NELANGSA
Seseg rasane dada
iki,,,
Lara rasane ati iki,,,,
Wong kang dadi
pepujaning ati
Ora kanyana malah
mblenjani janji
Sliraku pancen trah ing
wong papa
Kang tan nduweni bandha
donya
Amung kanugrahan rasa tresna
Lan rasa welas asih
marang sasama
Yen sliramu pancen tega
gawe cidra
Aku amung bisa pasrah
lan narima
Sanajan ati iki banget
nelangsa
Kabeh tak pasrahake
marang gusti kang maha kuwasa
Muga sliramu bisa urip
mulya
Tinebihna saka sadaya
pancabaya
Antuk jodho wong kang
utama
Ora kaya aku kang ora
duwe apa-apa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar