Dadya gung meminta
Dewa Ji, eneng pamujan tanpa didahar miwah sare. Katarimah panyuwunipun Hyang
Narada nedhaki. Ndawuhken sabdane Hyang Bathara Guru ora kena yen dimungsuh
jurit sang Narendra Prabu Dayaningrat sekti mandra guna tanpa tandhing. Luwung
di pek mantu wae dadi padha sakarsa ngelun Tanah Jawi sedaya kawengku ing
tembene nerahaken Narpati prawireng palugon mandra guna tan ana timbangane angedaton
ing Pajang Negari angerehaken nusa Jawi myang sabrang sumuyut telas wuwusing
Hyang Narada nuli muksa wus tan katon Prabu Brawijaya lega penggalihe miyos
nimbali rekyana patih. Ngendika : manira wus antuk dhawuhe Dewa Gung duk
miyarsa sukeng tyase ki patih. Ya matur sang Katong : ing Blambangan kancikan
mangsah prabu kala rujita ing Baliarsa ngelun tanah Jawi mring nglempak kabeh
sumiwiya marang nata ing Pengging Dayaningrat mengku sedaya duk miyarsa gugup
Sri Brawijaya dyan patih kinatog. Prayogamu kepriye? Matura den aglis Ki patih
pikiren kepriye prayogane, atur pamrayogane ki patih lamun asuwawi prabu Dayaningrat binujuk puruna anglendhikaken mangsah nglawan jurit. Wantune
mong anom, dhasar prawira sugih kasekten yekti kenging pinulut mamanis mrih
mapak ajurit saking sabrang awit prabu Dayaningrat dereng mangertos yen prabu
ing Bali eyange prabu Brawijaya den embani rekyana patih kang arsa lumaku.
Nalika semanten Majapahit sampun ringkih rekyana patih nuli budhal mring
pengging wus kepanggih Sri Dayaningrat. Patih Gajah Mada wus nandukake pamilute
sampun kenging kabujuk. Sri Nata rindha ing Pengging sampun sagah methukaken
mangsah, para mangsah sami kasoran. Katur sang Katong, Kala Gerjita langkung
duka dhawuh yen harsa ngantepi jurit. Patihe atur yen sang Prabu Dayaningrat
wayahe piyambak putranipun sang Retna Kalasmaniyata sang Nata ing Bali larut
krodhanipun.
Inggaling cerita ,
sampun panggih wayah sang Katong langkung suka penggakihe wekasaning rembak
nata ing Bali ing aturan dening wayah mrih anungkul marang Sang Brawijaya ing
Majapahit tan nglenggana mangkana ature Ki Wayah kalampahan nungkul sak
wadyanira dalah Makasar, Ternate, Jambi binekta sumiwi marang Majapahit
kalangkung suka sang Prabu Brawijaya sang nata ing Pengging lajeng kadhaupaken kaliyan
Retna Prembayun putri Brawijaya kang pembajeng, patutanipun kaliyan Ratu ndara
wati ing Campa, dipun dalemaken wonten pura jroning praja Majapahit. Prabu
Dayaningrat kasok penggalihe rumaos karoban sih sedya males kebecikan sagung
praja kang kabawahing Pengging kaaturaken dados kabawaing Majapahit.
Kacarita nata ing
Pengging dahat denya atit runtut wus patutan putra kakung kalih kang bagus
warnanipun. Pambajeng asma Raden Kebo Kanigara, panggulu asma Raden Kebo
Kenanga. Miyosaken kang nomer tiga Raden Kebo Surastri lajeng sang putri seda
kunduran, putra lajeng ugi nututi seda. Prabu Dayaningrat langkung dene susah
panggalihe tinilar garwa kang sanget dipun tresnani datan wignya nayuti
brangtane temah mukasa sumusuling sori, Prabu Brawijya kalangkung denya
sungkawa.
nulya wayah kang sepuh Raden Kebo
Kanigara kinen gumanti ing Pengging, hamengku praja sinung papareb Adipati
Pengging. Punika lelampahan jaman Nagari Pengging Dayaningrat, Raden Jaka
Kretek ingkang dados Adipati ing Makasar putra Brawijaya nomer 9, mangkana
winarni duk jaman daharu sabedhahe Nagari Majapahit. Sang Adipati Pengging
Raden Kebo Kanigara lolos arep binanter ing kasutapane sawarsa genira lenggah
ing kawah Gunung Merbabu lajeng pindah wonten lerengipun ing samangke sampun
wonten margi ingkang sae kagem margi mobil saged dumugi papan pasanggrahan.
Raden
Kebo Kanigara dados ajar salami sugeng sedanipun dipun obong, awit tasih agami
Budha rayi dalem anggentosi ing Pengging. Kyai Ageng Kebo Kenangasampun agami
Islam sampun antuk wisiking gurunipun Syeh Siti Jenar sedherekipun tunggil guru
punika.
1.
Ki Ageng Tingkir pambajeng
2.
Ki Ageng Kenanga panggulu
3.
Ki Ageng Butuh panengah
4.
Ki Ageng Ngerang wuragil
Wus sami ngadeg
jumuahe sinuyudan kanan keringing agama islam. Miwah sira Kyai Ageng ing Pengging.
Jumuahe angredon nganti lali marang ing kadipatene, dasar ing Pengging tilas
negari gung sami suyut ing agami jumuahe agung. Jalu estri hanganyar-anyari
rahabe kalakon. Jejel uyel saben jumah ingkang prapta saking kanan kering seseg
jroning Masjid kathah para Dipati. Tan wonten kadya wonten ing Pengging wibawa
lir Narpati. Kyai Ageng Pengging lajeng krama, putranira kang paman Raden
Gugur. Raden Gugur sedherek tunggil ibu Ratu Handarawati saking Campa garwa Sri
Brawijaya V, kaliyab Retna Prembayun ibu dalem Kyai Ageng Pengging Kebo Kenanga
dados krama angsal nak sedherek. Kyai Ageng Pengging atut runtut ingkang
palakrami, sedherek ingkang tunggil guru sami rukun. Ki Ageng Pengging lan Ki
Ageng Tingkir sami prasetya sareng ngemasi (sareng pejah). Jaman akhir ya
kongsi pisah lahir batine anunggil, yen ta panggih sehari rasa kaya pisah
sawarsa. Rikala wonten nandhang luh kadi sinulihana kadi sinulihana sakalian
sami sumungkem mring guru Syeh Siti Jenar padukuhan Ngadipurwa, dhepoke Kyai
Ageng Pengging. Kyai Ageng langkung sungkem, ngibadahe rina wengi tanpa mati
raga (ngluweng) namung nyuwun sih kamirahan.
Gantiya winarsita
: Sultan ing Demak Syeh Alam Akbar, nenggih sampun amiyarsa warta solahe Ki
Ageng ing Pengging. Terus waspada kepiye sedyane Ki Pengging iku wus kacakup
marang Sultan, kagungan rumaos menawi ing benjang saged ngesur ing Demak. Raden
Patah punika putra Brawijaya, miyos saking ampil Cina kang kaparingaken Raden
Harya Damar awit Ratu Handarawati mboten kersa menawi ampil cina kadadosaken
garwa.
Kyai Ageng
Pengging alias Kebo Kenangapunika wayah Ratu Handarawati, sami-sami sampun
angemut dhendham. Kyai Ageng ing Pengging nulya tinimbalan mantri kakalih,
purna tumuli marak dhateng Demak sesarengan lampah kula. Kyai Ageng ngendika
“wonten menapa kula katimbalan?” caraka wis muliha, matura sang Prabu
sakalangkung nuwun . Caraka mesat sampun merang datan angsal kardi.
Ingkang kawarna
inggih Ki Ageng Tingkir sampun miyarsa warti yen kang rayi Pengging wau
ngendikan marang Demak. Ki Gede Tingkir mring Pengging sampun panggih lan Ari
Kebo Kenanga. Ki Gede ing Nadipurwa ngendika aris : “apa gene to yayi,sira mapa
tinimbalan Aji. Pangrasanira yayi ora kabawah ing ratu Siti kang sira ambah
saisine Tanah Jawa. Sarupane iku darbeking ratu.” Ki ageng Pengging ngendika :
ingkang darbe bumi kaluputan apa, wong di dhedukuh di timbali”. Angling Ki
Ageng Tingkir “aja mangkana arining sun, ayo nampani lombo lan aja nggegampang
pikir.” Pekewuhe sira yayi, sira sandhang yayi mungguh kaya sira kagungan
wadhah panambune durung ilang yen sira putra nira Aji wayah Brawijaya ing
Majapahit tilase durung alum, ratu agung prakosa. Rama Dayaningrat kamantu sang
dewa ji, yayi kaya punapa angringkes perkawis pangandikaning Narendra menawa
salah udani. Yen kadangira yekti arine ibu satuhu menawa paring pangapura, kang
jumeng Aji. Panggonane ana ing desa ngadesa, becik sira lumaku manira yayi tutu
wuri mangsa tegaha mring sira, pekewuh sun adhangi kang rayi umatur aris, kadya
mboten sapunika kakang boro tan boro.
Mindah wong jumeneng
Aji emut sanak dhateng ing ing lambung kasimpar (ateges wonten mbobotan dipun
bucal). Kyai Ageng Pengging tasih karaos nalika timuripun, tinilar rama ibu
kapupu ingkang Eyang Prabu Brawijaya ing Majapahit. lajeng dipun gepuk prang
dening Raden Patah putra dalem Brawijaya. Yayi yen pinindha sira, katimbalan
mring Narpati kaya paran karsanira, amatur Ki Ageng Pengging ingginh wonten
punapa , ameksa wong datan purun, kang raka sru ngandika. Apa yayi wong
ngaurip, amung katimbalan Narendra iku pandurakani lan sira ngadegna baris, aja
tanggung tekatira aja sira mungal mungil, temah katahil riningsun. Wong tandha
ngakali melik sethithik suprihipun kendela wong angawula. Ki Ageng gumuyu suka,
kakang kaping kalih kardi sampeyan merang ing tatal bilahi lara lan pati,
sinten ingkang darbeni kagungan nira Hyang Agung saderenge gumelar pasthi
punika wis dadi adoh werak saking wujud dalil Allah.
Saderengipun
tumitah kawulane wus pasthi dhumateng myang kang maha Mulya sinten sagah
anglakoni. Yen pesthi sampun dadi sinten kuwasa mumurang Gusti punapa kawula,
kakalih sampun pinasthi. Awon sae sampun wonten ing kitab Lukilmakpul. Ki Ageng
Tingkir ngendika “iya yayi apa malih? Yen wus pasthi tekatira pun kakang teka
ngaminisadina mituturi.” Sampun dalu wektu sholat semana sampun sami sholat
ingkang raka kalangkung sinuba subaing dalu angringgitan. Sira ki Ageng ing
Pengging anyugata ingkang raka kang ringgit beber sewengi.
Nalika semana
amarengi garwanira mbobot sepuh, jabang bayi lajeng lahir mios jalu, Ki Ageng
Penggih langkung suka penggalihe kang anonton sedaya sami geger. Wonten
kaluwung kang prapta tetiga nyerot kaligremis sareng sanalika. Ngendikanipun Ki
Ageng Tingkir “yayi sutanta iki sun paringi asma Mas karebet dene teka
ambarengi lagi nanggap wayang beber, rehning sing ngetokake bingbingaku jabang
bayi tak pek anak.” Mas Karebet lahir ing dina rebo legi tanggal 8 jumadil
akhir, tahun dal mangsa kalima wayah bangun rahina.
Kyai Ageng
Pengging ngendika “kalangkung nuwun kapundhi angsala kawab paduka mugi kalis ing
sambe kala, kawula kakang namung sadarmi. Punika putra panjenengan mugi panjang
umure si jabang Karebet, mugi-mugi tulusa nugrahaning Hyang Widhi. Kacarita
tigang dinten Ki Ageng Tingkir wonten ing Pengging. Ingkang kawarnoa dutane
Srinarapati ing Demak sampun prapti, ponang caraka tumanduk duk ing kraton
ngabiyantara sang Prabu. Matur miwiti amungkasi pamopone Ki Ageng Pengging
punika. Kanjeng Sultan ing Bintara sigra wau nimbali mring Ki Gedhe Wanapala
ramanipun Rekyana Patih Mangkurat. Papatih dalem Sultan Demak Alam Akbar tan
dangu wis ning ing ngarsa nata, apan tinuwa tuwa kang putra kinarya patih
angendika Kanjeng Sultan ing Bintara. lah to kakang ana karya patut sira
anglakoni anggawaha abantah ing wang, sira dadi wakil mami marang Ki bayi Pengging
Kebo Kenanga rong perkara bantah ingsun. Lah kakang wruhanira ana karasa ing
ati mbok menawa ing tembe dadi wisuna iya sapungkur manira, mula ingsun
ikhtiar.
Puniki tulis
manira, hanetepi Ki jabang Pengging, endi kang den labuhi, salah siji saking
iku, sagunging karsaning wang, wus ana ing sira ugi, sigra lengser Ki Gedhe
Wanapala. Rincang sekawan binekta, ki Gedhe Wanapala aglis datan kawarna ing
asmanipun kang tamu. lampahe dhateng Pengging amatur, inggih wong agung ing
pundi? Lawan sinten ingkang sinambat ing nama. Ki Ageng ing Wanapala lajeng
matur, Ki bayi manira dutaning nata ing Demak prapta mring sira kaki amundhi
timbalanipun sinuhun ing Bintara amriksa ing sira ugi, dene sira kapriksa
aterus tapa. Apa ta kang sira sedya? Timbalane Sri Bupati jawaben dipun pratela. Iya kang kalih
prakawis aja nimpang ing kapti temah ala dadinipun marang awakmu dhewe, lawan
aja ngrangkep kardi datan kepenak dinulu.
Sang nata ing
Bintara langkung waspada ingkang ngulataken Ki Ageng Pengging awit wonten
jangka menawi benjang Pengging ingkang mandireng nata ing Tanah Jawi takdir tan
kena selak. Nawala sang nata ing Bintara Alam Akbar lan amangan saben hari
alapen negara Demak. Mupung ta masih sang katong. Ki Ageng Pengging tuturira :
Punapa sang nata salah gawe ing tumuwuh, ing ngriki wonten punapa? Kawula kaget kapati, pangandikaning sang nata
teka karya walang atos (ngajak padu)
Ki Gedhe Wanapala
tur ira Ki Ageng dugi kawula ing ngriki dene kautus Ratu Kalipatulah yekti
budine aluhur wekas wekasing utama, kawula tan purun milih, ature Ki Ageng
Pengging. Sadayane sampun mangertos kok siya-siya mring anak putu ing wuri yen
miliha kang ana. Wangsulanipun Ki Ageng Kenanga. Ki Gedhe Wanapala kalangkung
kewran ing galih dene pakewuh padune abener kang salah cipta. Wong iki wis
ketara ora merem adhedukuh sandi wae nandur kentang, yen mangkana sira iki
wikuning atigan nora putih sayektine ing jero isih isi cekta, ciptane kang
woworan sira wong angalap tuwuh kabeh sira arsa.
Ki Ageng Pengging nyauri
: sampun to menggah kawula, kenaha suminggah mangke nadyan Gusti Rasulullah
tanpa inganing karsainggih wonten tedhakipun Sultan Syeh Nagari Bagadad Abdul
Kadir Jaelani, tan pegat luamahira punika langkung alime. Saking sihira Hyang
Widhi tur trahe jeng Rasulullah tedhake walilinuhung tan pegat panyuwuhe ugi
kagem turunipun pinakanan kadi kucing, yen sampun nuli ing untal sampun maleh
kawula sami kemawon babing panyuwun sageda mbucal aluamah yen masih aneng alam
donya. Kuwate mujadah atapa saking luamah.
Ki Gedhe Wanapala
ngling, yen kaya mangkana sira, iya nora manah menyang Kraton ing Demak. Mboten
ngimpi angrempelu aseba marang Bintara. Ki Ageng Pengging nyauri : langkung
gaibe pangeran. Ki Wanapala anjengek, lah ayo sira sebaha marang nata ing
Demak. Ki Ageng Pengging sumaur, inggih samangke yen Allah sampun maringake
pinten dangune lumampah samangke nyuwun deduka gampil masalah ing binjang. Ki
Wanapala ngucap : sun alingi sira iku, ing tigang tahun wae sebahe iya ingsun
kang ndadhangi yen ana dukaning nata mak lumasira wiyose, mbok menawa durung
ketemu iya ing pikir ira. Ki Wanapala kundur, wus dumugi negari Demak lajeng
malebet ing Kraton sowan sang Prabu, ing ngawe lajeng gupoh ngaturi salam.
Katur sak solahira purwa wekasaning ngautus dhawuh ingkang pangandika : kepiye
jawabe Ki Ageng Pengging, soal kang kalih prakara dipun pilih sedayane.
Kaleresan cipta paduka inggih watawis hamba. Ki Jebeng Pengging punika estu
angrangkep karsa yen pininggalan ing griya alus manis yen sampun den umbar
mubal tur tega pejahe.
Agung
pangrungkeping sedayanipun nanging atur
kawula, paduka den sabar kamot momot wewangen hamba punika apan inggih tigang
warsi. Mangkana tigang warsa mboten dangu, Sunan Kudus dipun aturi, gilis
prapta ana ngarsa sang nata. Apa ta si jebeng karepmu? Ngaturaken bab Ki Ageng
Pengging, sira nyemelangake kratonmu ing benjang kalamun di bedah Ki Pengging,
dening Ki Pengging tapane. Sira kang lumaku dhewe menyang Pengging luwih
prayoga, sira ingkang kawakan amrih lega atimu nora bakal mindhoni. Sunan Kudus
ngendika : tak mlaku cara santri sabate pitu binekta kang satunggal nggindhong
bendhe, Kyai Macan namanipun.
Kyai Ageng
Pengging pitung dinten wonten Ngadipurwa lajeng pamitan kang raka Ki Gedhe
Tingkir. Yayi ngentenana dhisik aja kesusu kang rayi datan ana den gondheli. Ki
Ageng Pengging kundur lajeng terus dhateng wismane tan uninga yen wonten santri
ngulataken sasolahe mlebet wisma lajeng Ki Ageng Pengging dipun perjaya,
kasuduk ing keris, gelasaran mili ludira tan ana wong ngerti. Sunan Kudus lajeng
gupoh ingkang nguncati, si wali banget denya doyan nyawa yen ana makarya
mateni, cepet denya tumindak ugi Syeh Siti Jenar katigas jangganipun dening
wali Yamadipati. Sinten ingkang dipun puja puji tan bisa antuk nugraha. Contone
Harjo Jipang sanget den den ira muja muji dados nata ing Demak wasana malah
lena. Mantu dalem Sultan Hadiwijaya ingkang pambajeng dipun jumenengaken dereng
lenggah dampar malah panca kara kaliyan senopati dados layon jagone wali olah
kedahipun wali anamung mahayu hayuning bawana sageta paring kanugrahan.
Ki Ageng Tingkir
kasusul lajeng gupoh denya lumaku mring daleming kang rayi, sumerep Ki Ageng
Pengging galasaran gluprut rah, karuna kadya wanita denya muwuni rayine. Yayi,
alayar ing samodra rahmat, Nyai Ageng Pengging angrungkepi lajeng suduk jiwa
kakang apanana perlune, sira aneng donya nora sinandhing pun kakang. Kalebet
manten anyar, saweg peputra bayi. Mas Karebet gelasaran melas asih isin sampun
dipun petak, lajeng bibar pitung dinten Ki Ageng Tingkir kondur mboyong Mas Karebet,
bayi kang tanpa sanak kadang wonten ing Tingkir kapupu sarta dipun openi Nyi
Ageng Tingkir kang dereng kagungan putra. Sareng bidhalipun Mas Karebetugi
sareng sirnanipun negari Pengging kang suwau agung luhur.
Sultan Bintara Syeh Alam Akbar I ing Demak
peputra enem, jumeneng nata 5 warsa 1478 putra-putranipun nggih menika :
1.
Pangeran Sabrang Lor (Patu Unus)
anggarwa putranipun Bathara Katong ing Ponorogo jumeneng nata asma Sultan
Bintara II, jumeneng nata 2 warsa dipunperjaya.
2.
Pangeran Seda Lepen, peputra pangeran
Harya Penangsang ing Jipang.
3.
Raden Trenggana, Sultan Bintara III ing
Demak jemeneng nata 32 warsa.
4.
Pangeran Kandhuruan
5.
Pangeran Pamekas
6.
Putri krama angsal Bagelen.
Ninya mantri ingkang sapisan Rekyana
Patih Mangkurat, putranipun Ki Gedhe Wanasalam sareng seda ingkang gumantos
patih putra Rekyana Patih Wanasalam. Sareng Raden Trengggana jumeneng Sultan,
Pangeran Harya Jipang mboten narimah kinasih Sunan Kudus. Sultan Bintara I Syeh
Alam Akbar, anggarwa Ratu Penggung putrinipun Sunan Ampel denta garwa ampeyan
Raden Ayu Kirana. Garwa ampeyan Raden Ayu Wulan, ingkang saking garwa Sultan
Bintara I, Sultan Bintara III.
Sultan Syeh Alam Akbar I peputra,
Pangeran Sekar seda lepen peputra, Adipati Arya Penangsang peputra, Pangeran
Atas Angin peputra, Ki Barat Katiga peputra, Tumenggung Singaranu patih lebet.
Menurut (Pak Ganthos)
Diceritakan
di Kabupaten Boyolali kisah Jaka Tingkir, Alih-alih memandikan bayinya yang
baru lahir ke sebuah sungai (sesuai tradisi yang berlaku dikeluarga mereka) Nyi
Ageng Pengging didampingi mertuanya Nyi Ageng Tingkir justru mengalami
peristiwa tragis dan mengejutkan. Yakni melihat Kebo Kenanga suaminya tercinta
mati terbunuh.
Dalam
marah dan panik, Nyi Ageng Pengging coba mengejar para pembunuh namun gagal,
Nyi Ageng Pengging malah terpeleset jatuh ke sungai yang mengakibatkan Nyi
Ageng Pengging mati seketika. Sementara bayinya yang terlempar nyaris disantap
oleh seekor buaya pemangsa, tetapi keburu diselamatkan sepasang buaya putih
setelah lebih dahulu bertarung menaklukkan buaya pemangsa. Pasangan buaya putih
tersebut kemudian membawa sang bayi ke goa tempat mereka bersarang untuk
dirawat dan dihidupi.
Dan
terjadilah keajaiban itu. Memasuki usia lima tahun, secara mengejutkan salah
satu telur pasangan buaya yang belum juga menetes, sementara telur-telur
lainnya sudah lama menetas, tiba-tiba menetas sendiri dalam pelukan bocah Nyi
Ageng Pengging. Sempat tercengang melihat kelahiran bayi buaya, sang bocah yang
saat itu tengah kelaparan langsung menyantap air ketuban serta pecahan-pecahan
kulit telur bayi buaya tersebut.
Yang
diluar dugaan justru memberikan kekuatan fisik maha dasyat pada dirinya, diluar
kekuatan manusia normal pada umumnya. Oleh pasangan buaya putih, anak manusia
yang mereka anggap anak sendiri itu kemudian mereka berinama Jaka Tingkir.
Sementara bayi mereka sendiri yang baru lahir diberi nama Joko Tangkur. Dan
dianggap saudara oleh Jaka Tingkir.
Khasiat
dari apa yang dimakan oleh Jaka Tingkir terbukti lima tahun kemudian. Jaka
Tingkir mampu menaklukan seekor banteng liar yang nyaris menyeruduk dan
menghabisi nyawa Ayu Pembayun, bocah perempuan seorang konglomerat bernama
Trenggono. Dan sekaligus juga mempertemukan Jaka Tingkir dengan nenek
kandungnya, yakni Nyi Ageng Tingkir.
Yang
setelah melihat tanda lahir ditubuh Jaka Tingkir langsung mengenali sang bocah
sebagai cucunya yang hilang sepuluh tahun silam. Jaka Tingkir pun kemudian
tinggal bersama neneknya, sambil sesekali diperbolehkan berkumpul dengan
keluarga angkatnya, para buaya putih.
Lalu
malapetaka itu pun terjadi. Untuk menghormati kepahlawanan Jaka Tingkir yang
menyelamatkan puteri tercintanya dari amukan banteng, Trenggono mengundang Jaka
Tingkir dan neneknya menghadiri jamuan makan di puri kediaman Trenggono. Yang
justru berbuntut mengejutkan. Nyi Ageng Tingkir yang mengenali Trenggono
sebagai salah seorang pembunuh ayah Jaka Tingkir, langsung menyeret pulang
cucunya lalu menceritakan siapa dan peristiwa apa yang telah menimpa kedua
orangtua kandungnya.
Yang
menimbulkan kemarahan serta dendam dalam diri Jaka Tingkir untuk membalas
kematian kedua orang tuanya suatu hari kelak. Niat serta kemarahan yang mau
tidak mau menyebabkan Jaka Tingkir dan Ayu Pembayun berpisah dan tidak mungkin
lagi berhubungan satu sama lain, meskipun mereka berdua diam - diam sudah
saling jatuh hati pada pandang pertama.
Namun
takfir berkehendak lain. Memasuki usia dewasa, saudara buaya Jaka Tingkir yaitu
Joko Tangkur ditangkap oleh seorang pawang untuk dipersembahkan kepada
Trenggono. Yang saat itu sangat membutuhkan tangkur buaya putih untuk
mempertahankan stamina tubuh serta kharisma dirinya sebagai pengusaha sohor dan
terhormat.
Hal
mana membuat Jaka Tingkir marah besar dan dalam usahanya menyelamatkan Joko
Tangkur mau tak mau mempertemukan kembali dengan Ayu Pembayun. Dan cinta lama
yang sempat terbunuh, hidup dan bersemi kembali. Bahkan Ayu Pembayun sampai
nekat memutuskan pertunangannya dengan Kebo Pamungkas, seorang pengusaha muda
yang perusahaannya ikut menopang bahkan kemudian melakukan merger dengan
perusahaan Trenggono.
Pemutusan
pertunangan tersebut tentu saja membuat Kebo Pamungkas marah besar. Dan dalam
kemarahannya, Kebo Pamungkas langsung menampilkan wujud dirinya yang
sesungguhnya, yakni sosok jin mengerikan. Yang bangsanya pada masa dahulu telah
digempur dan dimusnahkan leluhur Trenggono. Dan setelah menunggu ratusan tahun,
Kebo Pamungkas melakukan pendekatan usaha sekaligus kekeluargaan dengan
menikahi Ayu Pembayun demi mencapai sebuah tujuan mengerikan yang sudah lama ia
rancang. Membalas dendam atas kematian para pendahulunya, sambil sekaligus
melahirkan dan membangkitkan kembali bangsa jin yang telah punah. Melalui rahim
Ayu Pembayun.
Petaka
itulah yang harus dihadapi dan harus dituntaskan oleh Jaka Tingkir. Balas
dendam atas kematian orangtuanya, sekaligus menyelamatkan kekasihnya Ayu
Pembayun dari angkara murka sang jin.
Menurut (Pak Misroni)
Jeneng asline yaiku Mas Karebet, putra saka Ki Ageng
Pengging. Jeneng mau, asale saka bapakke nanggap wayang beber ngepasi laire
Jaka Tingkir. Nalika Mas Karebet umur sepuluh taun, Ki Ageng Pengging diukum
pati, merga dituduh mbrontak saka Kesultanan Demak. Ora sawetara suwe ibune uga
seda. Banjur Mas Karebet dipek anak dening NyiAgeng Tingkir. Dheweke pamit
marang Nyi Ageng Tingkir saperlu meguru
Mas Karebet
nyinau ilmu agama. Dheweke meguru marang Sunan Kalijaga, banjur meguru maneh
menyang Ki Ageng Sela. Dening Ki Ageng Sela, diaku anak lan digandeng sedulurke
karo putu-putune yaiku Ki Juru Martani, Ki Ageng Pemanahan Lan Ki Panjawi. Jaka
Tingkir lunga menyang Kasultanan Demak Bintoro. Ing Demak, dheweke mangggon ing
omahe Kyai Gandamustaka (pamane Jaka Tingkir) kang dadi lurah ganjur (ngurusi
mesjid). Dening Sultan Trenggana, Tingkir diangkat dadi lurah wiratamtama.
Ing sawijining
dina, Kesultanan Demak nganakake sayembara milih prajurit. Tingkir kang diutus
mbiji. Ana salah sijining calon prajurit kang rupane ala senengane pamer lan
umuk, arane Dadungawuk Jaka Tingkir kang ora seneng marang calon prajurit iku
banjur nguji kasektene, tanpa dinyana, Dadungawuk tiwas sanalika. Marga saka
prastawa iku, Tingkir banjur ditundung saka Demak
Jaka Tingkir
banjur meguru marang Ki Ageng Banyubiru, Tingkir diwenehi lemah kang bisa
ndadekake dheweke bisa katampa maneh ing Demak Bintoro. Saka Banyubiru Jaka
Tingkir mangkat menyang Demak dikancani dening muride Ki Ageng Banyubiru kang
aran Mas Manca, Mas Wila, lan Ki Wuragil.
Rombongane Jaka
Tingkir ngliwati kali Kedung Srengenge nganggo getek Kyai Tambak Boro. Ing
tengahing kali, rombongane Jaka Tingkir dicegat siluman baya. Kekarone adu
kasekten, baya-baya padha kalah, banjur aweh pambiyantu marang rombongane Jaka
Tingkir nganti tekan sebrange kali.
Tumekane ing
Demak, Jaka Tingkir ngeculake kebo kang wis dileboni lemah ana kupinge lan
digiring menyang lapangan. Kebo mau ngamuk ora karuan. Lan ora ana kang bisa
ngadepi polahe. Sultan Trenggana kelingan marang kasektene Jaka Tingkir, lan
ngutus prajurit supaya Jaka Tingkir bisa ngrampungi ontran-ontran mau. Ora
angel anggone Jaka Tingkir ngalahake kebo mau. Marga saka tumindake, Sultan
Demak ngangkat Tingkir dadi Lurah Tamtama maneh.
Kasektene Jaka
Tingkir, ndadekake dheweke dadi bupati Pajang lan ganti jeneng dadi Adipati
Hadiwijaya. Duwe bojo Ratu Mas Cempaka, putri saka Sultan Trenggana. Sawuse
Sultan Trenggana seda ing taun 1546, putrane kang aran Sunan Prawoto ngganteni
dadi ratu, ananging tiwas ing tangane Arya Penangsang kang isih kapetung
sedulur saka Jipang. Aryo Penagsang uga mateni Pangeran Kalinyamat (putra mantu
Sultan Trenggana kang dadi bupati Jepara).
Arya Penangsang
ngirim utusan kangggo mateni Hadiwijaya ing Pajang, Ananging tekan Pajang
utusane Arya Penangsang malah diladeni kanthi becik lan diwenehi hadiah. Ratu
Kalinyamat njaluk Hadiwijaya supaya mateni Arya Penangsang, Ananging merga isih
ana gandheng sedulur Hadiwijaya rumangsa pakewuh yen mateni kanthi cara
terang-terangan.
Mula dheweke
nganakake sayembara. Sapa kang bisa mateni Arya Penangsang, tanah Pati lan
Mataram dadi duweke. Ki Ageng Pemanahan lan Ki Panjawi melu sayembara mau. Lan
kang bisa niwasake Arya Penangsang yaiku Ki Juru Martani (ipene Ki Ageng
Pemanahan).
Sawuse prastawa
ing taun 1549 kasebut, Ratu Kalinyamat menehake Keraton Demak marang
Hadiwijaya. Pusate dipindah ing Pajang lan Hadiwijaya dadi ratu kang
sepisanan.Sultan Hadiwijaya uga ngangkat Mas Manca dadi patih kanthi gelar
Patih Mancanegara, banjur Mas Wila lan Ki Wuragil didadekake menteri kanthi
pangkat ngabehi.
Ki Panjawi
antuk hadiah tanah Pati kanthi gelar Ki Ageng Pati. Ananging Ki Ageng Pemanahan
isih nunggu merga Sultan Hadiwijaya ora age-age menehake tanah Mataram. Nganti
taun 1556, tanah Mataram isih ditahan dening Hadiwijaya. Ki Ageng Pemanahan
pakewuh arep jaluk marang Hadiwijaya. Sunan Kalijaga kang ngerti kahanan mau,
coba nengahi. Alesane Hadiwijaya ngenani hadiah tanah Mataram iku, amerga
dheweke was sumelang krungu ramalane Sunan Prapen yen ing Mataram arep lair
keraton kang bakale ngasorake Pajang.
Sunan Kalijaga mbujuk Hadiwijaya
supaya netepi ing janji. Lan Pemanahan uga wajib sumpah prasetya mring Pajang.
Ki Ageng Pemanahan jejuluk Ki Ageng Mataram, lan wajib ngadep mring Pajang.
Ki Ageng
Pemanahan peputra Sutawijaya, kang ngganteni dheweke sawuse seda. Mataram ing
tangane Sutawijaya saya makmur. Ananging Sutawijaya ora gelem menehi laporan
uga ora gelem bayar pajek mring Pajang. Ing taun1582 Raden Pabelan (ponakane
Sutawijaya) gawe geger ing taman kaputren Sekar Kedaton( anakke Hadiwijaya),
Pabelan diukum pati, lan ramane kang aran Tumenggung Mayang disingkirke menyang
Semarang. Ibune Pabelan (adhi saka Sutawijaya) njaluk pitulungan marang
kangmase. Sutawijaya ngirim utusan supaya bisa nylametake Tumengggung Mayang
saka paukuman. Tumindake Sutawijaya dianggep luuput dening Hadiwijaya, banjur
Pajang nyerbu Mataram. Perang mau dimenangake dening pasukan Mataram. Sawuse
kalah perang, Hadiwijaya kondur neng Pajang, nandang gerah, banjur seda lan
disarekake ana ing Desa Butuh, Sragen.
Ana ing kraton,
Lurah Ganjur langsung sungkem marang Sultan Demak lan nyuwun ngapura. Nanging
Sultan Demak ngendika yen piyambake kesengsem karo Jaka Tingkir, lan ngangkat
Jaka Tingkir dadi lurah prajurit pratama.
Ing sawijine
dina, Sultan Demak perlu nambah 400 prajurit tamtama. Calo-calon lurah mau kudu
wong sing kuwat, lan sigap. Ing pendapa Kraton Demak dibuka lamaran kango
ndaftar prajurit tamtama. Salah sijine kang ndaftar yaiku Dadungawu. Dheweke
jejaka saka desa sacedhake Kraton Demak. Praupane medeni, kumisi dawa, kurang
tata krama, lan suba sita. Nanging Dadungawu ing desane terkenal dadi uwong
kang kebal marang kabeh jenise gegaman, lan uwong kang sakti mandraguna.
Meruhi
Dadungawu kang duweni sipat kang kaya ngono, Jaka Tingkir krasa ora seneng.
Terus Jaka Tingkir nantang Dadungawu. Karo Jaka Tingkir, Dadungawu diuji
nganggo sada kang ditujes karo godhong suruh. Ana ing tantangan mau, Dadung awu
kalah lan dadi patine.
Sultan Demak
kang mireng kabar mau nesu, geneya uwong kang ora salah kok dipateni. Jaka
Tingkir kang rumamgsa salah, budhal saka Demak lan ngumbara saparan- paran.
Jaka Tingkir tekan ing Desa Butuh lan maguru marang Ki Ageng Butuh. Sawise ilmu
kang diduweni karo Ki Ageng Butuh wis diajarake kabeh marang Jaka Tingkir,
dheweke didhawuhi supaya bali ngabdi marang Demak.
Ing alun-alun
Kraton Demak ana kedadeyan kang medeni. Yaiku ana kebo kang lagi ngamuk ora ana
prajurit apa dene uwong biyasa kang bisa ngalahake kebo mau. Sultan kang
mirsani yen Jaka Tingkir ana ing pingir alun-alun, ngutus marang prajurite
supaya mrentah marang Jaka Tingkir dikon ngalahake kebo mau. Jaka tingkir kang
wis duweni ilmu kang akeh saka Ki Ageng Butuh, langsung maju ing tengah alun-
alun lan dheweke gampang wae anggone ngalahake kebo mau.
Sultan Demak
kang mirsani sekabehane, langsung dhawuhi Jaka Tingkir supaya sowan. Ana ing
Kraton Demak, karo Sultan Demak kabeh salah kang wis tau digawe karo Jaka
Tingkir dingapura, lan dheweke diangkat dadi lurah prajurit tamtama. Kanggo
tandha pasrah marang Sultan Demak, Jaka Tingkir ngowahi kabeh sikape kang ala.
Lan dadi lurah kang apik, tanggung jawag, pungkasane Jaka Tingkir dadi putra mantune
Sultan Demak.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar