Elinga......
Saiki
aku wis ngerti
Yen
sliramu iku wesi
Saiki
aku wis narima
Yen
sliramu iku baka
Saiki
aku wis pasrah
Sliramu
asring gegabah
Kodrad
tan bisa wiradad
Pikirmu
tan gaduk ing nalar
Bisa
gawe gelane liyan
Wulang
wuruk kang gumelar
Lambe
satumang mung kari samerang
Guna
dhesthi guna miranti
Katrajang
wirang tanpa sumelang
Nanging..........
Hamung
siji panuwunku
Bisa
katekan sedyaku
Manut
miturut kang dadi karepku
Nyawiji
trep marang batinku
Gampang
karepe, gampang rembuge tresna aku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar