Kamis, 18 Desember 2014

PASURYANMU



Sumiliring angin sore nggawa kangenku
Nalika sang bagaskara wus ora nuduhake sunare
Aku mung tansah ngalamun
Prasasat langit kebak ing wewayanganmu
Lintang-lintang kang gumebyar ngukir pasuryanmu

Alismu kang nanggal sepisan
Rikma ingkang ngembang bakung
Palarapan nyela cendhani
Aku kaya kalimput jroning rasaku kang tansah mbebendu
Aku kalimput aneng ilining toya kasmaran
Wong manis pasuryanmungeridhu rasaku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar