Upacara
Tingkeban ugi dipunwastani mitoni. Mitoni saking tembung pitu ingkang ateges
angka pitu (7). Upacara tingkeban dipuntindakaken menawi kandhutanipun
priyantun estri, yuswanipun sampun pitung sasi saha nembé ngandhut sepisan.
Upacara tingkeban punika salah satunggaling tradisi masarakat Jawa. Ancasipun
kagem nepangaken bilih pendhidhikan punika dipuntindakaken wiwit wontenipun
jalmi ing kandhutan dumugi diwasa. Sadangunipun ngandhut kathah sanget perkawis
ingkang asipat saé ingkang kedah dipunlaksanakaken dening biyungipun saha kedah
nebihaken saking perkawis ingkang boten saé. Punika mengku teges supados putra
ingkang badhé dipunlairaken dados putra ingkang saé.
Wonten ing upacara kasebat, biyung ingkang nembé ngandhut
pitung sasi dipunsiram nganggé toya sekar setaman ingkang dipunparingi dedonga
ingkang mligi kagem biyung saha jabang bayinipun. Donga kasebat gadhah ancas
nyuwun dhumateng Gusti supados tansah paring rohmatipun saéngga bayi ingkang
badhe dipunlairaken slamet tanpa wonten alangan satunggal punapa.
Tata cara upacara siraman tingkeban
1.
Siraman dipunlaksanaken
déning para sesepuh (priyantun ingkang dipunsepuhaken) ingkang cacahipun pitu,
kalebet rama kaliyan ibu saking ibu ingkang nembé ngandhut. Saénipun ingkang
nyirami inggih punika tiyang sepuh ingkang sampun gadhah wayah.
2.
Sasampunipun upacara
siraman, dipunlajengaken upacara nglebetaken tigan ayam kampung wonten ing kain
(sarung) calon sang ibu déning sang garwa saking padharanipun ngantos pecah.
Punika minangka simbol saha nyuwun supados bayi ingkang badhé dipunlairaken
saged lair kanthi gampil tanpa alangan satunggal punapa. Padatanipun, bilih
priyantun èstri ingkang nembé ngandhut sapisanan nglairaken kathah godhanipun.
Awit saking punika, prelu ndedonga kaslametan, utaminipun ing wekdal pitung
sasi.
3.
Salajengipun inggih punika
gantos busana kaping pitu dipunrangkepi kain pethak. Kain pethak kala wau dados
dhasaring busana ingkang kaping pisan minangka pralambang bilih bayi ingkang
badhe dipunlairaken inggih suci saha badhe pikantuk rahamat saking Gusti Allah
SWT.
4.
Sasampunipun ingkang calon
ibu ngagem kain pethak kaping pitu gantos-gantosan, lajeng dipunadani adicara
medhot lawè ingkang dipunubengaken ing padharanipun calon ibu. Dènè ingkang
medhot benang lawè punika inggih calon bapa nipun kanthi ancas supados bayi ing
kandhutan samangkè saged lair kanthi gampil.
5.
Menawi lawè sampun
dipunpedhot, mila calon simbah putri saking pihak calon ibu, nggèndhong klapa
gadhing dipunkancani dèning ibu bèsan. Ananging sadéréngipun, klapa gadhing
kala wau dipunlebataken wonten ing kain ingkang dipunagem calon ibu saking
nginggil liwat padharan dumugi ngandhap, lajeng dipuntampani dèning calon
simbah putri nipun. Ancas saking upacara punika inggih supados samangkè bayi
ingkang dipunkandhut saged lair kanthi gampil tanpa rubèda satunggal punapa.
6.
Rerangkéning adicara
ingkang salajengipun inggih calon bapa mecah klapa gadhing kasebat kanthi
sadéréngipun milih setunggal saking kalih klapa ingkang sampun dipugambari
Kamajaya saha Dewi Ratih utawi Arjuna kaliyan Wara Sumbadra utawi Srikandhi.
Klapa kalih kala wau dipunwalik supados ingkang bapa boten saged ningali
gambaripun kala wau. Menawi klapa ingkang dipungepuk kaliyan ingkang bapa
ingkang gambaripun Kamajaya mila bayi nipun badhe lair kakung, saha kosok
walikipun bilih ingkang dipungepuk gambar Dewi Ratih, mila bayinipun éstri.
(Punika namung ingkang dipunkaremaken kemawon, déréng mesti dados kasunyatan).
Ananging, bilih kita nyuwun kanthi saéstu dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos,
mila punapa ingkang dipungayuhaken saged kabul.
7.
Sabibaripun upacara
siraman punika kalajengaken upacara milih sekul jènè ingkang mapan wonten ing
takiripun ingkang garwa. Lajeng dipunlajengaken upacara dodol dhawet saha
rujak. Anggénipun bayar dodolan nganggè logam ingkang kadamel saking remukan
gendhéng (kréwéng) ingkang dipunbentuk bunder, arupi yatra logam punika.
Asilipun dodolan dipunkempalaken lajeng dipunlebetaken kwali ingkang dipundamel
saking lempung. Kwali ingkang sampun dipunisi kaliyan kréwéng kala wau lajeng
dipungepuk wonten ing ngajeng lawang. Upacara punika minangka simbol supados
bayi ingkang dipunlairaken samangkè pikantuk kathah rejeki, saged kangge
nyekapi gesangipun kulawarganipun saéngga saged ngamal ingkang kathah.
Ubarampè Upacara Tingkeban
Ubarampè ingkang dipunginakaken ing upacara tingkeban inggih
awujud manèka werna dhedharan. Dènè ancasipun wonten dhedharan punika minangka
tandha sukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuawaos awit sedaya sih nugrahanipun.
1.
Tumpeng Kuat. Tumpeng kuat
minangka simbol supados bayi ingkang badhè dipunlairaken samangkè sehat saha
kuwat. Bahan ingkang dipunginakaken inggih punika wos. Tumpeng ugi dipunhias
ngginakaken tigan ayam godhog 35 iji, tahu, tèmpè, iwak asin goreng, lombok
mentah ingkang dipundamel hiasan saha tèrong mentah ingkang dipunoncéki
ananging kulitipun tetep taksih nèmplèk, saha dipunsukani urab-uraban.
2.
Jajan Pasar. Jajan pasar
punika boten kedah dipundamel piyambak ananging tumbas kèmawon wonten ing
pasar. Jajan pasar ingkang dipuntumbas antawisipun kuè apem, kuè cucur, kuè
bolu, kuè lapis, saha woh-wohan kados ta, nangka, jeruk, bengkowang, timun,
pisang, kacang godhog, lan sapanunggalanipun. Sedaya jajan pasar kala wau
dipuntata kanthi rapi nembè dipunsajikaken.
3.
Keleman. Keleman inggih
punika kados ubi-ubi nan. Keleman ingkang dipunbetahaken dados ubarampè upacara
tingkeban arupi pitung jinis, kados ta: ubi jalar, tèla, gembili, kenthang,
wortel, ganyong, saha erut. Manèka warna keleman dipunsajikaken wonten ing
setunggal wadah kados ta nyiru.
4.
Rujakan. Rujakan punika
kadamel saking manèka warna woh-wohan kados ta: jeruk, timun, blimbing, pisang
watu, lan sapanunggalanipun. Sedaya bahan rujak dipuncampur dados setunggal
saha dipunsajikaken kanthi saè ngantos raosipun rujak èco. Ancasipun inggih
supados bayi ingkang badhè dipunlairaken samangkè saged ngremenaken
kulawarganipun.
5.
Dawet. Kangge nggampilaken
anggenipun damel, dawetipun saged dipuntumbas wonten ing pasar saha ing griya
namung kantun mangsak dawetipun kanthi dipuncampur santen supados raosipun èco.
Menawi kepéngin seger saged dipuntambahi ugi és batu.
6.
Sajén Medikingan. Sajén
punika dipundamel kanggè lairanipun putra ing sangandhaping putra bajeng
piyambak. Dènè ubarampènipun inggih kados mekaten.
Sekul
jenè ingkang bentukipun kerucut.
1.
sekul loyang, inggih
punika sekul jenè ingkang dipunkum wonten ing toya, lajeng dipundang malih saha
dipunsukani klapa parut.
2.
entén-entén, inggih punika
campuran klapa parut kaliyan gendhis klapa ingkang dipunmangsak ngantos garing.
3.
bubur procot, dipundamel
saking glepung wos, santen sacekapipun, gendhis klapa, ingkang dipunmangsak
kanthi wetah, lajeng dipunlebetaken periuk ingkang salajengipun dipunmangsak
sesarengan.
Wekdal Upacara Tingkeban
Upacara
tingkeban limrahipun dipunadani ing dinten ingkang pinilih, inggih dinten rebo
utawi setu ing tanggal 14 saha 15 miterat tanggal sasi Jawa. Priyantun Jawi
pitados bilih menawi upacara tingkeban dipunadani ing tanggal punika, bayi
ingkang badhè dipunlairaken gadhah cahya ingkang sumunar saéngga saged dados
larè ingkang pinter. Wekdal kangge ngadani upacara tingkeban ingkang sae ing
wanci 09.00 - 11.00. Calon ibu kedah siram saha kramas ingkang resik rumiyin.
Punika minangka simbol wontenipun kekareman ingkang suci saha resik saking
pribadinipun calon ibu. Upacara tingkeban saged dipunwiwiti ing pukul 15.00 -
16.00, amargi priyantun Jawa pitados bilih ing wekdal punika bidadari saweg
mandhap ing bumi kagem siram.
Pirantos Upacara Tingkeban
Sapèranganing
pirantos ingkang kedah dipunsamektakaken kanggè upacara tingkeban ing
antawisipun 1 mèja ingkang dipuntutup kain pethak ingkang resik. Sanginggilipun
dipuntutup malih kaliyan bangun tulak, kain sindur, kain lurik, yuyu
sekandhang, mayang sekar utawi lentrek, ron dhadhap serep, ron kluwih, saha ron
alang-alang. Sedaya bahan kala wau kanggè lambaran menawi saweg nyirami.
Pirantos
sanésipun ingkang dipunbetahaken inggih punika:
1.
Bokor. Bokor dipunisi toya
sekar setaman kanggè upacara siraman.
2.
Bathok. Dipunginakaken
kanggè cidhuk ing upacara siraman.
3.
Boreh, dipunginakaken
kanggè gantosipun sabun ing upacara siraman.
4.
Kendhi, dipunginakaken
kanggè nyirami ingkang kaping pungkasan.
5.
Lap andhuk.
6.
Kalih setengah méter kain
pethak.
7.
Tigan ayam kampung
setunggal dipunwungkus plastik, cengkir klapa gadhing.
Busana Upacara Tingkeban
Busana
ingkang dipunagem calon ibu inggih punika, kalih méter lawè, rasukan dalam,
kebaya 7 potong, kain batik 7 lembar salah satunggalipun motif truntum, saha
stagéén. Dènè busana ingkang dipunagem calon bapa inggih punika kain batik
motif truntum, beskap, saha udeng (blangkon). Kanggè calon ibu boten pareng
nganggè perhiasan.
Sesajén Tingkeban
1.
Tumpeng robyong mawi
kuluban, tigan ayam godhog, iwak asin dipungoréng.
2.
Ayam bekakah 1 pasang
(ayam ingkung).
3.
Bubur pethak 1 piring
4.
Bubur sengkala 1 piring
5.
Bubur abrit 1 piring
6.
Pényon utawi plérét 1
piring
7.
Ketupat lepet (namung
kanggè sarat kemawon)
8.
Manèka warna woh-wohan
9.
Jajan pasar saha pala
kependhem
10.
Arang-arang kembang 1
gelas
11.
Dhawet ayu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar