Zaman Rumuhun sakdurunge ana sinebat titah manungsa ing
ngalam donya, Gusti Allah utawa dzat kang maha tunggal kagungan cipta babar
kahanan antarane alam wung, alam antara lan alam donya. Donya iku ana sinebat
jagad gede, jagad gede iku ana rong perangan sinebat papat ngisor lan papat
duwur sing isine jagad ngisor banyu, angin, bumi, geni. Jagad duwur gede iku
srengenge, rembulan, angin, lintang. Papat ngisar papat duwur iku jumlahe ana
wolu jur ana jagad cilik, jagad cilik yaiku manungsa kawitan Nabi Adam di
ciptakke Allah ning surga.
Banjur
nutfahe Nabi Adam wis awujud manungsa dhampit di paringi asma nek nurut Jawa
Jaka Tarub lan Dewi Nawangsin ning nek cara Islam Nabi Sis lan garwane. Banjur
Allah dhawuh marang Jibril kon dhawuhke marang Nabi Adam marang putrane hadiah,
kon nusur mlaku ngetan napak tilas tekane ibune Hawa. Saben mlaku, sakdurunge
mau ana dhawuh yen mengka ana lemah mung ana genine lan ana lemah kono metu
banyune kowe Sis lan bojomu iseh mlakuwa ngetan ngidul, nek mung ketemu lemah
mung ana woh-wohane tok kowe dhaharo lan banjur mlakuwa ngalor kono ana
banjaran.
Sing
pegunungan mau nenggel gunung sing ana banyune tok karo gunung sing metu
genine, saiki wong jawa ngarani Gunung Merbabu lan gunung Merapi. Gunung mlenuk ning tengah mau di arani gunung
kendheng tengah, sinebat Kindhi. Banjur Kindhi mau ana lembah jenenge lembah
Srodok, banjur ramenening jaman sinebat
kali serang. Gunung tengah iki yen seka etan desa Bolo yen di tlusur tekan
Gunung Merbabu, banjur ana huruf “T” wong Jawa ngarani Takarub utawa Tarub.
Eyang
Sis lenggah ning Kindhi terus dadi Ketoyan mula di arani kebanyon. Banjur lahir
putra awal Eyang Sis banjur di adusi, sakbanjure Eynag Sis kagungan putra
sinebat yen cara Hindu Budha wangsa sinebat rajasima. Kali serang entekke ning
laut jawa yaiku ning Jepara, ning kana ana desa Keling, akhire dadi kerajaan
Keling rajane Rajasima. Iku turun pitu
saka Eyang Sis, saka Rajasima mudun telu yaiku wangsa kudungga, wangsa kudungga
mudun telu wangsa syailendra, syailendra tinggalane candi Borobudur. Wangsa
sanjaya tinggalane candi Prambanan ana kaitane leluhumerga wis ana perubahan
saka Budha marang agama Hindu.
Ana
brahamana nanging dewekke dadi raja Brahmanaraja, nek nurut leluhur
Brahmanaraja Tuguwasesa Wisnungkara Bayu Harimurti titisan Sang Hyang Wisnu.
Brahmanaraja lenggah ana ing kraton Wonosegoro, banjur kagungan putra dhampit,
sing kakung di wasthani Baka sing putri sinebat Dewi Rara Jonggrang. Mapane ana
ing Kindhi ning Ketoya, duweni tinggalan kuburan bogo iku kedhaton sitinggil.
Sakbanjure rikala Brahmanaraja lenggah minangka raja lan brahmana banjur
giyarke agama Hindu.
Sakwise
Budha ora ana banjur agama Hindu mila sinebut Brahmanaraja Tuguwasesa
Wisnungkara Bayu Harimurti. Putrane padha-padha sektine, mila sinebat prabu
Baka banjur panjenengane bisa gawe gudang ning jero lemah. Tegese gudang kanggo
numpuk rajabrana kagungane wong tuane ning Ngasinan,ning kono ana guwa sinebat
Guwa Rincing. Ning kono kanggo nyimpen rajabrana Brahmanaraja, sing mandhegani
gawe papan gudhang mau yaiku Prabu Baka.
Ana
senopati asmane Pramada utawa Gajah Mada ning kono ana sumpah Palapa. Genderane
Majapahit wis Sang Merah Putih, wis di kibarke mulai Hayam Wuruk jumeneng dadi
raja gelar Brawijaya satu yaiku anak Kencana Wungu patihe Gajah Mada mudun
nganti Brawijaya lima. Perjalanan rasul wis mulai saka samudra Parsai wis mulai
ngembang ning Indonesia. wali wis terbentuk
mula ana wali sanga, perjalanan keyakinan saka Budha, Hindu, Abangan
islam mlebu teka saka wali yen Patah yaiku putra Brawijaya sing karo pamane
bareng karo putri Sampat ning Palembang.
Putri
sampat garwa Brawijaya lima, wektu semana ngandheg lahir dhampit sinebat Khasan
karo Khusen. Khasan yaiku Patah, Khusen dianggat dadi putra mahkota Majapahit
akhire dadi dipati ning Pasuruhan, Kadipaten rom di paringke. Yen Patah di
paringi Demak sinengkake sinebat adipati Natapraja, para wali nyengkakke Sultan
Patah tunggane Bonang lan Kudus sing mrakarsai. Mergane Sunan Kudus gelem
ngecek marang Brawijaya lima apa bener
Brawijaya lima duwe bojo enom Dewi Dwarawati.
Kang
satemene putri Campas sing saka Cina wis di wenehke ning adine Arya Damar kon
ngecek kenapa perca ora pajek ning Majapahit. Akhire Arya Damar dadi raja
Sriwijaya, Arya Damar di kenalke para syeh akhire berdagang melu perjalanan
wong-wong saka Gujarat, Borneo, Sulawesi, Makasar terus ning Gersik, ning kono
wis ana wali. Sunan Ampel wis lenggah
ana ing Surabaya, kangungan putra ayu, akhire Khasan di dhaupke karo putrane
Sunan Ampel entuk perdikan Demak.
Salah
sijine wali kang sinebat Eyang Sunan Kalijaga pinangka wali tua kagungan putra
akhire putrane Sunan Kalijaga sing barep di dadekakeadipati ning Jepara sinebat
adipati Wilwatikta Jepara. Sakbanjure Saka Wilwatikta yaiku putra Prembayun,
Eyang Sunan Kalijaga kagungan putra Pangeran Hadikusuma, Pangeran Hadikusuma
kagungan putra Panembahan Kaniten, Panembahan Kaniten kagungan putra Panembahan
Mijil, Panembahan Mijil kagungan putra Eyang Sunan Damar Jati.
Nalika
sugenge Sunan Damar Jati kang minangka isih tedak turun saka Sunan Kalijaga
kang kaping lima, mula sinebat nami wayah wareng. Wektu semana panjenengane
yuswane dawa, Eyang Sunan Damar Jati kagungan lahan ombo, sak jung utawa sak
pendeleng mata. Kuwi paring dalem saka putra mantune
kang aran Raden Mas Rangsang,ingkang sinengkakake ing ngaluhur jumeneng nata ing Mataram kanthi jejuluk
Ngarsa Dalem Sampeyan Dalem ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma.
Dadi Sultan Agung iku iseh wayah saka Panembahan Senopati ing ngaloga Sayidin
Panatagama. Panembahan Senapati utawa Danang Sutawijaya putra ki Ageng
Pemanahan, nanging ana sumber liya kang mratelakake putra Hadiwijaya lembu
peteng. Panembahan Senapati entuk sabda saka panjenengane Jaka Tingkir (Sultan
Hadiwijaya) ora isoh jumeneng sultan yen durung turun kaping telu.
Sakwise
Raden Mas Julang banjur Raden Mas Rangsang lagi bisoh jumeneng nata, sakdurunge
jumeneng nata panjenengane Raden Mas Rangsang iku kagungan wilayah tinggalane
leluhur sah bandar telung panggonan yaiku Surabaya, Sunda Kelapa, Banten iku
bandar pelabuhane Raden Mas Rangsang. Nalika semana Sunan Damar Jati tindak giyarake agama islam nganti
tumeka ing tlatah banten.Sakwise dungkap kepethuk Eyang Sunan Damar Jati, Raden
Mas Rangsang kepincut karo putra Prembayune Sunan Damar Jati lajeng di
dhaupake. Dadi pelungguh kang dilenggahi penjenengane iku kang pinangka
peparing saka putra mantune amarga anggone melu urun rembug pinangka
babahan Raden Mas Rangsang jumeneng nata ing mataram. Lemah pelungguh kang
sabanjure dadi ngremboko kaparingan lenggah pinangka tanah perdikan, mengku
teges tanah merdika bebas pajeg glondhong pengareng-areng nanging ora duwe
peprintahan kaya ratu.
Nalika
timur Raden Mas rangsang budidaya pangupajiwa kanthi dedagangan rempah-rempah,
dadi pengusaha sukses. Nganti teka titi wancine putrine Prembayun asmane
Prembayun, iku di angkat dadi syah bandar ning Wora-wari Sunda Kelapa. Wektu
semana putra putrine iku ngedab-edabi babagan dedagangan, ngirim terus
rempah-rempahnganti tumeka ning tanah Ngerom Mesir. Sabanjure putrane kakung
raja Mesir kang wis kenal karo putra putrine eyang Sultan Agung utawa Raden Mas
Rangsang kasebut uga kepingin dedagangan kanthi golek rempah-rempah dewe. Wektu
semana putra Mesir kasebut bisa tetepungan marang Putri Prembayun kanti akrab,
renggang gula kinepyur pulut sedulur sinoroh wadi ing saklorone. Kanthi rasa
rasane driya, Putra raja
Mesirmenehi weruh marang Prembayun kepingin ngajak plesiran menyang Mesir.
Sultan Agung utawa Raden Mas Rangsang bingung anak wedok kok di gawa lunga
wong ing jaban tlatah tanah Jawa kang winatesan segara. Ribet penggalih sang
Sultan Agung banjur bali matur karo mara sepuhe Eyang Sunan Damar Jati lan
mratelakake menawa kaliput ing pedut. Kamangka durung bisa mangerteni papan
panggonane Ngerom Mesir.
Eyang
Sunan Damar Jati sakwuse midhanget pangandikane Raden Mas Rangsang banjur
ngumpulake karo para sokabat para ulama lan santrine, wosing rembug mratelakake
apa patut yen Raden Mas Rangsang di jejerke minangka raja kang nguwasani tlatah
warisan leluhur bageyan Mataram. Para
Ulama, murid lan para santri padha sarujuk menawa Raden Mas Rangsang kang nembe
ditinggal lunga putra Prembayun kawisuda didadegake minangka sultan
sinebut Sultan Agung Hanyokrokusuma kanthi di sekseni para sokabat kabeh kalebu
Sunan Damar Jati. Ing kene Sunan Damar Jati paring sabda pangandika menawa wus
titi wanci Trah Panembahan Senopati kang turun kaping telu sinengkakake ing
ngaluhur jumeneng nata kaya kang wus kacariyos dening penjenengane Kanjeng
Sultan Hadiwijoyo (Jaka Tingkir).
Sakbanjure,
dumadakan ana tamu iseh kepernah murite mbahe buyut Sunan Damar Jati, yen wong
jawa ngarani Saridin, satemene isih darah putrane Eyang Sunan Kali Murya kang
ing masyarakat masthani Syeh Ridha. Miturut Ki Ageng Kiringan ora gelem yen
mastani Syeh Ridha nanging penjenengane langsung wae di jenengi Saridin, mboten
Syeh Ridha. Syeh Ridha rawuh, banjur Eyang Sunan Damar Jati matur karo sedulure
tua “Kakang Syeh Ridha tiwas kebeneran dina iki sineksenan para manggala
santri-santri, putraku kelangan anak wedok jare pamite plesir marang
Mesir,dadiyo kaweruhanmu ndak suwunpenjenengane Syeh Ridha sarujuk dherekna junjunganmu, ya mantuku Raden
Mas Rangsang nglacak putri Prembayun
menyang Ngerum Mesir, lamun bisa ketemu nikahna sisan marang sing gawa mlayu
yaiku anak raja Mesir iku”.
Eyang
Sultan Agung utawa Raden Mas Rangsang di dherekake karo Syeh Ridha utawa
Saridin tindak nglacak menyang Ngerum Mesir nitih blarak ngagem satang tebu
mas, cekak aose banjur ketemu
karo raja Mesir. Ing kono pada lenggah sak rembag kang sakbanjure sak wise
padha sarujuk lan putra putrine kang aran si Prembayun ya seneng marang putrane
raja Mesir, mula banjur di dhaupake. Babagan iki pinangka ngestoke dhawuhing
Kanjeng Sunan Damar Jati ing ngarep. Suweneng-suwe nalika Raja Mesir dungkap
yuswa lan lengser keprabon diganti dening
putrane raja Mesir, lan di jumenengke dadi raja ngganti wong tuwane.
Kanthi sabdane sang Raja Muda Mesir, terus garwane ya si Prembayun putrane
Raden Mas Rangsang/Sultan Agung Hanyokrokusumo sinengkakake ngaluhur pinangka
dadi prameswari raja Mesir kasebut. Uripe ing Mesir sakinah mawadah warohmah
lan terus sinau Agama Islam kanthi premati.
Nalika semana panglarahe Eyang Sultan Agung
marang putra-putrine tumuju Mesir dikawal dening Sheh Ridha. Wondene tindake
ing pangajab uga tumuju marang Ma’kah kepingin nyempurnakake anggone ngibadah
rukun islam di wastani Haji. Wosing rembug Kanjeng Sultan Agung kelakon rawuh
ning Mesir karo Sheh Ridha. Mesir lagi padha rebutan penguasa pinangka pengarep
agama lan pengin ngganti Nabi Muhammad. Sakwuse iku Eyang Sultan Agung kepranan
penggalihe kepinginngadani bedamen sedulur-sedulure sang Raja Mesir kabeh.
Pandangune Kanjeng Sultan Agung “Sapa sing kepingin giyarke agama Islam sak
surute kanjeng Nabi Muhammad”, salah siji tokoh agama ana sing ngacungake
astane lan matur” Aku”. Pawongan mau kasunyatan asmane Syafi’i kang wus
gegulang kaweruh agama sawatara suwe. Kanjeng Sultan Agung dhawuh “Apa dasarmu
yen kowe arep giyarke agama Islam”?Syafi’i terus matur marang Kanjeng Eyang
Sultan Agung: “Sahadat tauhid, sahadat rasul, shalawat nabi. Kanthi lafal lan
pangandikan“bismillahirahmanirrahim ashaduallailahaillallah
waashaduannamuhammadarrasullullah” diterusake shalawat Nabine allahummasoli’ala
syaidinamuahammad wa’alaali syaidina muhammad”.
Sak
durunge Kanjeng Eyang Sultan Agung ketemu marang Syafi’i, penjenengane duwe
dolanan adu kekuatan kang diarani tarik tambang. Dolanan tarik tambang mau
Syafi’i melu ananging mung teka mandheg hing wetan Ka’bah. Banjur pandangune
Kanjeng Eyang Sultan Agung“Sapa maneh sedulurku Islam sing pingin giyarke agama
nerusake perjuangane Rasul”?. Pawongan kang asmane Hambali ngacungake astane,
terus diadani dolanan Tarik tambang nganti tumeka ing lor Ka’bah. Kanjeng
Sultan Agung ngendika “Dasarmu apa”? Hambali matur “Sahadat tauhid, sahadat
rasul lan solawat nabi, lan ngucap lafal bismillahirrahmanirrahim
ashaduallailahailallah wa ashaduanna muhammadurrasullullah”, lan sateruse matur
salawat nabine kanthi nyebut lafal“allahummasali’alamuhammad wa’alaali
syaidinamuhammad.”.
Dolanan
tarik tambang diterusake, banjur sapa maneh ? sinebut Maliki, dasare apa?
Dijawab kanthi matur Sahadat tauhid, sahadat rasul lan salawat nabi. Maliki
matur “bismillahirrahmanirrahim ashaduallailahaillallah waashaduannamuhammadarrasullullah
shalawat Nabine allahummasali’ala muhammad wa’alaalisyaidina muhammad”. Tarik
tambang tekan kulon Ka’bah.
Dolanan
tarik tambang diterusake, banjur sapa maneh ? sinebut Hanafi, dasare apa?
Sahadat tauhid, sahadat rasul, shalawat Nabi. Hanafi matur
“bismillahirrahmanirrahim ashaduallailahaillallah waashaduannamuhammadan
ngabduhu warasuluh, shalawat Nabine allahummasali’alasyaidina Muhammad wa’ala
ali muhammad”. Tarik tambang mung mandheg ning kidul Ka’bah. Penjenengane
Ngarsa Dalem Eyang Sultan Agung paring wewarah marang sedulur papat kanthi
ngendika “Kowe padha ngesahna Sholatmu dhewe-dhewe, aku ora melu kowe kabeh.
Aku saka Tanah Jawa mrene sakwise aku besanan karo raja Mesir, aku kepingin
nyempurnakake anggonku ngibadah sholat. Kang ndak gantha-gantha saka tanah Jawa
tumuju menyang Mesir nyampurnake lampah Agama Islam kanthi ibadah haji, lan
sing tak sesuwun marang ngarsane Allah, ayo nglampahi ngibadah kang padha karo
hadis Nabi bilisane Rasul, khusi Allah marang Rasul rikala Rasul di dhawuhi
ngedekake sholat kanggo nylametake umat.
Pangandikane Kanjeng Sultan Agung
mratelakake, gandheng aku umate rasul sing tak suwun sing padha ngibadahe,
yaiku sing saben dinane di tindakake dening Rosul. Pinangka pandomeng laku
Al-Qoran lan Hadis. Sabanjure sakwise syarate Haji di tindakke kabeh dening
Ngarsa Dalem Sultan Agung kanthi tuntas lan tawakal, penjenengane pikantuk
gelar Sultan Agung Hanyakra Kusuma Habdul Rahman Sayidin Panetep Panatagama
Kalifatolah Sepisanan Hing Tanah Jawa Dipa.
Kasil kasembadan kang dadi panuwune, yaiku
nggoleki putra-putrine lan ngayahi ibadah haji dening Kanjeng Sultan Agung
Hanyokrokusuma, tumuli kundur marang Tanah Jawa warisan leluhur, lan sowan
marang maratuwane. Tumuli Kanjeng Sultan Agung matur ing ngarsane Kanjeng Sunan
Damar Jati, saksampunipun kula pinanggih wayah dalem tiwas kebeneran dhumawah
jatu krama lan jodhonipun keng wayah inggih pun Prembayun, lan kula sampun
bebesanan kaliyan raja Mesir, malah keng wayah samangke kanobataken
pinangka dados prameswari raja Mesir.
Eyang
Sunan Damar Jati ngendika alhamdullillah beja kemayangan putraku, sliramu wis
pikantuk kanugrahangelar di syahke pinangka dadi raja. Wilayahmu ombo, monggo
yen arep di terusake wis ndang digiyarake anggonmu ngasta panguwasa, lan
anggonmu nyebarake tuntunan agama Islam, aku setuju banget.Bebarengan ngendika
mangkana uga mratelakake menawa
putra putri Kanjeng Sunan Damar Jati ingkang nomer tiga kajatu kramakaken
kaliyan raja Lombok, lan sinebat Mataram kalih.
Sakbanjure
sarasilah Kanjeng Sunan Damar Jati mundhut saking putra Majapahit, Bupati
Wilwatikta Tuban duwe anak Raden Mas Said karo Dewi Rasa Wulan. Raden Mas Said
kagungan putra Raden Tumenggung Wilwatikta Bupati Jepara, terus Wilwatikta
kagungan putra Pangeran Hadi Kusuma Kadilangu. Pangeran Hadi Kusuma kagungan
putra Panembahan Ageng Semarang, Pagenembahan Ageng Semarang kagungan putra
maneh Panembahan Kaniten, Panembahan Kaniten kagungan putra Panembahan Mijil,
Panembahan Mijil kagungan putra Ki Gedhe Damar Jati utawa Kanjeng Sunan Tremboyo,
kang makame sing ana ing dusun Ketoyan, Wonosegoro, Boyolali.
Sakwise
adeging Kanjeng Sultan Agung pinangka jejer punguwasa ing Mataram tambah
ngrembaka lan syiar agama Islam sansoyo tambah kondhang. Kanjeng Sultan Agung
sawuse kundur saka Ma’kah, maringi tambah wilayah kekuasaane marang Kanjeng
Sunan Tremboyo utawa Kanjeng Sunan Damar Jati kang sinebut perdikan Glagatan.
Wilayah Glagatan iku wiyare gangsal jung utawa limang pendeleng mata, Kanjeng
Sunan Damar Jati paring dhawuh marang puta mantune lan mratelakake menawa
paringan wilayah limang jung iku rumangsa kakehan,ingkang dadi sultan ki rak
sliramu, mosok limang jung kok wenehke aku kabeh. Aku ora usah okeh-okeh tak
jupuk sak jung wae.Wusana Kanjeng Sunan Damar Jati ingkang kagungan paring dalem
wilayah bumi sak jung sinebat perdikan Glagatan kanthi gelar Kanjeng Sunan
Tremboyo.
Sakwise
Kraton Kartasura geger ontran-ontran Trunajaya, Ngarsa Dalem Amangkurat Agung
badhe seda, paring wasiat marang putra-putrane, yaiku Pangeran Natabrata, loro
Pangeran Mangkubumi, lan telu Pangeran Puger. Isi wasiyat mratelakake menawa
Kraton Kartasura dibagi, prastawa iki sinebut perjanjian Giyanti. Prajanjen
banjur di tapak asmani lan ana ing istilah Islam sinebat paron Giyanti.
Pangeran Mangkumi nampa Mentaok tinggalane Kanjeng Sultan Agung.
Pangeran
Puger nampa Kartasura sak paosane, duwe kewajiban yasa kedhaton. Pangeran Puger
wis rampung anggone yasa praja saka Kartasura di pindah ana ingSurakarta
Hadiningrat. Pangeran Mangkubumi mindah Kedhaton Pleret Kota Gedhe ana ing
Ngayogyakarta Hadiningrat. Sabanjure Kanjeng Pangeran Mangkubumi jumeneng nata
kanthi gelar Sampeyan Dalem Kanjeng Sinuhun Sri Sultan Hamenku Buwana I, lan
jumeneng nata nganti sepuh. Kanjeng Sultan kagungan garwa putra-putrine Kanjeng
Sunan Damar Jati kang pembarep saka garwa kang nomer telu. Dene Pangeran Natabrata entuk putra enom sing nomer
telu, Pangeran Puger ora kumanan. Wektu perjanjian Giyanti stempel Kanjeng
Sultan Agung di astha deningAmangkurat Agung,
lajeng di astha Pangeran Puger. Sakbanjure Pangeran Natabrata mangandap
kagungan turun enem, salah sawijine disebut Ki Prawirayuda.
Pangeran Mangkubumi kagungan putra-putri kang
di dhaup dening putra wayah saka Kanjeng Sunan Damar Jati, kanthi asma Pangeran
Ranakusuma. Kanjeng Pangeran melu gawe kedhaton Kasultanan Ngayogyakarta
Hadiningrat, ingkang dipun sengkuyung dening Kanjeng Sunan Damar Jati kanthi
gelar Kanjeng Sunan Tremboyo migunakaken pusaka tumbak Bayu Sekti.
Pangeran Puger kagungan putra, sakwise
Kartasura pindah ning Surakarta Pakubuwana estu lengser, putrane Prembayun
jumeneng nata Pakubuwana II. Lajeng sowan menyang Ngayogyakarta ning panggonane
kangmase Sultan Hamengkubuwana I. Matur benjang menawi jumeneng nata garwa
prameswari sinten? Pangeran Mangkubumi dhawuh yen garwa prameswari yaiku
mbakyumu. Mboten saget mbakyu rak namung anak sunan,sanes anak ratu. Nek
kangmas mboten kersa dhaup wayah dalem kula mboten badhe nyekseni kangmas
jumeneng sultan. Pangeran Rana Kusuma karo ibune mireng ature adine ipe.
Pangeran Rana Kusuma matur mongga kanjeng rama menawi badhe dhahar aturipun
paman Puger mangga. Kula mboten badhe nyuwun stempel malah kepara kula nyuwun
donga lan pangestu dherekaken ibu wangsul dhateng Glagatan, dherek eyang
Kanjeng Sunan Damar Jati.Benjang tedhak turunipun paman lan tedhak turunipun
kanjeng rama badhe madosi kula, nyuwun mandhape wahyu Senapati
lan wahyu ratu dhateng tedhak turun kula. Merga Nuswantara iku langsung di adu
domba karo Walanda, nguwasani adipati-adipati jaban rangkah tanah jawa nganti
entek mula njur ana perjanjian Giyanti.
Sakwise
piyayi telu siji Prawirayuda, loro Raden Mas Sapardam, telu Ranakusuma lan
putrane Wijaya. Merga Ranakusuma dhaup karo putune Kyai Ageng Serang. Sakwise
mudun crita kasunyatanRaden Mas
Sapardam wayah buyut Pakubuwana I meguru marang Pangeran Ranakusuma. Terus
Prawirayuda di pundhut mantu merga dewekne sinau golek ilmu kang sinebut Sir
Wenda lan Sir Dipo. Sak surute Kanjeng Sunan Damar Jati sing dadi tokoh ning
tengah tanah Jawa, yaiku Pangeran Rana Kusuma alias Kyai Kuthuk Wasesa,uga
diarani Sawungrana I.Kanyatan Raden Mas Sapardan meguru marang Kyai Kuthuk
Wasesa Sawungrana I kalebu anak Natabrata, mantu sultan sepuh, merga kepingin
memerangi Walanda. Tokoh telu iki anatarane Raden Antawirya, Prawirayuda terus Raden
Mas Sapardam iki minangka kunci wayah perang nglawan Walanda. Sakwise Wong telu
meguru ilmu perang. Raden Mas Sapardan kaparingan Aji dipa lan aji sir winda
kagungane Pangeran Ranakusuma.Klebu mantune Prawirayuda uga kaparingan aji dipa
lan aji sir wenda kang padha sing diagem Raden Mas Sapardan. Aji Sir Wenda
Cakrik perange kanggo titis nembak tan luput ing janji, yen iku di mantram
umpamane nganggo pestol, ngungkuri karo musuhe bisa kena ketembak. Dadi yen
musuhe saka kulon, nembake ngarahe ngetan nanging sing kena kulon yaiku
keajaibane aji sir wenda iku. Telung tokoh iku yen miturut dhawuh aja di
temokake dhisik, yen durung ana kesepakatan.
Sabanjure
Prawirayuda, Sapardan, lan Nyi Ageng Serang uga rawuh banjur padha meguru
marang Eyang Ranakusuma pinangka sangu badhe gecak perang nglawan Walanda. Ana
sumpah sing di ucapake Raden Mas
Sapardam, Pangkubuwana enem, Prawirayuda lan Raden Mas Antawirya, isine sumpah
kaya dene kang senebut tiji tibeh, yaiku werdine kabeh iku iseh sedulur, mati siji mati kabeh,
mukti siji mukti kabeh. Raden Mas Sapardan matur marang Paman Antawirya tak
keparengake nganggo asma Pangeran Dipanagara.
Sineksen
karo eyang guru lan arwahe eyang sepuh guru, banjur sumpah Adirata. Kanggo
nyempurnakake wejanganku Aji dipa lan Aji sir wenda yen Mas Sahid lan ngarsa
dalem mangga kula suwun menep wonten papan
sudhetan kali Serang mriki, pundi ingkang panjenengan kersakaken.
Sakbanjure wonten ing mrika tuwuh kembang wit kemplaka, wonten mriku mawi badhe
menepaken Aji sir wenda lan aji sir dipa napa saged angsayuda bingkas mungsuh
Walanda ingkang saking Nuswantara.
Raden
Mas Sapardam, Pangkubuwana enem lan Prawirayuda tapa adu geger ning ngisar wit
kemplaka. Ning tapane ngluweng trus di tutup. Sakwuse patang puluh siji dina
benang sing kanggo tengara mau loro lorone pedhot. Eyang Rana Kusuma dhawuh
kabukak, piyayi kalih wis lemes banjur di angkat para santri. Sakwise di
suwunke marang Allah di puji, dzikir lan donga kanyatan piagung kaleh kala wau
iseh birawa.Banjur matur karo gurune Eyang Sapardam matur yen rumangsa weruh
ponang jabang bayi ana ing pinggir segara, bayi mau di dhepi singa ning singa
mau mung ana siunge loro. Bayi mau di pundhut Eyang Sapardam di gendhong numpak
singa, singa ngolet mlampah terus mlumpat ning segara ilang.
Kacariyos
Eyang Prawirayuda pirsa ponang jabang bayi ning kono ana turangga utawa jaran,
sikil tengen pada thakur-thakur. Eyang
Prawirayuda mundhut bayi di gendhong nitih jaran, ana gapura edi mlebu ning
gapura banjur kono ana trowongan pring apus nenggak gulune Eyang Prawirayuda
dhawah banjur nglilir.
Banjur
matur ana sebutan sirullah datollah kalifatollah afengalollah banjur piyagung
kalih matur kaleh guru, Eyang guru mekaten saklebetipun kula marsubudi
saksampunipun kula nampi dhawuh wejangan aji
sir wenda lan aji sir dipa. Ngarsa dalem lan anak mas mantu sedaya bakal
nampi kanugrahan kabegjan kamulyan saka Pangeran nanging yen mas mantu lan
ngarsa dalem ora bakal ngawuningani merdikaning nusa lan bangsa, sing bakal
nemu anak turunmu. Terus angsal yuda seka Walandan bisa bubar kapracondang saka
bumi Nuswantara. Matur marang eyang guru, tunggu sawetara bakale ana tamu saka
Ngayogyakarta kang dadi paseksen. Raden Mas Antawirya kepareng rawuh nyekseni
lan saklebune padha sarasehan banjur ngucap sumpah adirata. Sapardam dhawuh
Paman Antawirya ngereko gendera perang aja nganggo Antawirya nanging nganggo
asma Dipanagara jalaran aku wis entuk aji dipa lan aji sir winda saka Kyai
Kuthukwasesa. Tilasku tapak suci marsubudi nyuwun marang Gusthi besuk yen
ramening jaman katelah Pundhuk Gagatan kang minangka papan panggonane makam
Sunan Damar Jati.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar