Kamis, 18 Desember 2014

LEMBAYUNG PANANDANG




Langite sore jingga...
Gumelarmu wanci meh sendyakala
Mung tansah dadi gegandhulan meloning rasaku
Saben-saben aku mulat marang prabawamu
Nglayang kapilayang lir peksi hanyebrang ing gumelaring tawang

Langite sore jingga...
Aja sumelang, aku ora nedya sesambat
Mung kepingin nambani sayahing rasaku
Kang samengko kebak ing sesuwungan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar