Kamis, 18 Desember 2014

SANDI ASMA


 
Antarane aku lan sliramu
Lelangenan asmara dahana dupi
Fajar katon angendanu
Ilang datan kasirep
Amung gumebyaring raina
Nandang gandrung hanelahi
Aku tresna marang sliramu

Faham kang nguningani
Isine kekarepan
Tansah gumandul sajerone kalbu
Rina lan wengi hanggegira ati
Ingkang ginayuh bisa hanjalari

Lamun sedya akanthi karsa
Ati lan hasrat gidra-gidra gonjang ganjing
Rumeksa kang hanelahi
Arum ngambar kusumaning jiwa
Sesanggemaning tan bisa karuwat
Amung tresna mawa pangorbanan
Tan kena pinenggak
Ingaran sang Kamajaya lan Kamaratih

Tidak ada komentar:

Posting Komentar