Rabu, 17 Desember 2014

SELA CEMENG





Mencoronging sela kang cemeng milong-milong
Kadya teja kang sumunu
Nunjem ing sarandhuning netra
Nganti lumebu ing jiwa saben paningal
Sela cemeng kang anglebet weninging toya
Tirta suci ageming jiwa sejati
Sansaya sumunar kang tinon
            Dadya kasulistyan kang tan anindhingi
            Kasulistyan aji, dadya daya pamiket
            Kawiyak, kapirsa, ing sadhengah papan
            Kang dudu pesthine
            Oh... sela cemeng dadya pethak
            Pethak... Nganti lumebu mring jiwangga
            Tan karana glebeting toya suci

Tidak ada komentar:

Posting Komentar