Selasa, 16 Desember 2014

Suluk Kadresan


La ilaha puniku
amot isbat kalawan nafi
jatine ana ora
iku tegesipun
Paneran asipat ora
in orane sampun awit ananeki
ananeku nakirah.

Nafi nakirah lan nafi jinis
mapan iku jinisin Paneran
kan nafi naten isbate
nafi lan isbat iku
nora pisah pan ora tungil
nafi kalawan isbat
nafi karonipun.

Nafi roro winaleran
denin illa karone tan kena manjin
marin lapal illa 'llah
hih ra Wujil kawruhana malih
kan isbat iku reke den-nata
atuduh marih musbate
dalil kalawan madlul
iku reke saminireki
inkan lapal illa 'llah
musbat aranipun
mutlak iku isimullah
tan kena liyanena Paneran kalih
anin lapal illa 'llah

Panreneninsun inuni
in wretanira sah mulya 
anataken in jatine
tafsirin nafi isbat
kan satuhune nora
nafi jinis aranipun
kapindo nafi nakirah


Tegesin kan nafi jinis
sajati-jatinin ora
mapan tan ana anane
tegesin nafi nakirah
ana lawan pinurba
arane (r. anane) kalawan tuduh
iku jatinin nakirah.

Kan ibarat nafi jinis
atuduh in dawakira
mapan tan-ana deweke
yogya sama nawruhana
denin basa nakirah
nora mojud nora ma'dum
pan tan kena winicara.

Anin ta malih sireki
sampun ora amicara
in roro iku arahe
iku inaranan ora
jen tan anaa pisan
iku inaranan suwun
leyep datanpa temahan.

Sakatahin dumadi
inaran nafi nakirah
atuduh anane dewek
pan dudu anane dawak
nafi jinis inaran
tan ana amamadeku
lawan sifatinpaneran.

Karone iku pan nafi
kalawan tegesin illa
illa iku wawalere
nafi jinis lan nakirah
wiwinalera illa
nafi roro aywa kumpul
lan isëbatin paneran.

Yen tan awalera malih
nafi roro lan isebat
yakti akumpul karone
karane sinelan illa
tanpa weh yan awora
tegesin illa 'llah iku
yen isbat kalamiyah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar