1. Sigra mara Kanjeng Sunan anerajang, ing wana langkung sungil,
nyata
wus kapanggya, kang lagi laku ngidang, lumayu binalang aglis, sega
kepelan, tiba ing gigir neki.
2. Syeh Melaya pan aririh pelayunya, anulya piningkalih, kena
lambungira, deperok Syeh Malaya, anulya binalang malih, sega kepelan,
emut nulya ngabekti.
3. Pan anderu sumungkem angras pada, ngandika sang ayogi, “jebeng
wruhanira, yen sira nyuwun wikan, kang sifat hidayatullah, mungga
kajiya, mring Mekah marga suci.
4. Anbambila toya zam-zam mring Mekah, iya banyu kang suci, sarta
ngalap barkah, Kanjeng Nabi panutan, Syeh Malaya angabekti, angaras
pada, pamit sigra lumaris.
5. Sang Pandita wus lajeng hing lampahira, mring Benang dhepok sepi,
nyata kawuwusa, lampahe Syeh Malaya, kang arsa amunggah kaji,
dhateng hing Mekah, lampahnya murang margi.
6. Nrajang wana munggah gunung mudhun jurang, iring-iring pan mlipir,
jurang sengkan nrajang, wauta lampahira, prapteng pinggir pasisir,
puter
driya, pakewuh marga neki.
7. Ning pangkalan samodra langkung adohnya, angelangut kaeksi, dyan
jetung kewala, aneng pinggir samodra, wonten ingkang winarni, sang
Pajuningrat, praptane sang Kaswasih.
8. Apan tuhu uninga ing lampahira, Syeh Malaya prihatin, arsa wruh
hidayat, apan terah tinerah, sukma sinukma piningit, tangeh manggiya
yen tan nugraha yekti.
9. Nyata majeng nggebyur malebeng samodra, tan toleh jiwa diri, wau
Syeh Malaya, manengah lampahira, anut parmaning Hyang Widhi, ing
sanalika, prapteng teleng jaladri.
10. Ya ta malih Jeng Sunan ing Kalijaga, neng telenging jeladri,
sampun
pinggihan, pan kadya wong leledhang, peparabe Nabi Khidir, pan tanpa
sangkan, ngandika tetanyaris.
11. Syeh Malaya apa ta sedyanira, prapteng enggone iki, apa sedya
nira
dene sepi kewala, tan ana kang sarwo bukti, myang sarwo boga, miwah
busana sepi.
12. Amung godhong aking yen ana kaleyang, tiba ingarsa mami, iku kang
sun pangan, yen ora-ora nana, garjita tyas sira myarsi, Kanjeng
Susunan,
ngungun duk amiyarsi.
13. nabi ningrat ngandika mring kang prapta, putu ing kene iki, akeh
panca baya, yen nora etoh jiwa, mangsa tumekaha ugi, ing kene mapan,
sekalir padha merih.
14. Ngegungaken ciptanira maksih kurang, nora ageman pati, sabda
kaluhuran, dene mangsa anaha, keweran tyas Sang Kaswasih, ing
sahurira dene tan wruh ing gati.
15. dadya alon atur ira Syeh Melaya, mangsa borong Sang Yogi, Sang
Wiku lingira, apan ta sira uga, kasmaran hidayat ullih, wekasan
ningrat,
meloke ing saiki.
16. Anglakoni pituduhe guru nira, Sunan Benang Sang Yogi, tuduh
marang sira, kinen ning negri Mekah, pan arsa myang munggah kaji,
mulane nyawa, angel pratingkah urip.
17. Aja lunga yen tan wruh kang pinaranan, lan aja mangan ugi, yen
tan
wruh rasanya, rasane kang pinangan, aja nganggo-anggo ugi, yen
durung wruha arane busana di.
18. Witing weruh atakono pada jalma, lawan tetiron nenggih, dadi lan
tumandhang, mengkono ing agesang, ana jugul nganggo-anggo ugi, yen
durung wruha arane busana di.
19. Lamun kuning den anggep kencana mulya, mangkono ing ngabekti,
pernahe kang sinembah, Syek Melaya duk miyarsi, ndeku norraga, dene
Sang Wiku sidik.
20. Sarwi sandika ing atur ira, Syeh Melaya minta sih, anuwun jinatenan,
sinten ta aran tuan, dene mriki peribadi, Sang Pujuningrat, Hya
ingsun
Nabi Kihidzir.
21. Atur sembah pukulun nuwun jinatenan,pun patik nuwun asih, ulun
inggih datan, wruh puruhiteng badan, sasat satoning wanadri, tan
mantramantra,
waspadeng badan suci.
22. Lang lung mudha punggung cinacad ing jagad, keksi-keksi ning
bumi, engganing curiga, ulun tanpa warangka, wecana kang tanpa
siring,
nyata ngandika, manis sang Nabi Khidir.