Kamis, 18 Desember 2014

MODIS

Pasuryanmu kang sumunar
Pindha bagaskara ing wanci enjing
Yen tumindak lengkeh-lengkeh sardula
Astamu kang gendhewa pinentang
Pindha blarak sempal nalika lembehan
Sukumu kang gangsir lumaku kanthi rancak
Alismu nanggal sepisan
Mripatmu lindri-lindri
Irungmu mbangir
Pipimu during sajuwing
Lambemu manggis karengat

Saben wong kang delokake blegere awakmu
Dadekake sengseming ati
Lagak lagune kaya wong kang ngebreh
Katitik saka agemanmu ngadisarira ngadi busana
Kasenenganmu tetuku samubarang kalir ing mall

Tidak ada komentar:

Posting Komentar