SWARANING ATI
Kanthi sumilire angin
wengi iki
Anggawa gandaning
kembang asmara
Kang tansah hangambar
aroma wangi
Puspaning ati kang lagi
ketaman asmara
Binarung swara
gendhinging hyang widhi
Sinandhing swara ing
jero atiku iki
Hambabar angkasa raya
Hanggeterake ambaning
bhumipala
Kanthi sineksen langit
lan bumi
Tan bisa cinidra,tan
bisa kasuda
Tresnaku amung siji ing
ati iki
Amung kanggo sliramu
kangmas
Pangajabku,,,,dhuh
pepujaning ati
Sliramu bisa nampa
puspa tandha tresna iki
Sanajan aku iki mung
wong papa
Nanging tresna iki
tanpa upama
Tidak ada komentar:
Posting Komentar