Adipati ana ing Tuban wentara 42 taun, awit taun 1619 – 1661 lan Pangeran Sedah
tetep ngrangkap dadi Panglima Perang sing nyerang VOC (Venering
Of Indeche Company) ana ing Batavia. Awit Pangeran Sedah
utawa Pangeran Pojok lengser saka kedudukanne saka Adipati Tuban digenteni
adikke sing jenenge Pangeran Anom, amarga loro. Putrane isih cilik lan Pangeran
Sedah ana ing Blora nganti seda.
Para
Raja Mataram lan dinasti seterusse generasi penerus, sing dimulai sakwise
dianakake perjanjian sing jenenge “Perjanjian
Giyanti” taun 1755 M, sing asile perjanjian kui dikenal karo istilah “Palihan
Nagari”, maknane kerajaan Mataram saka penjajah Belanda dibagi dadi
rong bagian, yaiku. Kasunanan Surakarta Hadiningrat dipimpin karo Sinuwun Paku
Buwono III. Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat dipimpin Pangeran Mangkubumi,
banjur nduweni gelar “ngarsodalem Sampeyan dalem Hingkang Sinuwun Kanjeng
Sultan Hamengku Buono Senopati Hing Ngalogo Ngabdurahman Sayidin Panata Gama
Kalifatullah Hingkang Jumeneng Kaping I”
Dinasti
Mataram kuwi diterusake nganti saiki, yaiku Kadipaten Mangkunegaran ana ing
Surakarta lan Kadipaten Puro Pakualaman ana ing Ngayogyakarta. Ing ngisor iki
yaiku andaran singkat dinasti Mataram, ing Mataram ana Panembahan Senopati
(Danang Sutowijoyo : Ngabehi Loring Pasar) Putera K Rg.Panembahan /
Mataram Dalem kuto Gede njabat 19 taun awit taun 1582 nganti taun 1601,
banjur Panembahan Hanyakrawati (Sunan Hadi : Pangeran Seda Krapyak) Putera
Pangeran Senopati Kedaton Plered njabat 12 taun, awit taun 1601 nganti taun
1611 lan Gub.Jendral VOC Pletir Bath awit taun 1610 nganti taun 1614. Sultan
Hanyakrakusuma jeneng ing jaman cilikane yaiku RM.Jadmiko Putera Pangeran
Hanyakrawat Kedaton Plered, njabat kanthi 32 taun awit taun 1613 nganti 1645.
Banjur Susuhunan Hamangkurat I (Agung) Semare wonten Tegalarum utawi Tegalwangi
Putera S Rg Hanyakrakusuma Kedaton Plered, njabat kanthi 32 taun yaiku awit
taun 1645 nganti 1677 M.
Urut – urutan Raja –
Raja Mataram Saka taun 1582 – 1749
Keraton Surakarta
Hadiningrat
Panembahan Senopati Keratone
ing Kotagede
(Danang Sutowijoyo) 1582
– 1601 M
Panembahan Hanyakrawati Kedatone
ing Plered
(Sunan Hadi;
Seda Krapyak) 1601
– 1613 M
Sultan Agung Hanyakrakusuma Kedatone
ing Plered
(RM Jadmiko) 1613
– 1645 M
Susuhunan Hamangkurat I Kedatone
ing Plered
(Agung) 1645
– 1677 M
Susuhunan Hamangkurat II Kedatone
ing Kartasura
(Amral) 1677
– 1703 M
Susuhunan Hamangkurat III Kedatone
Kartasura
(Mas; Kencet) 1703
– 1708 M
Susuhunan Paku Buwono I Kedatone
ing Kartasura
(P Puger) 1708
– 1719 M
Susuhunan Prabu Hamangkurat IV Kedatone
ing Kartasura
(Jawa) 1719
– 1726 / 1727 M
Susuhunan Paku Buwono II Kedatone
ing Surakarta
1745
– 1749 M
Urut – urutan Sultan
Hamengku Buwono di Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat,
Ki
Ageng Pamenahan 1568
– 1575
Panembahan
Senopati 1575
– 1601
Panembahan Hanyakrakusuma 1601
– 1613
(Sultan Agung Krapyak)\
Sultan Agung Hanyakrakusuma 1613
– 1645
(Pahlawan Nasional)
Sunan Amangkurat I 1645
– 1677
(Mangkurat Agung)
Sunan Paku Buwono I 1677
– 1727
Sunan Amangkurat IV 1727
– 1755
(Mangkurat Jawa)
Sultan Hamengku Buwono I 1755
– 1792
(Pendiri – Yogyakarta)
Sultan Hamengku Buwono II 1792
– 1812
Sultan Hamengku Buwono III 1812
– 1814
Sultan Hamengku Buwono IV 1814
– 1820
Sultan Hamengku Buwono V 1820
– 1855
Sultan Hamengku Buwono VI 1855
- 1877
Sultan Hamengku Buwono VII 1877
– 1921
Sultan Hamengku Buwono VIII 1921
– 1940
Sultan Hamengku Buwono IX 1940
– 1988
Sultan Hamengku Buwono X 1989
– ….
Keraton Surakarta rusak amarga perang. Baginda Paku
Buwono II nduweni kepinginan mbangun keraton anyar miturute Paku Buwono II
Keraton sing arep dibangun mengko bakal dibangun ing etane kali Bengawan Solo.
Amarga miturut Tumenggung Honggowongso ana apikke yen Keraton di bangun ing sak
kulone Kali Bengawan Solo. Yen dibangun ing sak wetane kali Bengawan Solo
keuturunane Raja mung ping 3, nanging nek dibangun ning sak kulone kali Begawan
Solo keturunan Raja bakal akeh miturut agama Budha. Keraton dibangun ning Desa
Kedhung Lembu ning sak kulone kali Bengawan Solo. Arsitek sing mbangun Keraton
yaiku Gusti Pangeran Haryo Mangkubumi direwangi Tumenggung Honggowongso.
Keraton sing anyar jenenge “Surakarta Hadiningrat”, mbangun keratone suwene ana
setaun. Pas taun 1744 alat – alat upacara adat dipindahke saka keraton lawas
marang keraton sing anyar.
Dinasti
Mataram mung nganti PB III kanggo Keraton Surakarta Hadiningrat, Sultan HB II
kagem Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat lan Adipati Mangkunegara II kanggo
Kadipaten Mangkunegaran, kanggu ngubungake dinasti Mataram sing ana ing
Kadipaten Blora.
Syaikh
Amirullah Sayid Abdurrochim, Mbah Benun Wali Pojok Blora, utawa Sunan Pojok
Blora yaiku sebutan saka masyarakat khususse masyarakat kabupaten Blora sarta
tanda – tanda karamah Allah Subhanallah wa Ta’ala, sing diwenehke kanggo Sunan
Pojok Blora wis akeh sing ngerti lan Karamah – karamah Sunan Pojok Blora.
Jeneng
Mbah Benun Wali Pojok Blora, sing di sandang Sunan Pojok Blora diwenehke saka
Mbah Shohib, Bugel Jeporo, panjenengane Mbah Shohib dikenal dadi Kyai Sarkub
(Sarjana Kuburan), Mbah Shohib bisa ngomong karo ahli kubur. Wektu arep mbangun
Makam Sunan Pojok Blora lan mbentuk panitia kanggo mbangun makam Sunan Pojok
Blora, kenyataane akeh sing mundur saka calon panitia amarga ora wani lan ora
gelem didadekake panitia amarga akeh alesan ora wani amarga ditekani dening
Sunan Pojok Blora. Dina jumat K.H Muharor Ali, pengasuh pondok Khozinatul ‘Ulum
Blora, ngomong yen Mbah Shohib Bugel Jepara ana ing omahe lan nduweni kekarepan
saka calon panitia sing arep mbangun Makam Sunan Pojok Blora bisa teka ing
omahe Mbah Shohib lan bisa ketemu Mbah Shohib ning omahhe Mbah Shohib lan
kumpulkaro Mbah Shohib, K.H Mubarror Ali, H Abdul Sarpin lan Drs. H Haris
Tugiman, MM. Panjenengane Mbah Shohib menehi jeneng lan silsilah Sunan Pojok
Blora lan menehi saran – saran lan tata carane ziarah menyang Makam Sunan Pojok
Blora utawa Pangeran Pojok sing bener, kanggo calon panitia sing arep mbangun
Makam Sunan Pojok Blora lan sing arep ziarah menyang Makam Sunan Pojok Blora
lan supaya ngerti jeneng e kango Pangeran Pojok utawa Sunan Pojok Blora yaiku
Mbah Benun Wali Pojok Blora.
Jeneng
Sunan Pojok Blora kui cikal – bakal Kadipaten Blora, sing ndadekkake suri
tauladan kanggo pribadine manungsa, keluarga, masyarakat lan negara. Sunan
Pojok Blora yaiku Waliyuallah, kekasihe Allah amarga Sunan Pojok Blorayaiku
sosok hamba Allah kang nduweni pahala sing akeh banget beda karo manungsa –
manungsa liyane, pengabdian Sunan Pojok Blora utawa Pangeran Pojok bab mbelani
negara (Kerajaan Islam Mataram) lan wektu Sultan Agung Hanyokrokusuno dadi
Rajane. Sunan Pojok Blora yaiku kekasihhe Allah ta’ala sing diwenenhi Karamah
utawa keanehan utawa keistimewaan sing ora di nduweni karo manungsa – manungsa
liyane. Karamah sing dinduweni Sunan Pojok Blora ana karamah sing sifatte umum,
lan karamah bersifat khusus.
Karamah
– karamah sing di nduweni Sunan Pojok Blora dijaga kanthi temenan, diperhatekke
lan dianggep dadi ujian sing kudu di fahami, dihayati, lan diamalake kanggo
penghambaan saka awak kanthi tekan Allah Ta’ala, kanggo pemerintahan lan
masyarakat, kaya sing diperintahke dening Al – Qur’an lan Al – Sunah. Kaya jasa
- jasa Sunan Pojok Blora perjuangane mbela negara, perjuangane negakake
syari’at agama islam nganggo tarekat lan hakekat sarta olehe mimpin pasukan,
pemerintahan lan masyarakat, ora usah kaget sakumpama jenenge Sunan Pojok Blora
luwih saka siji yaiku : Pangeran Pojok, Pangeran Surabaya, Pangeran Surabahu,
Pangeran Sedah, Syaikh Amirullah Sayid Abdurochim lan Sunan Pojok utawa Mbah
Benun Wali Pojok Blora. Pangeran Pojok utawa Pangeran Surabaya, putera Pangeran
Ronggo Sedajoe, Pangeran Ronggo Sedajoe putera Pangeran Sedajoe. Pangeran
putera Sedajoe Putera Hadipati Sarengat ing nggarwani kaliyan Ratu Pekodjo.
Pangeran Pojok dados Adipati Tuban 42 taun awit taun 1619 – 1661.
Karamah
Wetara
ngandarake pemerintahan tansah pedoman karo Al – Qur’an lan Sunnah Nabi Agung Muhammad Saw. Miturut
Rasulullah Muhammad Saw, urip ning donya iki ibarat taman kembang, mula wonten
gangsal bab ingkang ndamel hal kang endah, semerbak lan wangi – wewangian,
inggih menika : Ilmune para Ulama (Ilmul ‘Ulama’)
karo ilmu sing dinduweni para ulama bisa mbimbing lan
nunjukaken umat karo kebeneran lan niggalake kebatilan.
Adile Para Panguasa (Ibaadatul ‘Aabidi)
karo kuwasane para penguwasa lan
nglindungi sing lemah lan ora nggawe sing kuat nggawe semena – mena, sahingga
hubungan antara sing lemah lan si kuat tetep bisa mlaku mlaku harmonis.
Ibadahe Para Hamba Allah (Ibaadatul ‘Aabidi)
ana ketekunan nglakoni ibadah hamba sing temtune wae
anggota masyarakat bisa njalin hubungan sing apik karo manungsa liyane.
Terpecayane
Para Pedagang (Amaanatut Tujjaar) Mula para dagang kabeh bisa mlaku jujur ora ngurangi
timbangan ora ndelikake kekurangan barang sing di adol. Tekune Para
Buruh utawi Karyawan (Nashihatul Mukhtarifiina) Mula para buruh utawa karyawan kui mau nglasanakaken
kewajiban sing apik senajan ora diawasi, temtuke wae bisa njaga keharmonisan
hubungan antarane sing sugih lan sing mlarat.
Ana apikke ya ana alane, Wonten hama – hama penyakit sing dirasakkeyaiku,
Dengki (Al - Hasudu) Ilmu Dengki kuwi
disebaraken karo iblis ing samping ilmu para ulama supaya para ulama metu
kedengkian antara para ulama sahingga ilmu para ulama sing dinduweni ora
kangokebutuhane rakyat, nanging digunakake nyilakake liyan. Dholim (Ad –
Dloolimu) Penyakit kuwi biasane nyerang
para panguasa sahingga boten malih berlaku adil, nanging malah nglakoni sak
wenang – wenang lan nindes kaan kaum sing lemah. Riya’ (Ar – Riyaa’u) Penyakit
kuwi biasane nyerang para ahli ibadah, sahingga ibadah e boten malih
ditujukaken marang Allah swt, nanging ditujukaken marang sakliyane Allah.
Curang (Al – Khiyaanatu) Penyakit menika biasane nyerang para pedagang,
sahingga nglakoni curang, salah sijine yaiku ngurangi timbangan, ndelikake
cacentat utawi cela barang dagangane kagem ngentukake untung sing luwih akeh. Menyeleweng
(Al – Inkaar) Penyakit menika biasane nyerang lan disebar para buruh utawi
karyawan, sahingga deweke males makarya lan misal marya sak kepenake dewe utawi
makarya nek di tunggoni majikane.
Pangeran
Pojok yakin, gusti Pangeran ora bakal ngumbarake hambane ngrasakake
kasengsaraan urin ning donya, senajan urippe ning akhirat kui luwih penting lan
luwih utama dibandingake karo urip ning donya
Ing
dina Grebeg Maulid taun Dal, sedaya Bupati tanah jawa nganti tekan ing Mataram
kanggo ngadep Sri Sultan ing dinten menika njabat dados Raja inggih menika
Susuhunan Hamangkurat I (Agung), bab tugas sing dadi Adipati Tuban, banjur
tekan panggonan Sunan Pojok Blora leren ana ing panggonan ngisor wit nangka,
amarga panggonan mau durung nduweni jeneng mula panggonan kui mau diwenehi jeneng Karangnangka. Amarga
panggonan kuwi mau isih alas, Sunan Pojok Blora lan anak buahhe nasak – nasak
(mbabat alas) lan panggonan kuwi diwenehi jeneng Desa Sasak. Sitik akeh Sunan
Pojok ninggali jeneng jeneng desa sing
ana ing Kutha Blora, salah sijine yaiku Karangnangka, Sasak, lan Alon – Alon.
Pralambang jeneng – jeneng Sunan Pojok Blora
Pojoking
perkoro utawa Hakekat, kuwi nduweni arti urippe manungsa ing bab ngibadah,
Surabaya kuwi nduweni arti wani ngadepi tantangan lan anceman, yen Sunan Pojok
Blora kuwi wani nglawan aangan yaiku VOC penjajah lan Jepang. Surabahu wani
nanggung beban lan tanggung jawab marang tugas sing di emban. Sedah (Pasrah) Wong
urip ing donya iki pancen kudu pasrah marang kersaning gusti. Waliyuallah.
Sunan
Pojok Blora nduweni akeh peninggalan ing kutha Blora.
1.
Jeneng – jeneng desa
sing ana ing kutha Blora
·
Karang nangka, jeneng
Karangnangka kuwi amarga bab
tugas sing dadi Adipati Tuban, banjur tekan panggonan Sunan Pojok Blora leren
ana ing panggonan ngisor wit nangka, amarga panggonan mau durung nduweni jeneng
mula panggonan kui mau diwenehi jeneng
Karangnangka
·
Sasak, Amarga panggonan kuwi mau isih alas, Sunan Pojok Blora
lan anak buahhe nasak – nasak (mbabat alas) lan panggonan kuwi diwenehi jeneng
Desa Sasak
·
Patalan, desa sing
panggonane ana ing sak lor e kutha Blora senajan wis rada pinggir saka kutha
nanging desa Patalan isih melu sak kecamatan karo kecamatan Blora. Asal usule
desa kuwi di jenengke Patalan yaiku amarga ing jaman Belanda para penjajah arep
mlaku wae kangelan, yen mlaku sikile kepetel yen nggawa sepeda rodane kepetel.
Saka tembung kepetel kuwi mula desa mau di jenengke Patalan.
·
Tambaksari, asalle saka
jaman biyen ana tambak iwak sing gedhe asille ya akeh banjur di jupuk sarine.
Banjur desa kuwi dijenengke Tambaksari, desa Tambaksari kuwi desa sing dadi
makam R.T Djojodipo, Bupati Blora kaping pisan.
·
Alon – alon, pangonane
ana ing tengah – tengah kutha Blora, bentukke bunder kang dadi panggonan sing
di enggo kumpul sak kutha Blora nalika ana acara gedhe.
2.
Makam Sunan Pojok Blora
Makam
Sunan Pojok Blora, dibangun amarga kanggo mindah Makame Sunan Pojok Blora makam
kui yaiku makam pindahan sing mindahke R.T Djojodipo, R.T Djojodipo yaiku
Bupati nomer I ana ing Kabupaten Blora, putrane Sunan Pojok Blora, sakdurunge
makam Sunan Pojok Blora ana ing Desa Pojok, Karangnangka, Kecamatan Banjarejo
Kabupaten Blora, lan makam kui awit dina kui dikelola karo Yayasan Sunan Pojok
Blora. Tepatte makam Gedong Blora, Jl.
Mr Iskandar I/1 Blora. Utawa ana sak wetane Alun – Alun kutha Blora
3. Masjid
Agung Baitun Nur
Masjid
Agung Baitun Nur dibangun dening Sunan Pojok Blora utawa Pangeran Pojok, Masjid
Agung Baitun Nur dibangun ana sak kulone kutha Blora, mesjid sing dibangun awit
taun 1718, bahan – bahan sing di enggo yaiku saka kayu mahoni, awit saka lawang
kuwi saka kayu mahoni sing umure kanthi tekan 300 taun tumeka saiki, lawang –
lawang sing di ukir ngango tulisan arab kuwi asli tatahan Sunan Pojok Blora
utawa Pangeran Pojok. Saka, jendela, langit – langit. Kayata mimbar, bedhug, pintu utama sing cacahe ana
telu.
Bangunan sing ana ing Masjid Baitun Nur Blora kuwi
isih asli kaya pas pisananan dibangun, durung nganti di renovasi utawa di owahi
bentuke namung teras ngarep sing di owah satitik. Akeh barang – barang kuna
peninggalane Sunan Pojok Blora sing disimpen ana ing Masjid Baitun Nur, kayata
Keris, Tombak, lan barang – barang kuna liyane sing sifatte barang kanggo
perang.
Nanging
barang – barang kuna peninggalan Sunan Pojok Blora kuwi di pindahke ing Omah
Dines Bupati Blora, perlune supaya barang – barang kuna kuwi bisa dijaga luwih
permati lan bisa dadi barang – barang bersejarah sing bisa dipamerke marang
anak putune ngemben. Barang - barang kuna mau dipindahke ya supaya luwih aman
lan migunani, senajan rada angel yen arep noton.
4. Omah
Dines Bupati Blora
Omah
Dines Bupati Blora isih digunakke kanthi saiki, sakliyane di enggo Omah Dines
Bupati Blora, Omah Dines Bupati kuwi uga di enggo yen ana acara – acara gedhe
ing Kutha Blora, salah sijine yaiku nalika dina dadine kutha Blora. Omah Kutha Blora sing
panggonane ana ing pusatte kutha kuwi ya di manfaatke di enggo lomba – lomba,
sing sifatte ngliput kutha gedhe missal sak Jawa Tengah.
Selama
uripe Sunan Pojok Blora ngadikake urippe marang pemerintahan Kerajaan Mataram,
marang Masyarakat utawa rakyat, sahingga Sunan Pojok Blora terkenal banget,
buktine yaiku akeh banget jabatane, yaiku : Panglima Perang, Adipati lan
jabatan ana ing donya di culake lan Sunan Pojok Blora dadi waliyuallah. Dasa
nama Sunan Pojok Blora kui ngambarake falsafah urip lan uripe liyan ana ing
masyarakat, negara. Tindak tanduk e pantes ditiru ana ing urip bermasyarakat,
berbangsa lan bernegara sing paling utama ana ing urip dadi hamba Allah
subhanallah wa Ta’ala.
Maksud saka falsafah kui yaiku :
Sunan Pojok Blora utawa Pangeran Pojok, putrane Pangeran Ronggo Sedayu, putrane
Ratu Pekojo, putrane Ratu Pekojo (Ratu Prakojo) ing Kartosura, putrane Sunan
Kudus (Kanjeng Susuhan Kudus utawi asma alite Raden Ja’far Shodiq), putrane
Sunan Ngudung (Raden Usman Haji / Raden Said Umar Haji / Sayid Usman Haji),
putrane Ratu Fatimah bojone Khalifah Kusen, putrinine Sunan Ngampel (Raden
Rahmat) bojone Raden Ageng Manila utawa
Dewi Conrowati putri Raden Tumenggung Arya Tejo Bupati Tuban, Sunan Ngampel
putrane Sutan Surajudi / Ibrahim Al Ghozi utawa Maulana Ibrahim Asmoro,
putrane Ibrahim Asmoro Gondhi utawa Jamaludin Husen (Syaikh Jumadi Cobro)
putrane Sayidina Abdurrahman putrane Sayidina Imam Abdullah, putrane Syaikh
Askar, Putrane Syaikh Kasa, putrane
Syaikh Semangun, putrane Nahmudinil Kabir, putrane Sayidina Jenal Cobro,
putrane Sarif Imam Sofie, putrae Sultan Jahed Jenal Kabir, putrane Sarif Sultan
Sulaiman, putrane Sarif Sultan Wald Jenal Ngalim, putrane Sayidina Wamaulana
Sultan Kabir Muhammad Ali, putrane Sayidina Sultan Abu Abdullah Kuse, putrane
Siti Fatimah bojone Sayidina ali Karomallahu Wajhah, putrine Nabiyuallah wa
Rasulullah Muhammad Shallallahu wa salim.
Silsilah
Sunan Pojok Blora
Rasulullah
Muhammad SAW
Siti
Fatimah + Sayidina Ali Karamallahu Wajhah
Sayidina
Wamaulana Kabir Muhammad Ali
Sarif
Sultan Wahid Jenal Ngalim
Sarif
Sultan Sulaiman
Sultan
Jahed Jenar Kabir
Sarif
Imam Sofie
Sayidina
Jenal Cobro
Nahmudinil
Kabir
Syaikh
Semangun
Syaikh
Khusen
Syaikh
Askar
Sayidina
Imam Abdullah
Sayidina
Abdurrahman
Ibrahim
Asmoro Qondi
Sultan
Surajudin
Ibrahim
Al Ghozi
Maulana
Ibrahim Asmoro
Sunan Ngampel
Raden Rahmat
Sunan
Ngudung+ Siti Syrifah
Dewi
Syafiah binti Sunan Ngampel
Sunan
Kudus
Kanjeng
Susuhunan Kudus
Raden
Ja’far Shodiq
Ratu Pekojo
Ratu Prakojo
Pangeran
Sedayu
Pangeran Pojok
Pangeran
Surabaya
Pangeran Sedah
Syaikh Amirullah
Sayid Abdurrochim
Mbah Benun Wali
Pojok Blora
Sunan Pojok
Blora
Sunan Pojok Blora nduweni anak telu
yaiku Pangeran Kleco, di makamke ana ing Kudus, komplek Makam Sunan Kudus,
Pangeran Joyo Dipo, Bupati I Kadipaten Blora, dimakamke ana ing Blora, komplek
makam Sunan Pojok Blora, tepate ana sak wetane Makam Sunan Pojok Blora, Pangeran
Dipoyudo, sing kaping pisan makamipun ana ing Desa Tambaksari Blora
Tidak ada komentar:
Posting Komentar