Aku
amung kenya padatan
Dudu Wara Sumbadra
Kang
bisa anduweni garwa
Para
Pandhawa kang kaloka
Ing jagading pewayangan
Anggayuh sadayaning sih tresna
Aku amung kenya biyasa
Tan bisa kadya Sumbadra
Bisaku
amung ngrakit ukara
Ukara
kang ora sepiraa
Sauger
bisa nguntabake sakehing rasa
Dadya
tembanging nala
Rikala wengi, sepi sansaya ndadi,
lan mripat tan nendra
Sun coba ngrakit ukara mawa bawa lan
rasa
Bisaa ngrajut talining rasa
Kabanjur tempuk netraku klawan netra
sira
Tidak ada komentar:
Posting Komentar