Ana ing partapan Sukendra ing kana ana Resi Goetama karo keluargane. Resi Goetama
iku Bathara Ismaya, putra prabu Hariya saka Mahespati. Resi Goetama duweni
putra kang jenenge prabu
Kartawirya,merga bektine marang para dewa Resi Goetama kanugrahan wanita kang
sulisya ing warna keng asma Dewi Windradi. Saka hasil perkawinane karo Resi
Goetama dewekke di paringi keturunane putra telu yaiku Anjani, Guwarsa, lan
Guwarsi.
Suwene suwe Dewi Windradi
ngrasa ora tau di gatekake amarga bojone iku brahmana tua dewekke kerep di
tinggal lunga marang Resi Goetama. Akhire Dewi Windradi kepincut marang Bathara
Surya (Dewa Matahari), kedadean iku dumadi
merga Dewi Windradi asring adus udoh ing wayah esuk rikala matahari
jedul. Hubungan antarane Dewi Windradi karo Bathara Surya lumaku kanthi rapi,
Resi Goetama kalebu putra putrine sing wis ngancik dewasa ora padha ngerti.
Merga kesalahan cilik sing di lakokake marang
Dewi Anjani andadekake hubungan kasih antarane Dewi Windradi karo Bethara Surya
akhire konangan. Merga saking tresnane Dewi Windradi marang Dewi Anjani, Dewi
Windradi nglirwakke pesene saka Bathara Surya. “Win, aku wanti-wanti karo kowe
aja pisan-pisan cupu manik astagina iki ngerti wong liya apa maneh kok
wenehake, mbok iku anakmu dewe aja nganti kedadean. Merga yen kuwi nganti ko
langgar bakal ana kedadean sing ora di karepake kedaden.” Ngendikane Bathara
Surya.
Cupu manik astagina yaiku
pusaka kadewatan kang miturut dewata ora entuk di delok utawa di duweni dening
manungsa lumrah. Larangan iki disebabake merga Cupu manik astagina duweni
kasekten sing luar biasa, ing jerone ana rahasia kahanan alam donyo lan alam
suwarga. “sapa sing bukak Cupu manik astagina lewat mangkoke bakale isoh delok
kahanan suwarga kang polos, suci lan kanikmatan kanthi cetho.”
Yen di delok saka tutupe
bakal ketok kanthi cetho kahanan sing ana ing ngalam donya. Cupu manik astagina
duweni kasekten yaiku “bisa mujudake apa sing dadi panjalukke kabeh kang duweni
pusaka kasebut”.
Miturut agama Hindu “Cupu
manik astagina wujude bunder tur cilik, di gawe saka kayu utawa logam. Manik =
permata, nglambangake kaendahan. Astagina = wolu sifat sing kudu di duweni
dening Brahmana.”
1.
Daya sarwa buthesu (welas asih marang sapadha-padha)
2. Ksatim
(gedhe pangapura lan sabar)
3. Anasunyah
( ora kuciwa lan nyesel)
4. Saucam
( suci lahir batin)
5. Anayasah
( ora ngaya utawa nyengka)
6. Manggalam
(duweni budi pekerti sing apik)
7. Akarpanyah
(ora rumangsa ora duwe kalebu batiniah utawa lahiriah, uga kalebu bab budi)
8.
Asprebah (ora duwe kepinginan nafsu duniawi)
Merga dorongan saka rasa
tresnane marang putri tunggale Dewi Windradi nglirwakake pesene saka Bethara
Surya. Dewi Windradi menehake Cupu manik astagina marang Dewi Anjani. Dewi
windradi pesen marang Dewi Anjani kang unine mangkene “ supaya aja nganti
ngetokake pusaka iku ning bapakke apa maneh kok nganti adhi-adhine ngerti”.
Dewi Anjani nglakoni
kesalahan, sawijining dina dewekke nyoba kasekten Cupu manik astagina. Adhine
loro padha ngerti Guwarsa lan Guwarsi,ning kana malah padha tukaran ngrebutake
Cupu manik astagiana. Dewi Anjani nangis lapor marang ibune, dene Guwarsa lan
Guwarsi lapor marang bapakke ngomong yen “ Resi Goetama iku ora adil,pilih
kasih marang Dewi Anjani, kaya ngono iku ora nyimpang saka sifate Resi”.
Resi Goetama sedih lan
prihatin, merga dewekke ora rumangsa nglakoni kaya mangkana. Banjur ngakon
marang Jembawan, “Wan, coba celukna Dewi Anjani lan Dewi Windradi kon mara
mrene.” Dewi Anjani rumangsa wedi banget banjur di wenehake Cupu manik astagina
mau marang bapakke. Dewi Anjani ngomong yen Cupu manik astagina iku pawehan
saka ibune Dewi Windradi.
Dewi Windradi anane mung
meneng ora wani ngomong saka ngendi pusaka kadewatan kasebut. Dewi Windradi
kaya di adepi buah simalakama yen dewekke terus terang, pada wae dewekke
bongkar hubungane karo Bathara Surya, ananging yen dewekke meneng ora ngurmati
Resi Goetama.
Resi Goetama nesu,merga
Dewi Windradi mung meneng wae banjur ngucap “ Kowe tak sabda dadi patung watu.”
Di uncalke tiba ning taman Argasoka kerajaan Alengka. “bisa wujud manungsa
maneh yen di antemake ning sirah raseksa.”
Resi Goetama jupuk dalan
apike yaiku nguncalake Cupu manik astagina. Lan ngomong “sapa sing isoh nemokake,
duweni hak marang pusaka kasebut.” Merga dorongan nafsu Dewi Anjani, Guwarsa,
Guwarsi lan Jembawan gage-gage ngoyak kadewatan kasebut. Ananging Cupu manik
astagina kaya-kaya duwe sayap, lagi sedela wae wis isoh nglewati gunung. Cupu
manik kabelah dadi loro bagian, tiba ning lemah dadi telaga. Bagian mangkoke
tiba ning negara Ayodya dadi telaga Nirmala, tutupe tiba ing tengah alas dadi
telaga Sumala.
Dewi Anjani, Guwarsa, Guwarsi lan Jembawan
ngira yen Cupu manik astagina tiba ana ing telaga, banjur padha nyedakki lan
nyemplung ning telaga. Guwarsa, Guwarsi lan Jembawan maleh dadi manungsa
kethek. Andelok ana kethek ning ngarepe, Guwarsa nyerang kethek iku mergane
nganggep kethek iku ngalang-ngalangi mlakune.
Guwarsa lan Guwarsi gelut,
loro-lorone padha duwe kekuwatan kang seimbang. Loro-lorone padha
cakar-cakaran, jotos-jotosan kanggo ngalahake siji lan sijine. Jembawan batin “delok
saka kadohan katon gumun ana kethek loro padha gelut, nanging kabeh saka tindak
tanduk lan pangucapane kok padha persis karo junjungane Guwarsa lan Guwarsi.”
Sanalika Jembawan nyedakki lan aruh-aruh. Guwarsa lan Guwarsi ngrasa yen
jenenge iku di celuk, banjur mandheg anggone gelut. Wong telu iku mau sadar yen
maleh wujud dadi kethek, terus padha rangkulan, nangisi kedadean sing kaya
mangkana.
Dewi Anjani mlayu merga
kepanasen, sawise taka ning pinggir telaga dewekke ngrendem sikile lan raup,
maleh wujud dadi kethek. Sawise padha ngerti kutukan sing di trima, ngrasakake
sedih, nangis lan nyesel banjur padha bali menyang partapan. Putra putrine sing
awujud kethek padha bali, Resi Goetama nampa kanthi apik lan menehi nasehat
marang puta putrine lunga tapa kanggo nebus dosa lan ngentukake anugrah Dewata.
Subali tapa “ngalong”
gandulan ning wit kaya kalong (kelelawar), Subali tapa “ngidang” ngambara ing
alas kaya kidang. Yen Dewi Anjani tapa “ngodhok” kungkum ning banyu ing sapinggire telaga
Madirda. Dewekke ora mangan yen ora ana godhong-godhongan utawa apa wae sing
isoh di pangan sing mebur tiba ana ing pangkuane. Lan kanggo nyambung uripe
dewekke, ngurangi rasa ngelakke dewekke nelesi lambene nganggo banyu embun.
Tahun-tahun kang kapungkur,
Bathara Guru nglembara numpakki lembu Andinine. Nalika nglewati telaga Madirda
ngerti Dewi Anjani lagi tapa lan awakke kuru tinggal balunge, ketok kulite sing
tipis ra ana daginge, Bethara Guru duweni rasa welas asih marang Dewi Anjani.
Banjur di golekake godhong sinom. Bathara Guru nguncalake ning telaga Madirda
tiba ana ing pangkuane Dewi Anjani. Dewi Anjani mangan godhong sinom sing tiba
ning pangkuane mergane ngrasa ngeleh banget tanpa mikir tekan ngendi-ngendi
penting wetenge ke isi, kok malah dewekke ngandhut anak.
Sawise titi wancine lahir,
bayi kang di kandung mau lahir awujud kethek warnane putih sak awakke, Banjur
bayi mau di jenengi Hanoman. Jeneng Hanoman kasebut di jupuk saka gadhong sinom
sing di wenehake dening Bathara Guru,sing di pangan Dewi Anjani maleh dadi
ngandhut anak. Kanthi mangkana “ yen Hanoman iku anakke Bathara Guru lan Dewi
Anjani.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar