Kacariyos kala rumiyin ing nagari Surakarta ana salah sawijining
priyantun luhur jenenge Pangeran Natasewaya. Duwe anak mung siji lanang jenenge
Raden Mas Riyanta, wiwit umur enem tahun Raden Mas Riyanto di tinggal seda
bapakke, banjur kaemong dening Ibune. Raden Mas Riyanta banget di tresnani
marang Ibune, sakwise umur pitung tahun Raden Mas Riyanta pisah karo Ibune di
sekolahake ning Semarang melu pamane Raden Mas Tandhawijaya. Raden Mas Riyanta
seneng anggambar nganggo cat utawa pulas lan sapanunggalane. Bareng umur
patbelas tahun wancine sunat, Raden Mas Riyanta bali maneh ning Surakarta.
Raden Mas Riyanta wis jaka, jaman disik senengane lunga ing
wanci bengi tanpa gawa kanca, anjajah panggonan kang sepi-sepi yen bali mesti
wanci byar esuk. Awit saka iku andadekake sumelanging ibune, anakke duweni
tindak kang kurang apik. Merga anakke wis ngancik diwasa, akeh para wanita sing
padha kasmaran marang Raden Mas Riyanta. Mula saka iku Ibune ngakon Raden Mas
Riyanta supaya gek rabi, ananging Raden Mas Riyanta durung kepingin anggone
rabi lan durung ana wong wadon sing di tresnani.
Raden Ayu Natasewaya ngakon marang Raden Ajeng Marsa, yaiku
anakke Raden Mas Tandhawijaya supaya ngawat-ngawati Raden Mas Riyanta merga wis
telung lunga ora ana kabar. Wektu iku Raden Mas Riyanta karo Raden Mas Duryat
ketemu, Raden Mas Duryat ngajak Raden Mas Riyanta ning alun-alun delok komidhi
Hindhu. Raden Mas Riyanta ora gelem merga wedi yen Ibune uga teka ning kana,
suwene suwe Raden Mas Riyanta kepeksa nututi. Ning kana malah ana kedadean
kebakaran wong-wong padha pating jelerit, sambat tulung-tulung do mlayu
dewe-dewe nylametke awakke.
Rikala Raden Mas Riyanta arep bali ketubruk karo wong wadon
kira-kira umure patbelas tahun. Wong wadon iku mau nangis sambat golekki wong
tuane banjur Raden Mas Riyanta duweni rasa welas asih di eterake bali ning
ngomahe. Ing dalan bocah iku ora mandheg gone nangis, jenenge Raden Ajeng Srini
anakke Dipati Pramayoga ing Tamansari di tinggal wong wadon iku mau di ajak
mampir ning losmen saperlu leren sedhela. Raden Mas Riyanta mlebu ning kolah,
Raden Ajeng Srini banjur krungu swaraning salompret yaiku salomprete bapakke.
Raden Mas Riyanta golekki wong wadon iku mau, mangka durung
ngerti jenenge wong wadon sing di tulung. Raden Mas Riyanta banget tresna karo
wong wadon iku mau. Sabanjure Raden Mas Riyanta bali menyang ngomahe, sakwise
tekan ngomah Ibune malah arep jodohake Raden Mas Riyanta. Merga ora gelem di
jodohke Raden Mas Riyanta lunga saka omah suwene setengah wulan anjajah ning
guwa-guwa tilas Gunung Merapi, dina Minggu Raden Mas Riyanta ngubengi kutha
Boyolali. Perkara perjodohan iku wis rodok surut Raden Mas Riyanta bali maneh
menyang omahe.
Raden Mas Riyanta karo wong wadon sing ning Komidhen, yaiku
Raden Ajeng Srini. Raden Ajeng Srini iku anakke Dipati Pramayoga paman saka
Raden Mas Riyanta. Raden Mas Riyanta seneng banget karo Raden Ajeng Srini
ananging ora wani ngomong. Raden Mas Riyanta krungu omongane Dipati Pramayoga
yen Raden Ajeng Srini arep di jodohke karo priyayi Rembang. Wiwit iku Raden Mas
Riyanta wis ora gelem dolan ning Tamansari. Raden Mas Riyanta lungguh ana ing
gadri wetan, wektu iku Raden Ajeng Nestri nuju dolan ning patamanan. Salanlika
ngerti Raden Ajeng Nestri, Raden Mas Riyanta kelingan Raden Ajeng Srini.
Merga saking kuciwaning atine Raden Mas Riyanta banjur
gambar wajahe Raden Ajeng Srini. Gambar iku mau tansah di delengke terus,
krungu swarane Raden Ajeng Marsam, Raden Mas Riyanta gugup gambare banjur di
lebokake ana ing lemari. Ibu Raden Mas Riyanta lunga menyang omahe Dipati
Pramayoga saperlu nakokake perjodohan sing wis padha di sepakati. Banjur ibune
Raden Mas Riyanta nglamarake marang Raden Ajeng Srini. Ora suwe banjur Raden
Mas Riyanta lan Raden Ajeng Srini dadi nganten.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar