Mutering
rodha koripan
Mega
klawu ing bang wetan
Wus
kasaput dening maruta
Sekar-sekar
katon mekar
Mangsa labuh ing pategalan
Nganti wayah surup makarya
Wengi kang wus sonya
Kapange mesthi kumat
Kenapa...?
Marga
aku ing kutha
Kajiret
dening sutra
Lan
dadi angka
Durung mari kapang
Ing wengi, iline kali dak pecak
Golek-golek citra pasuryan
Sanajan ta iku dosa
Lan
yen mega
Wus
tumeka ing esuk ing dina kang anyar
Bakala
bali, nlusur ing andhaning dhandhanggula
Ngaras
maneh tegal
Tidak ada komentar:
Posting Komentar