Jumat, 19 Desember 2014

BARONGAN



Barongan_Blora.JPGBarongan utawa seni Barong kuwi sawijining kesenian rakyat kang akèh sumebar ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wétan. Barongan migunakaké sandhangan utawa piranti sing digawé saka topèng lan kain utawa karung, diwujudaké kaya Singo Barong utawa Singa gedhé sing galak.
Kesenian iki awujud tarian klompok sing nirokaké solah tingkahé Singa barong sing prakasa lan tokoh liyané yakuwi Bujangganong, Joko Lodro, Reog, Noyontoko lan Untub . Anan ing kesenian Jathilan, mliginé ing tlatah Ngayogyakarta lan sakiwa tengené, barongan mono kanthi paraga wong loro utawa wong telu, kabèh-kabèhe mlebu ing sawijining karung kang dirékayasa wujud kèwan, sing ngarep nyekel endhas, kang mburi nyekel buntut, déné kang tengah biasané manggul/munji sawijining pawongan, kaya-kaya wong kasebut numpak barongan. Jroning pamentasan seni barongan, para paraga mau jejogètan diiringi nganggo instrumèn musik antara liya : Kendhang, Bedhug, Bonang, Saron, Demung, Kempul lan Suwukan.
Kesenian barongan sumberé saka hikayat Panji, yaiku sawijining crita kang diwiwiti saka iring-iringan prajurit nunggang jaran ngawal lelakuné Radèn Panji Asmarabangun / Pujongga Anom lan Singa Barong.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar