Novel “Sawise Langite Katon
Biru” kababar wujud novel sambung sing pernah ditulis dening Ibu Yunani ing
Kalawati Jaya Baya Surabaya tahun 1978. Crita ing novel iki pancen nyritakake
kenya ayu sing jenenge Retno sing lagi wae bisa ngrasakake pepadhanging donya
sadurunge dheweke wuta. Ananging sajake Retno bisa weruh dheweke malah lali
marang uripe kuwi. Sambung tresna sing dilakokake karo kang mas ipe nganthi
gawe Retno lali marang pangurbanan mbakyune Endah. Napsu kanggo nresnani
priyayi sing nembe dikenal kalah karo rasa tresnane marang mbakyune dhewe lan
ora eling karo pangurbanan mbakyune kanggo dheweke.
Tresna sing tumukul antarane Retno
karo Hendratmo telat, iku kabeh tukul sajake Endah arep nikah karo Hendratmo.
Ora ana sing bisa nemtuake garise Gusti sing Maha Kuasa nanging wong kudu bisa
matesi apa sing kudu dilakokake. Wong pancen ora oleh ngumbar kekarepane dhewe,
wong kudu bisa njaga kekarepane menawa kuwi ala lan bisa nuwuhake tumindak dosa.
Si Retno langsung mutusna kanggo dadi biarawati, sing ora dinyana ing akhir
crita iki ibu lan eyange kaya-kaya bisa maklumi kesalahane Retno. Wektu Retno
arep lunga menyang Jogja kanggo dadi biarawati, dheweke ora ngerti pamitan
marang kaluwargane, dheweke namung ninggalake surat kanggo mbakyu lan eyange,
sawetara iku Retno malah nemoni Hendratmo kanggo pamitan.
Aspek yang menonjol
Alur sing di gunakake ing novel Sawise Langite
Katon Biru gunakake alur maju. Novel Sawise Langite Katon Biru emang gawe para
maos ngrasake langsung rasa welas, jengkel lan gumun olehe maca buku iki. Para
maos diadepi karo kekarepane manungsa sing angel mbedake antarane sing bener
lan sing ala. Buku iki cocog banget kanggo pasinaon kita kabeh, amarga buku iki
nampilake kisah sing situasine serba kangelan. Buku iki ora mung wenehake
hiburan nanging wenehake pelajaran kanggo kita kabeh.
Novel sing migunakake bahasa Jawa iki remen banget diwaca kanggo wong-wong
Jawi umum nganti mahasiswa. Novel sing dikemas kanggo latar belakang agama
Katolik iki ora ndadeake buku iki mung bisa diwaca karo para maos agami
Katolik, nanging kabeh agami bisa olehe maca buku iki. Penulis olehe nyusun
crita bisa gawe para moas ngrasakake
langsung kedadean kedadean ing crita iku. Ananging kedadean puncake konflik
ora patia gawe gregete ati. Penulis langsung ngrampungake konflik nganti
singkat
Tidak ada komentar:
Posting Komentar