La
iki udane wus teka
Kumricik
banyu kang tumiba ing janaloka
Gegiro
atiku kelara-lara
Amarga
wewayangan katon tansah anggodha
Jarene
meh lumayu nggoleki tresna
Kang
nate bebarengan rinipta nalika semana
Lakuku
kandheg mangu-mangu kasrimpet jarwa kandha
Nanging
kudu lumayu lelandesan tresna
Dhuh
wong bagus geneya pinter gawe atiku dhuhkita
Kabeh
mau aku ora bisa suwala
Nadyan
ngerti yen sliramu isih tresna
Marang
wong ayu kang kelara-lara
Ana
siji kang dadi tekating ati
Senadyanta
aku teka keri
Wenanging
nyenyuwun marang Gusti
Teka
ngendi mesthi bakan ndak tututi
Wengi
iki sepi kagubet krodhaning kayun
Tansah
eling mring sliramu dhuh wong bagus
Mugi
paring wredhaning kesdu mbok aja lumayu
Kesel
anggonku nututi ngendi tibaning tresnamu
Dhuh
gegantilaning atiku
Tidak ada komentar:
Posting Komentar