A. Purwaka
Salebetipun ngelmu pedhalangan, tembung “sulukan”
menika kados sampun limrah. Nalika dhalang mbabar cariyos ing pagelaran
ringgit, temtu kemawon dipun-sarengi sulukan pinangka suka reseping pagelaran
tuwin mratelakaken suraosipun cariyos. Sedaya lelagoning dhalang ingkang
awujud; lagon, kawin, ada-ada lan sapanunggalanipun menika kawastanan sulukan.
Sulukan minangka salah satunggaling perangan pagelaran ringgit saged
kasekaraken ing sasuwuking gangsa; kangge ngombangi ungeling gangsa lan sapiturutipun.
Gegayutan kaliyan iringan gangsa, temtunipun
sulukan menika kedah kajumbuhaken kaliyan pathetipun gangsa tuwin sawarnining
raos utawi kawontenaning adegan ringgit pakeliran. Kadosta: lagon
Tlutur tumrap ingkang mengku raos prihatin, susah lan sapanunggalanipun; Kawin
tumrap ingkang mengku raos greget utawi minangka pangunggaring raos; ada-ada
tumrap ingkang mengku raos nepsu lan sasaminipun.
Kangge mujudaken edining sulukan, pramila kedah
mangertosi lagu utawi titi laras, basa, tuwin sastranipun. Menawi katitik
saking titi laras saha pathetipun, sulukan ing pedhalangan mliginipun ing
wewengkon Jawa Tengah lan DIY menika saged kapilah dados tiga; pathet nem (6),
pathet sanga (9) lan pathet manyura (Haryanto, S, 1998: 5). Pathet nem (6)
minangka gegambaraning swasana netral, pathet sanga (9) minangka
gegambaraning swasana radi geger utawi rame, saha pathet manyura minangka
gegambaraning swasana ingkang ewah dados dinamik mbetahaken putusaning
perkawis.
Salajengipun panganggene basa ing sulukan
(Jateng-Jatim) menika saged kawastanan basa ingkang arkhais,
tegesipun basa ingkang sampun boten limrah kangge padintenan. Kawontenan
makaten jumbuh kaliyan kawitaning cariyos ringgit utawi sastra sulukan inggih
saking jaman Jawi Kina. Pramila basa ingkang dipun-ginakaken umumipun basa Kawi
ingkang njalari raos luhung, saged ugi wingit. Tumrap jaman samenika,
tembung-tembung Kawi kalebet tembung ingkang awis panganggenipun kepara malah
sampun dipun-lirwakaken dening saperangan tiyang Jawi piyambak. Kamangka ing salebetipun
karya sastra kadosta sulukan ingkang mawi basa Kawi menika, estunipun
ngandhut seni sastra (kagunan basa) ingkang inggil.
Kanthi kawontenan ingkang kados makaten, pramila
perlu ngupiyakaken kadospundi mbangun memitran kangge nggesangaken kepara
ngrembakakaken basa- sastra-budaya Jawi. Salah satunggalipun kupiya menika
saged katindakaken kanthi tembayatan kaliyan sanggar-sanggar sastra Jawi,
pawiyatan beksan, pawiyatan karawitan, kalebet mbangun memitran kaliyan
pawiyatan pedhalangan.
B. Underaning Pirembagan
Adhedhasar andharan ing ngajeng, pramila badhe
kaandharakaken tuladha sulukan, titilaras, suraosing cakepan tuwin
gegayutanipun kaliyan cariyos ringgit. Kaajab kanthi ngudi saha nggegulang
sulukan menika saged ndadosaken pisumbang tumrap kupiya nglestantunaken,
ngrembakakaken, sarta majengaken basa-sastra-budaya Jawi.
1. Lagon Slendro Pathet Nem Wantah
(Ageng)
tumrap Jejer Kapisan
3
3 3
3 3
23 235
5 5
5 3 35
Leng-leng
ramya ni- kang, sa-
sang-ka ku- me-nyar,
6.53.532
6
6
6 6
6 6165
5 21216
o…..,
mang-
reng- ga rum
- ing pu –
ri o….
3532
2
2
2 2
12
3 5356
3 5
32 2
mang – kin tan
- pa si –
ring, ha
- lep i
- kang
u- mah,
235
235
2
2
2 21
6165 6
mas
lir mu -
rub- ing la
- ngit, o…,
12
2
2
2
2
12 1.2.16.53.5.6.532
tek-
wan sar -
wa ma -
nik, o…,
2
2
2
2
2 1
2 6165 21216
3532 2
ta - wing -
nya si - na
- wung, o….,
o…., sak – sat
2
2
2
2
12
3 5356
2
2
21 1216 12
se -
kar si - nu
- ji,
ung- gwan Bha-
nu- wa-
ti, o…,
3
5356 3
5
32 2
235 235
2
2
2 21
yan
a- mrem
a- la-
ngen, lan
na-
ta Dur-
yu- da
6165
6
12
2
2 2
2
2 12
1.2.16.53.5.6.532
na,
o…, lan
na-
ta Dur-
yu- da- na,
o….
———–
Katrangan tembung-tembungipun:
Leng-leng (lengeng): anglam-lami, nengsemaken
(Mardiwarsito, 1981: 316)
ramya: endah (Mardiwarsito, 1981: 462)
sasangka (cacangka): rembulan (Mardiwarsito,
1981: 564)
kumenyar
(kumenar): sumorot,
sumunar (Poerwadarminta, 1937: 235)
mangrengga ruming puri: ngrengga kaendahaning
puri (kedhaton, keputren)
mangkin tanpa siring: saya tanpa tandhing, tan
ana ingkang madhani (endahe)
halep ikang umah mas: endahe suyasa(gedhong) emas
kencana
lir (lwir) murubing (murub ring) langit: kadya
sumunar ing akasa utawi langit
tekwan: sarta, lan, apamaneh (Mardiwarsito, 1981:
595)
sarwa (sarwwa) manik: maneka warni sesotya
tawing: tebeng, aling-aling (Mardiwarsito, 1981:
591)
sinawung: linapis, dipun salut
suji: 1. eri, sunduk, 2. sulaman, renda
(Mardiwarsito, 1981: 543)
saksat sekar sinuji: kadya sekar rinonce
unggwan: papan (Poerwadarminta, 1937: 443)
Yan amrem alangen (alango) lan nata Duryudana:
menawi sare alelangen (sih-sinisihan) kaliyan Prabu Duryudana.
Suraosipun cakepan:
Endah anglam-lami (warninipun) rembulan ingkang
sumunar ngrengga memanising puri (kedhaton), (njalari) endahing negari Astina
tanpa tandhing. Endahipun suyasa kencana (griya emas) sorotipun sumunar kadya
murub ing langit. Punapa malih tebengipun linapis sesotya maneka warni kadya
sekar rinonce. Nenggih papan padununganipun Dewi Bhanuwati, menawi sare
alelangen kaliyan Prabu Duryudana.
Sekar menika kangge sulukan jejer Kawitan,
mliginipun jejer nagari Hastina. Cengkok ingkang dipun-ginakaken inggih menika
cengkok Mangkunegaran. Menawi katitik saking tembung-tembungipun, isi sekar
menika kalebet nyandra kaendahanipun nagari Hastina ing wanci dalu pinuju
padhang bulan. Sekar menika kasebat sekar Sardulawikridita, tegesipun
dolanan sima. Nalaripun sima utawi macan menika satunggaling kewan ingkang
ageng, nalika tilem katon nengsemaken. Ananging sasampunipun tangi saged
ndadosaken bilahining manungsa utawi kewan sanes. Samanten ugi nagari Hastina
ingkang katon endah, sayektosipun mbebayani tumrap negari sanes. Awit,
Duryudana sarta kadangipun (Kurawa) tansah ngumbar kanepsoning dhiri, ancasipun
sageda ngatroni negari ingkang tanpa tandhing.
2. Ada-ada Girisa Laras Slendro Pathet
Nem
3
5
3
5
6 2
Le- ngeng
ga-
ti- ning kang
3
5
3
5
6 2
ha-
wan sa-
bha sa- bha
6.12.31216
6
6
56 5.653
ni-
king Ngas-
ti- na
1.2
6
2
1
2 3
sa -
man- ta-
ra
te- keng
2
2
6
2
3 3
Te- gal
Ku-
ru
na- rar-
2
2
2
2 1.216
ya
Kres- nan
la- ku
3
5
3
5
6 2
si-
rang Pra-
su- ra-
ma
3
5
3
5
6 2
myang
Kan-
wa Ja-
na- ka
6.12.31216
6
6
56 5.653
du-
lur Na-
ra- da
12
6
2
1
2 3
ka-
pang- gih
i- ri-
kang
2
2 6
2
3 3.532
te-
gal mi-
lu kar-
ya
2
3
5
56 5653
Sang-
a
Bu- pa- ti
5.32
3
5
56 5653
Sang-
a
Bu- pa- ti
————–
Katrangan tembung-tembungipun:
Lengleng (lengeng): endah, nengsemaken, asri
(Mardiwarsito, 1981: 316)
gati: kawontenan (Mardiwarsito, 1981: 187)
hawan: margi (Mardiwarsito, 1981: 215)
sabha: papan pirembagan, bangsal, pendhapa kraton
(Mardiwarsito, 1981: 486)
samantara: boten antawis dangu
Tegal Kuru: ara-ara Kuru
nararyya : nara
(tiyang) + arrya (minulya) “Prabu” (Mardiwarsito, 1981: 364)
Kresnan laku: Kresna + an (anggenipun) + laku =
tindakipun Prabu Kresna
sirang: dheweke, panjenenganipun (Mardiwarsito,
1981: 533)
Sirang Paracurama, myang Kanwa: Panjenenganipun
Paracurama kaliyan
Kanwa
Janakadulur Narada: Janaka + adulur + Narada=
Janaka sesarengan kaliyan
Narada
Milu ri karrya: tumut mbiyantu ayahan, panggaotan
Bhupati: bhu (bhumi) + pati (pangageng)= raja,
ratu
Suraosipun cakepan:
Endah, asri, nengsemaken kawontenan margi ingkang
tumuju dhateng bangsal Hastina (Ngastina). Samantara tindakipun Prabu Kresna
dumugi ing Kuru (ara-ara Kuru) kepanggih kaliyan Paracurama, Kanwa sarta Janaka
(ingkang sampun asalira dewa) sesarengan kaliyan Bathara Narada. Sedaya menika
sami tumut mbiyantu pakaryanipun Prabu Kresna (minangka dhutaning Pandhawa).
Sekar menika kawastanan sekar tengahan Girisa
cengkok Ngayogyakarta, ingkang nyariyosaken Prabu Kresna duk nalika dados
dhutaning Pandhawa tindak dhateng nagari Ngastina nedya ngantepi tekadipun
Kurawa (Duryudana). Menggah suraosipun tekad Kurawa menika, supados Pandhawa
ngulungaken wewenangipun (sepalihing nagari Ngastina) menawi boten sarujuk
ateges milih dumadosipun perang Bharatayudha.
Kanthi panyengkuyungipun Rama Parasu (Paracurama
utawi Rama Bargawa), Kanwa (resi), Janaka (ratu ing Mithila utawi Manthili),
sarta Bathara Narada, Prabu Kresna lajeng tindak dhateng Ngastina saperlu
ngayahi jejibahan minangka dhutaning Pandhawa. Tiga-tiganipun (Rama Parasu,
Kanwa sarta Janaka) yektosipun sampun seda mila asalira dewa.
3. Lagon Slendro Pathet Sanga Wetah
2
2
5
5
2
2
2 12
Ka-
yon ka-
ti- yup-
ing
a- ngin
1
1
1
1
12
16
61 1
su-
myak swa- ra-
ne
ka-
re- ngyan
3
3
3
3
2 23
12 2
sa-
mi- ra-
na ma-
wor ri-
ris
2
35
5
5
56
53
3.5 5
lu-
mrang gan- da-
ning pus-
pi- ta
6.1
1.612 61.65 2.1.6
a-
e
a- na
1
1
1
1
12
16
6.1 1
ti-
ti
so- nya
ma- dya ra-
tri
2
2
2
2
2 2
2.1 6.1.6.5
ra-
ras ru-
men- dheng
a-
ka- sa
————–
Katrangan tembung-tembungipun:
Kayon: kayun utawi kajeng, gunungan ing wayang
(Poerwadarminta, 1937: 180)
sumyak: rame, gumyak (Poerwadarminta, 1937: 573)
Karengyan (renge, rengyan): terdengar
(Mardiwarsito, 1981: 471)
samirana: angin (Poerwadarminta, 1937: 542)
riris: lembut, alon (Mardiwarsito, 1981: 477)
lumrang (lumra): sumrambah, mratani
(Mardiwarsito, 1981: 326)
titi sonya: wekdal ingkang sepen, suwung
(Poerwadarminta, 1937: 574)
Madya ratri: tengah wengi
Raras: laras, endah (Mardiwarsito, 1981: 464)
Suraosing cakepan:
Kayon katiyuping angin,
rame swantenipun kapireng,
angin angidid alon,
sumrambah gandaning sekar,
wancinya wus tengah wengi,
laras rumendheng ing akasa.
Cengkok lagon ing nginggil ngginakaken cengkok
Ngayogyakarta. Lagon menika pratandha ngancik pathet sanga ing ringgit purwa
menapa dene kangge malik pathet ing gendhing. Kanthi lagon menika sinarengan
kayon ingkang dipun-tancebaken tegak lurus (ing pagelaran ringgit purwa)
mratandhani wiwiting “gara-gara”. Kawontenan menika nedahaken bilih pagelaran
ringgit sampun ngancik ing madya ratri ( wayah tengah wengi).
4. Lagon Slendro Pathet Manyura Wetah
3
3
3
3
3
3
3
3 3
3 3
Meh
ra-
hi-
na
se-
mu bang hyang
ha- ru-
na
3
3
3 3532
2 2
2
2 12
ka-
di
ne- tra-
ning o-
gha ra- puh,
3
3 3
3 3
3
356 6 6 6
6 6 6
56 2123
sab- da- ning ku-ki-
la ring
ka-ni- ga- ra sa-
ke-
ter, 0….,
3 3
3 3
3
23
21 1
1
1
1
1
1 1
ni ki- dung ning a-
kung, lir
wu- wus-
ing wi-
ni- pan- ca
612
2
2
2
2
2 2
12
la-
wan pa-
pe- tak-
ing a-
yam,
3 23 2
2 21 6
3 3 3
3 3 23
23 21 1 1 1
1 1 12
wa-na ring pa-ga-gan,
mrak ma-ngu-wuh bre-ma-ra ngra-ba-sa
ku-su-ma ring,
2
12
6
6
616 53
pa-
ra- ha-
syan a- rum
————–
Katrangan tembung-tembungipun:
Meh rahina: meh enjing, wancinya ndungkap rahina
(Mardiwarsito, 1981: 457)
semu bang: radi abang (langit sisih wetan ingkang
katon semburat abrit)
Hyang Haruna: Hyang Arkka, Hyang Aditya, Hyang
Surya, srengenge
ogha: sesakit mripat / duka asmara (Mardiwarsito,
1981: 384)
rapuh: kesel, lesu, lungkrah, nglokro
(Poerwadarminta, 1937: 521)
kadi netra ning ogha rapuh: kados abritipun netra
ingkang ngleresi sakit
sabdaning kukila: anggunge peksi, swantening
peksi engkuk
kanigara: kembang matahari (Mardiwarsito, 1981:
265)
ring kanigara: ing wit kanigara
saketer (keter): kados geteripun (Mardiwarsito,
1981: 282)
kidung: tembang, sekar
kung: sakit asmara,
nandhang brangta, kasmaran (Mardiwarsito, 1981: 298)
akung: nandhang brangta, kasmaran
saketer ni kidung ning akung: kados geter
kidunganipun tiyang ingkang nandhang kasmaran
winipanca: kecapi India (Mardiwarsito, 1981: 686)
lir wuwusing winipanca: kados swanten siteripun
tiyang Indu
papetaking ayam wana: swantenipun ayam wana
pagagan: papan / siti ingkang katanem pari gaga
(Poerwadarminta, 1937: 456)
mrak manguwuh: peksi merak nyengungong
(ngundang-undang)
bremara ngrabasa kusuma: kombang, tawon ingkang
ngrisak sekar
parahasyan (rahasya): papan wadi, senthong
patileman, kamar pasarean (Mardiwarsito, 1981: 457)
arum: endah, wangi (Mardiwarsito, 1981: 78)
Suraosing cakepan:
Wancinipun meh ndungkap enjing srengenge (langit
ing sisih wetan) katingal semu abrit, kados netra ingkang ngleresi sakit,
anggunging peksi engkuk ing wit kanigara
anggeteri,
kidungipun tiyang ingkang nandhang kasmaran,
kadya ungeling siteripun tiyang Indu,
kaliyan swanten ayam wana ing pagagen,
peksi merak nyengungong undang-undang,
kombang tawon mangrurah (ngrisak) sekar ing
pasarean endah.
Cengkok sekar ing nginggil menika ngginakaken
cengkok Mangkunegaran. Wondene lagon slendro pathet manyura wetah utawi sekar Wisarjita
menika (ing pagelaran ringgit purwa) kangge sulukan ing wanci ndalu ndungkap
enjing. Tembung manyura saking basa Kawi ‘mayura’ ingkang tegesipun peksi
merak. Dados pathet manyura tegesipun pathet merak, awit pathet menika
panganggenipun menawi sampun perak enjing, watawis pukul tiga (03.00) dalu /
dungkap enjing.
Lajeng, suraosipun sekar menika nyariyosaken
candraning alam negari Ngastina (Hastina) ing wanci dalu ngajengaken gagat
rahina. Nalika samana Prabu Kresna minangka dhutaning Pandhawa sare wonten ing
suyasa (gedhong) padamelanipun Sang Widura, saderengipun nindakaken ayahanipun
pirembagan kaliyan Kurawa. Dados, Prabu Kresna dereng priksa antebing tekad
Prabu Duryudana ingkang badhe ngrekadaya Pandhawa.
C. Panutup
Saestunipun taksih kathah sulukan ingkang dereng
kaandharaken ing makalah menika. Kaajab, mugi kanthi seserepan satleraman
menika saged nggigah pikajeng nggegulang saha ngudi asiling kabudayan luhung
tiyang Jawi. Salah satunggaling materinipun inggih menika sulukan. Kanthi ngudi
utawi nyinau cengkok sekaripun ateges ngudi endah saha reseping sulukan.
Samanten ugi kanthi ngudi suraos cakepaning sulukan ateges ngudi endah saha
werdinipun basa tuwin sastra ing salebetipun.
Gegayutan kaliyan wigatosing rekadaya Program
Studi Basa lan Sastra Jawa mbangun memitran kangge ugurip-nguripi
basa-sastra-budaya Jawi temtunipun sadaya kalawau saged dipun-leksanakaken
kanthi tembayatan kaliyan sanggar-sanggar sastra, sanggar seni Jawi, pawiyatan
pedhalangan lan sanes-sanesipun. Ingkang baku
murih ngrembakaning basa-sastra-budaya Jawi, mbetahaken kawigatosan saking
instansi menapa dene pribadi masyarakat Jawi piyambak.
Mugi sedaya kalawau migunani tumrap majenging
saha ngrembakaning basa-sastra-budaya Jawi.
Kapustakan
Carita, Ki Narya. 1993. Serat Pedhalangan
Lampahan Bale Segala-gala. Surakarta:
Cendrawasih
Darsomartono, S. 1978. Sulukan Ringgit Purwa
Wacucal Cengkok Mangkunagaran. Surakarta:
Yayasan PDMN
Haryanto, S. 1988. Pratiwimba Adhiluhung
Sejarah dan Perkembangan Wayang. Jakarta:
Djambatan
Mardiwasito, L. Kamus Jawa Kuna – Indonesia.
Flores: Nusa Indah
Mudjanattistomo, sakanca. 1977. Pedhalangan
Ngayogyakarta. Ngayogyakarta: Yayasan Habirandha
Poerwadarminta, WJS. Baoesastra Djawa. Batavia: JB.
Wolters-Groningen
Windradi, Nanang. 2002. Suluk, Kawruh
Pedhalangan lan Macapat. Surakarta:
Cendrawasih
Tidak ada komentar:
Posting Komentar