Réog iku salah sijining seni rakyat sing asalé
saka Jawa Wétan sisih kidul-kulon sakiwa-tengené Kabupaten Panaraga. Ing tlatah
iki kondhisi sosio-budaya isih sarat mawa prakara-prakara magis lan aliran
kebatinan Kejawèn isih kuwat. Kesenian réog iki isih kuwat gandhèngané karo
praktèk magis turunaning para leluhur.
Réog modhèrn biyasané dipentasaké nalika ana
prastawa-prastawa wigati kayata ritus-ritus passage, tuladhané wong kawinan lan
tetakan (supitan) lan dina-dina gedhé nasional.
Seni Réog Panaraga kasusun saka sawetara
rangkaian 2 nganti 3 jogèd pambuka. Jogèdan kapisan biyasané dipentasaké déning
6 nganti 8 priya gagah kendel sing klambènan werna ireng lan rainé dipolèsi
werna abang. Para panjogèd iki nggambaraké sosok singa sing kendel. Sawisé ana
jogèdan sing dipentasaké déning 6 nganti 8 bocah wadon sing numpaki jaran. Ing
réog tradhisional, para juru jogèd iki biyasané diperanaké déning wong-wong
lanang sing nganggo klambi wadon. Jogèdan iki diarani tayuban jaran képangan. Jogèdan
pambuka liyané yèn ana biyasané dipentasaké déning bocah cilik sing mentasaké
adhegan lucu. Bocah lucu iku kasebat Bujangganong. Bujangganong di jénéngake
ngono amarga saka cariosè bujangganong ora krama lan bathukè nonong.
Sawisé jogèdan pambuka bubar, lagèk dituduhaké
adhegan inti sing isiné gumantung karo prastawa sing mentasaké seni réog. Yèn
gandhèngané karo kawinan, banjur adhegan asmara sing dipentasaké, yèn tetakan
ya biyasané carita laga.
Adhegan ing seni réyog biyasané ora miturut skénario
sing kasusun rapi. Mesthi ana interaksi antara pemain lan sang dhalang
(biyasané pamimpin rombongan) lan sok-sokan karo penonton. Kadhangkala pemain
sing lagi pentas bisa digantèni karo pemain liyané yèn dhèwèké kesel. Sing
utama ing seni pementasan réyog iku bèn sang penonton marem.
Adhegan pungkasan iku arupa singa barong, para
pemainé nganggo topèng awujud endhas singa mawa makutha sing dipahési mawa wulu-wulu
merak lan ana ndas ing dhuwur singo barong. Topèng iki aboté bisa nganti 60 kg.
Topèng sing abot iki digawa karo penontoné mawa dicokot karo untuné. Sing
ngangkat kudu sing wis kuwat lan bisané katekan kudu karo latihan sing abot lan
dipracayani uga bisané olèh déning latihan spiritual kayata pasa lan mbangun
tapa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar