Sekatèn (dijupuk saka tembung
syahadatain utawa rong kalimat sahadat) yaiku salah sawijining upacara adat
minangka wujud rasa syukur masarakat Islam Jawa Tengah sing dilaksanakaké saben
sasi Mulud penanggalan Jawa kanggo meringati lahiré Nabi Muhammad SAW.[1] Jaman
mbiyèn upacara iki dianggo dening Sultan Hamengkubuwana I, pangadeg Kraton
Ngayogyakarta kanggo ngundang masyarakat mlebu agama Islam.
Ing
upacara Sekatèn iku rangkaian adicara sing paling ditunggu yaiku metuné gamelan
keraton Nyai Nagawilaga lan Nyai Gunturmadu kanggo diunèake ing Pagongan Mesjid
Gedhé Kraton Ngayogyakarta. Gamelan iku diarak saka Bangsal Pancaniti marang
Mesjid Gedhé banjur kanggo ditabuh seminggu suwéné lan disiaraké nganti dalan
Malioboro saéngga nambah suasana budhaya Kutha Yogyakarta. Puncak adicara
Sekatèn ditandhai kanthi metuné sejumlah gunungan sing disebut Grebeg Mulud,
sing dhasaré nggambaraké sedhekahing para raja marang rakyaté lan nyimbolaké
kasejahteraan.
Parayaan
Sekatèn dipungkasi kanthi adicara Bedhol Songsong utawi péntas wayang kulit ing
pagelaran Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Ing adicara Sekatèn uga digawé
panggung kesenian sing nggelar festival seni tradisi lan religi, lan dianakaké
serangkaian kegiatan ékonomi sing diwujudke kanthi pasar rakyat utawa disebut
Pasar Malam Perayaan Sekaten (PMPS) sing digelar suwéné 40 dina
Tidak ada komentar:
Posting Komentar