Selasa, 16 Desember 2014

Sarasehan Kanthi Tema Wayang Urban



Nalika sarasehan malem Jumuwah Kliwon, tanggal 16 Mei 2014 ing TBRS ngangkat tema Wayang Urban sing di babarake dening seniman Nanang H.P . Nanang H.P ngandarake ngenani wayang urban sing beda saka wayang-wayang liyane. Wayang sing biasane iku sing kudu nganggo pakem-pakem pewayangan, nanging kanggo Nanang H.P wayang urban iki dikemas dadi wayang sing unik lan menarik kanggo para sing nonton mligine para kawula mudha.
Saben dalang yen ngemas wayang kuwi mesti dicritakake  kanthi pembabaran sing deskriptif. Marga sejatine pawongan Indonesia menika remen kaliyan crita-crita sing deskriptif, nanging saiki para mudha kathah ingkang boten remen maneh yen nonton wayang utawa ngrungokake wayang. Saka panemune para mudha kathahipun, iku kabeh marga para mudha sampun boten mangertos basa-basa sing dinggo ing crita wayang mau. Saliyane iku uga marga wektu sing kanggo pementasan wayang biasane ngantos dangu sawengi wutuh, dados para mudha wis bosen lan ngantuk dhisik yen nonton wayang mau.
Wayang iku mesti owah gingsir manut owahing jaman. Mula ning kene, Nanang H.P ngemas crita wayang kanthi nganggo nuansa sing bedani. Wayang urban iki nganggo iringan musik tradisional yaiku gamelan lan dikombinasekake karo alat-alat musik modern kaya gitar listrik, drum, gitar bas, lan liya-liyane. Saliyane kuwi uga iringan lagune uga dadi campuran tradisional-modern. Dadi kanggo para mudha sing saiki wis saya kurang mudheng ngenani wayang bisa ketarik karo nuansa wayang sing dipentasake mau.
Nanang H.P uga ngringkes crita wayang sing nembe dipentasake mau ing tiap adhegan wayang nganggo basa komunikatif sing wong liya uga akeh sing ngerti. Miturut panjenengane crita wayang bisa owah, nanging isine crita mau ngenani bab sosial masyarakat sing ana sanyatane ora bakal ical. Menawi crita-crita wayang mau arep digawe komik utawa cerbung lan liya-liyane mau bisa waen, marga kanggo narik minat masyarakat karo wayang.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar