Kamis, 04 Desember 2014

Dak Kukuhi Budayaku



Dak Kukuhi Budayaku

Gamelan kae, wayang kae, lan tetembangan kae
Warisan luhur para leluhur
Gene saiki kok wiwit kasingkur
Satemene ana apa?

Apa gamelan, wayang, lan tembang kae
Wis ora gawe sengsem tumrap sliramu
Banjur sing kok remeni kuwi apa?
Sing mbok bombongake kuwi apa?

Yen aku, sanajan aku iki dudu sapa-sapa
Ora duwe kuwasa apa-apa
Aku duwe pepenginan, nanging ora mung pepenginan
Dak kukuhi Budayaku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar