Wong
jawa sing ora jawani, ya kuwi wong jawa kang ora mangerteni tata krama marang
liyan. Ing jaman saiki ora sithik wong jawa kang ora mangerteni tata krama,
wiwit saka bocah cilik kanthi wong tuwa. Basa jawa kang kudune digunakake bocah
cilik marang wong tuwa yaiku basa krama, ananging sing dadi kasunyatan ing
jaman saiki, piye arep nganggo basa krama tindak tanduk`e wae wis ora bisa
dianggep ngajeni wong tuwa.
Wong tua uga dadi peran kang penting
kanggo bocah – bocah sing lagi sinau, sinau basa jawa sing dadi utamane. Basa
ibu kuwi sing dadi patokan bocah – bocah kanggo sinau. Tuladhane, bocah ngomong
alus manut karo omongan sing diajarake ibune utawa wong tuwane, nanging yen
anak`e ora bisa basa krama sing disalahake ya anak`e.
Akeh wong padha nganggep saiki kuwi
jaman globalisasi, jaman kang gawe owah sakabehane. Ora saka tetmbungan,nanging
saiki wis akeh sarana, wis padha interaksi nggunakake media massa, utamane TV,
radio, HP. Apa maneh jaman saiki wis akeh alat elektronik sing gawe bocah –
bocah kuwi lali marang doalanan tradisional sing ana ing daerahe.
Jaman globalisasi ora ana batesane,
kuwi sing gawe pengaruh akeh kanggo kahanan saiki. Utamane babagan basa. Lewat
sarana – sarana kuwi basa – basa global saka negara – negara liya, saka budaya
– budaya jaba bisa cepet banget nyebar ing bebrayan. Amarga manungsa lan wong
ing tanah jawa iki gampang banget penasaran marang barang utawa kabudayan
anyar. Tuladhane, saiki wong – wong negarane dhewe iki luwih seneng nyinauni
basa bangsa liya, luwih bangga yen bisa basa basane negara liya tinimbang
nyinauni basa jawa, basane dhewe.
Basa kang gawe pengeruh kanggo wong –
wong ing donya iki bisa nyebabake lunture basa – basa kang ana ing tlathahe
dhewe. Pengeruh kuwi luwih cepet kena ing mudha – mudhi kang nduweni kewajiban
nguri – uri basa lan budaya. Basa jawa kang paten diuri – uri ing Indonesia,
basa jawa kuwi minangka basa jawa kang sugih tembung. Basa jawa uga siji-sijine
basa kang nduweni tingkatan-tingkatan basa kang kasebut unggah-ungguh.
Unggah – ungguh sing dienggo urip
bebrayan. Bebrayan kuwi butuhake pambiyantu wong liya. Sarana kang dienggo sesambungan yaiku unggah – ungguh
basa. Unggah – ungguh nduweni teges tata pranataning basa miturut tata krama. Tata
krama tegese tata cara ngomong karo wong liiya, uga tindak tanduk`e. Kayata
bocah ngomong marang wong tuwane, nganggo unggah – ungguh kang trep. Ananging,
saiki jamane wis owah. Unggah – ungguh mudha – mudhi marang wong tuwa wis ora
diuri – uri.
Ungguh – ungguh asring keprungu ing
bebrayan, nanging wong jawa saiki akeh kang ngomong yen wong enom saiki wis ora
nduwe unggah – ungguh. Wis cetha wae wong saiki tindak lakune kudu cepet,
butuhe cepet rampung ora peduli kahanan, jalaran nguber slamet, nguber
kabutuhan urip. Ora kaya wong jawa jaman biyen, sing nduwe pathokan nguler
kambang, alon – alon waton kelakon. Kang gedhe tirakate. Kanthi lumakune jaman,
owah gingsire kahanan jalaran tuwuh kahanan anyar utawa sangsaya majune
teknologi bakal ngetokake owah – owahan.
Unggah ungguh basa ing bebrayan kui
nyakup rong bab, yaiku patrap lan pangucap, leloro kuwi ora bisa dipisah. Wong
kang kurmat marang wong liya kanthi ngomong (pocapan) kanthi alus, dibarengi
laku kang patrap kang kurmat. Semana uga wong kang patrapane kang kurang kurmat
marang liyan, mesthine dibarengi pocapan kang kurang kurmat. Kanggo njaga
unggah – ungguh basa ing bebrayan, kita perlu mbiyasakake anggone unggah –
ungguh wiwit saiki, senajan marang sapa wae.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar