Anggita-dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana kaping IV.
Sekar Dhangdhang-gendhis; 64 pada.
1.
Sapangate kang sun tedha singgih,
sun amurwa Ki Purwa-duksina, apitutur ing rabine, sedalu tanpa turu, garwanira
den pituturi, pratingkah ing ngagesang,pacuwan ja tungkul, den bisa ataken
basa, waspadaa sira marang sarireki, pacuwan tingalira.
2. Baya iku
yen tan den kawruhi, sayektine akeh wong kasasar, dene akeh renca/nane, yen
sira sampun weruh, ing jatine sarira iki, saksat wruh ing Pangeran, iku
jatenipun, aja ta kang kaya sira, lamun ora kena rencananing ngiblis, mangkona
Nabi Adam.
3. Prandene
neng jroning swarga-di, pan kagodha dening belis laknat, prandene wus limpat
reke, aja kaya sireku, sira malih ta yayi mami, dene dereng uninga, jatining
pangawruh, prayoga atatakona, ariningsun tingal kang nyata ing ngurip, iku
pagurogena.
4. Garwanipun
anauri aris, inggih nuwun pangandika tuwan, muga tulusena sihe, ing bodho
katengsun, sapa sinten kang ngamadhangi, yen dede karsa dika, atulung marga-yu,
Purwa-duksina angucap, pira bara yen ana sih ing Hyang Widdhi, atulung marang
sira.
5. Pituturingsun
mring sira yayi, lamun ingsun yayi sampun [pejah], akramaa sira mangke,
abektiya mring kakung, aja kaya amba ta iki, den olih / kakung toma, miwah yen
amaguru, ngupaya kang ngutoma, ing jenenge tigang prakara ya kaki, iku
den-ulatana.
6. Kang
kariyin pandhita wiladi, kaping kalih aboja-kirana, ping tigane iku mangke,
pandhita amarsantun, iya iku pandhita aradin, lah iku gurokena, yayi mirah
ingsun, garwane aris aturnya, kadi pundi tuduhe pandhita singgih, miwah
boja-kirana.
7. Lawan
pandhita amarsantuni, padhangena amba dereng wikan, Purwa-duksina wuwuse,
pandhita wiladiku, ingkang sareh wuwusireki, tan wuruk sudi karya, barang lakon
ingsun, tanpa dudoh aranira, ing wuwuse
raharja teka lestari, satuhune pandhita.
8. Anadene
amarsantun iki, angatoken mulyaning sarira,kebag ing jagad pujine, sausike
puniku, mapan iku wus dadi siji, mangan turune ika, dadi pujinipun, tekan
wulu/ne salembar, karentege iya tansah dadi puji, iku pandhita
mulya.
9. Pandhita
boja-kirana iki, tan pegat reke amangun tapa, amadhangi sarirane, anyegah
nepsunipun, datan pegat amangun nepi, saciptane wus nyata, tan ana kadulu,
sampun waluya sadaya, pangistune tan ana kawula swasti, wus karem marang ngora.
10. Kang
ngaja sira guroni iki, kang pandhita dadi kang mangkona, limang prakara
kathahe, pandhita sipat iku, kang ru miyin puniku dadi, pandhita olah kardha,
kapindhone iku, aja dursila ta ika, kaping pate kadanan pasungsung iki, iku aja
mangkona.
11. Tegese
dadi sawiji-wiji, kang pandhita sipat mangke ika, sondoyan paes gawene, ana
macapat iku, doyan sajen wawatekneki, ngucap daya mangana,mrih kacangcang iku,
gawene sok doyanuwang, genthong ngumus pandhita madya / puniki, iku den
singgahana.
12. Iku kang
ngaja sira guroni, iya iku cacade manusa, dene ta akeh dudune, nadyan sugiya
ngilmu, yen mengkono dudu wong singgih, iku wong kabelasar, tuhu yen wong
kupur, pakaryane ora ana, ngilmunipun den urupaken tan bunti, de karya
pangasilan.
13. Jamake
akeh ngilmune pancing, akeh wong guguru kasambitan, dene akeh panyawise, singa
katon den jaluk, arara mumundur tan keni, akeh wong anelasar, ing pangrungon
ingsun, iku silih salah mongsa, angguru anut tawon kambu pan iki, boya etung
ing temah.
14. Iya iku
yayi den pakeling, aja sira yayi ta mengkona, iku siya-siya bae, miwah yen
anggeguru, takokena ujar kang ngiki,ingkang wolung prakara, den-tetela iku,
wiwitan mas kawin Allah, lan Muhkama/d ping kalih aras lan kursi, iku
den-takokena.
15. Kaping
tiga sri kawin ing wengi, lan rahina ping sakawan ika, lintang kallawan
ngilmune, kaping limane iku, mas kawine jalu lan estri, iku lah takokena,
kaping neme iku, mas kawine wulan ika, lan srengenge bumi langit iya iki, iku
yatakokena.
16. Ping wolu
mas kawin suwarga-di, lan naraka iku takokena, den tetela ing lungguhe, mapan
akeh katungkul, ujar iku kang den kawruhi, yayi pagurokena, ing sapungkur
ingsun, garwane aris aturnya, inggih nuwun saking sih andika gusti, nuwun
kawulakena.
17. Kadi
pundi padhange puniki, ingkang ngaran mas kawin ing Ngallah, lan Muhkammad-di
jatine, lintang lan ngilmu iku, miwah ing Ngaras-kursi singgih, kawula
padhangena, saking kula tungkul, andika pajarwa/nana, sapuniki mas kawine rina
wengi, tuwan tetelakena.
18. Purwa-duksina
amuwus aris, areningsun wong ngayu mas mirah, mas kawin Allah tegese, lawan
Muhkammad iku, patemone nur roh lan iki, lan uripira tunggal, tunggal rasa
ningsun,mas kawin Ngaras punika, tegesipun patemon nira sajati, lawan dat ya Muhkammad.
19. Anane mas
kawine ing ngistri, lawan priya patemon ing jasad, kalawan nyawa wajibe, iku
pan tunggalipun, wonteni mas ing kawineki, ya Aras-kursi ika, patemone iku, ing
sungsum babalungira, panunggale nur banyu rasa kang suci, ing sungsum amirasa.
20. Pangandikane
kang sampun luwih, aja nembah lamun durung ngawas, tuwas kangilan temahe,
saweneh sasar susur,amangeran marang nging belis, nembah ing tawang tuwang,
ingkang tanpa wujud, kepaung amenek warsah, panyanane idhep woh/eaneng
nginggil, tur wohe aneng ngandhap.
21. Pangandikane
kang sampun licin, lumaku turu ya asalat, menenge dadi bektine, pan nora
wektu-wektu, panembahe kang sampun luwih, kadi ilining toya, bengawan limintu,
kang wus awas ing panembah, nora pegat sambahira rina wengi, iku jatining
sembah.
22. Ana dene
kang lintang puniki, mas kawine ing ngilmupunika, garib mutaka jatine, patemon
langit iku, lawan dagingira puniki, tegese osikira, apa jroning jantung, mas
kawine bumi ika, lawan langit patemone uteg singgih, lawan sirolah ika.
23. Anadene
mas kawin ing wengi, lan rahina patemone netra, puputih lawan irenge, lah iya
tegesipun, patemone kawula gusti, iku campuh ing rasa, ing misrane iku, /mas
kawine swarga iku, lan naraka patemone nepsu iki, kelawan budi ika.
24. Panunggale
angawruhi dhiri, tingalane becik ala ika, iya sikune wektune, yen wus nyata ing
ngriku, prabedane lan tunggal neki, bongga basa walika, manira angrungu,
garwane aris aturnya, kados pundi panunggale dadi siji, rarasanta punika.
25. Purwa-duksina
amuwus aris, panunggale ing suwung yayinta, ing kono tunggal tingale, sakehe
wujud iku, pan ing kono panunggal neki, iya waspadakena, ing wuwus puniku,
garmane aris aturnya, kadi pundi wonten wong ngatakon malih, patakonan
mangkona.
26. Kang
ingaran iman kadi pundi, kenyatahane tokit punika, makripat paran tegese,
padhangena pukulun, tetelane sawiji-wiji, kawula dereng wikan, padhang/e
puniku, Purwa-duksina angucap, ya samengko pamanggihira puniki, nora ngulati
Allah.
27. Iya iku
urip kang sajati, kang ingaran reke tokit kita, adhep iku sajatine, nora nana
kapupu, kang angucap puniku singgih, ingkang ingaran Allah, tan roro tetelu,
iya arane sarira, tokit iku tingale roh kang sajati, nyatane yen kahanan.
28. Anadene
yayi sira iki, sejatine Suksma urip ika, kang Suksma nyata awale, kabeh dudu
roh iku, raga iki iku ta yayi, yen wus wruh ing mangkona, sampurna puniku,
ilang kalek mahkluk ika,iya iku kang ngaran manusa jati, dene wus badan suksma.
29. Anadene
kang dereng ngudani, wedi miyak tetebeng punika, dene akeh durakane, aran
tetebeng ngiku, pakumpulan sakeh riinicik, aling-aling punika, nabi wali iku
miwah / kang mukmin punika, garwanira wuwuse arum amanis, miwah tingal
sakedhap.
30. Lawan
lakusatindak puniki, miwah mangan sakepel punika, anginum sacegok mangke,
tedahena pukulun, lawan nyandhang sasuwir iki, amba pan dereng wikan, padhange
puniku, Purwa-duksina angucap, mirah ingsun wong ayu juwita mami, pilih kang
kaya sira.
31. Anadene
jaruman ing ngati, kawruhira sampurnane ika, jenenge ati elinge, ujar sakecap
iku, apan penet jenenge iki, laku satindak ika, panarima iku, tingale pan cakep
ika, maring ekram tegese nginum satu tri, nyatane maring ngiman.
32. Tegese
mangan sakepel iki, iya Al[l]ah kang kacipteng nala, nyandhang sasuwir jatine,
pujinira puniku, yen kawayang sajroning ngati, iiku jatine gesang, tan kanginan
iku, dene angrasa papadha, iya iku wong ayu ingaran supi, dene sampu/n/
makripat.
33. Nora nana
yayi amal iki, amung siji amalira dhawak,saosik layarane, garwanira amatur,
sedyanira arum amanis, inggih kawula nedha, saking sih wong agung, andika
wejang kawula, aneng dunya ngakerat nuntuna singgih, tulus marga raharja.
34. Kawula
kakang ataken malih, kados pundi wong lara punika, agampang pae kanane, kawula
pan dereng wruh, duk nalika ambayah uni, anglampahi kawula, dereng wruh
puniku,duk lagya pongah-pangiyan, lan punapa puniki westane singgih,miwah duk
cengengira.
35. Alam apan
duk ana ta singgih, padhangena amba dereng wikan, Purwa-duksina wuwuse, dhuh
yayi mirah ingsun, baya sira juwita mami, mirah kumala retna, gurune wong ayu,
lah kenekarasa lara, alam tupet dene tembe angrasani, den eling maring Suksma.
36. Ana/dene
lagi wayah iki, alam tobat iku namanira, lagi pongah-pangih mangke, alami
sanget iku, pakumpulan rasa sakalir, nanging tanbuh karasa, duk samana iku,
ingaranan gaibbollah, lagi cengeng ingaranan alam sahir, jagad langgeng duk
baka.
37. Garwanira
matur angabekti, punapa katon wau semana,punapa reke tingale, ingkang dhateng
rumuhun, tetelane sawiji-wiji, lah kakang padhangena, amba guruningsun,
Purwa-duksina angucap, kang rumiyin Jabarail tompa wangsit, abang cahyane ika.
38. Kaping
kalih cahyane Mingkail, warnanira iko ilatira, ping tiga Israpil mangke, wedale
putih iku, saking cahya netra puniki, wedalipunpan abang, pitu watekipun, kang
ngijo tengen ingaran, ya Israpil kang cahya iku ya kuning, medal ing bathukira.
39. Iya iku
tingal ingkang pasthi, na/dyan ana kang tigang prakara,yen nora nana sijine,
lara kabeh tinemu, durung teka ing patineki, yen wus uninga ika, denemut
sireku, Ngijrahil kang duweilat, mapan Muhkammad puniku Nabi singgih, dadya
tumekeng pejah.
40. Wus
adungkap lawang iku yayi, ing segara penyu wastanira, wis liwat sira ing kene,
nulya mancat sireku, ing segara istikar iki, sampun liwat punika, anulya
puniku, karane den kawruhana, gya andungkap sagara malih puniki, segara
istigena.
41. Sampun
liwat kang cahya puniki, duk angambah ing sagara kiyam, ing kono wus liwat
mangke, segara rante iku, wus andungkap ing Ngaras-kursi, miwah ing dhingdhing
Jalal, iku duk kadulu, ing ngalam kalih prakara, wus tumingal ing ngalam kait
puniki,alam kiyamah menga.
42. / Ing
ngriku nyawa kandhege malih, duk tumingal ingsegara cahya, ngaliwati ing
weninge, garwanira umatur, kang punditegese puniki, segara penyu ika, tuduhna
pukulun, miwah segara istikar, kakekate puniku sawiji-wiji, lah kakang
padhangena.
43. Purwa-duksina
amuwus aris, mirah ing wang kasumaning tilam, ingsun minongka sepuhe, ayunira
anulus, baya sira guruning ngistri, amartanana jiwa, kusumaning ayu, sira
angling lipurbrongta, ing tegese sagara penyu puniki, iku wangsul manira.
44. Anadene
segara puniki, kang ngistikar panjeneng ku nira, miwah istigena kiye, wudelira
puniku, iya iku segara dhiri, segara penyui ika, sikutira iku, segara rante
punika, pan tegese iya ususira iki, yen sira dereng wikan.
45. Anadene
sagara pu/niki, ingkang ingaran segara cahya, tegese jajantung mangke, segara
kiyam iku, iya dhadhanira puniki, segara cahya ika, netranira iku, iku kathah
ing segara, ingkang tumrap puniku segara dhiri, nyatane ingkang raga.
46. Garwanira
apan matur malih, kadi pundi wonten wong tatanya, Dhingdhing Jalal kakekate,
punika Aras iku, ingaranKursi kang adi, yeku ta kawruhana, ing ngagesang iku,
yen nora weruha sira, durung weruh ingaranan badan iki, apa ta yen amora.
47. Kang
ngaran wot siratal mustakim, padhangena amba dereng wikan, ing luhure iku
mangke, Purwa-duksina muwus, kang ingaran Aras puniki, iya pangambunira, kang
ngaran puniku, wong karana Allah ika, ilatira puniku mangke ta kaki, tegese
atenira.
48. Anadene
timbangan puniki, baunira kang kuwat puni/ka, pamilihira ta mangke, gunung
Tursina iku, irungira iku ta yayi, ing kono enggonira, sang nyawa akumpul, ing
gulune siningsetan, nyawa iku angrasa lara sakalir, miwah paningalira.
49. Sampun
dhungkap lawange kaesthi, nyawa ingkang nganeng ngalam dunya, ing kono iku ta
mangke, alam miya puniku, iya bathukira puniki, alam kaet punika, ing githok
puniku, ing kono kandheg ing nyawa, duk tumingal cahya Muhkammad puniki, ing
kono kandheg nyawa.
50. Sawuse
aneng kono ta yayi, malekat utusan ingkang prapta, amundhut nyawa karsane,
Ngijrail ta puniku, maring langit paranireki, langit pipitu ika, dadalane iku,
ingkono amanggih rupa, cahyanira lir pendah purnama siddhi, surat ananing
Suksma.
51. Garwanipu/n
atatanya aris, kadi pundi kang langit punika, sal sahil ika jatine,
Purwa-duksina muwus, anadene kang ngaran langit, ya ing cacekak ira, kang bumi
ya iku, sasore ing langitira, anadene malekat Ngijrail iki, iku kakawahira.
52. Anadene
aruman puniki, sajatine aren-aren ira, puniku mesthi tegese, runwanakirun iku,
sejatine wuwukuneki, iya den kawruhana, yayi ujar ingsun, kang rayi aris
aturnya, kadi pundi kang pinanggih jroning pati, duk lagine sekarat.
53. Purwa-duksina
amuwus aris, kang pinanggih yayi duk sekarat, pasthi rupanira dhewe, ya wis
angrasa iku, panunggale pan dadi siji, anging amawi surat, kang rupa puniku,
abane muji Pangeran,iya iku kang nga/ran Muhkammad jati, tuladhaning Pangeran.
54. Iya iku
ujar kang piningit, pan puniku jatine sekarat, larangan kang luwih mangke,
mulane wong kang luhung, aling-aling kang den-kandeli, nora ambuka ujar, wau
kang puniku, dene medharken kekeran, ujar iku lir ngadu pucuk ing ngeri,
patinetibeng jurang.
55. Garwanipun
matur angabekti, inggih nuwun saking sedya tuwan, muga tulusa esihe, wicanten
kang puniku, kadi punditeges ing linggih, kang ngaran nyawa ika, kawula dereng
wruh,tuduhe satunggal-tunggal, nyawa iku akeh kang ngucap puniki, dereng wikan
ing nyawa.
56. Purwa-duksina
amuwus aris, areningsun wong ayu mas mirah, kang ingaran nyawa mangke, limang
prakara iku ingaranan nyawa puniki, awiwitan nur ika, kaping kalihipun, kang
ngeroh mangke punika, ping tigane aka/le punika yayi, sakawan lan lekira.
57. Ping limane
kalam iku yayi, iya iku sajatine nyawa,yen sira dereng wruh mangke, tegese kang
nur iku, amadhangi kahananneki, tegesing ing roh ika, uripira iku, tegese kalam
pujika, pangandika sakehe kang den rasani, akal lan batinira.
58. Ingkang
ngelih jenengira iki, iya iku kang ingaran nyawa, den jangkepi lima mangke,
puniku tuduhipun, dadya noraanut byung iki, wong saweneh angucap, maring nyawa
iku, boyawikanmaring nyawa, garwanira matur sarya angabekti, singgih kawula
nedha.
59. Dug gaibe
apa wastaneki, nyawa ika lagi ana wadhah,dhuh kakang paran jatine,
Purwa-duksina muwus, duk gaibe punikuyayi, sampun ta a/ran tunggal, neptu
gaibipun, lagi nak kudule cahya, tunggal lena kang ngaran nukat puniki, misih
kumpul ing nyawa.
60. Ingaranan
padhang mangke iki, iya nyawa ing gantungan ika, seje lapal ku nyatane,
tunggale ta puniku, ulu iyah puniku tunggil, lintang johar punika, nyawa
jatinipun, mulane gumlar ing jagad, iya nyawa kang bisa anitis iki, oleh
ajaning Suksma.
61. Muhkammad
ika datan kakalih, sajatine yayah nyawanira, puniku yayi tunggale, mulane akeh
tungkul, ujar iku den walik-walik, mulane akeh aran, dene kiyas iku, pinatut
lawan pandhita, ya mulane akeh rarasan puniki, kabeh padha kanggenan.
62. Kang wus
nyata nora den singgahi, ujar iku sampun anerawang, data/n ana wawangene,
norana bastu suwung, sampunmanjing ing kupur kapir, ing sajatine gesang, lamun
nora iku, jatine manusa ika, reh kang kandheg tingale manusa sepi, dene dereng
uninga.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar