GEBYAR JAWA UNNES 2014
Gebyar Jawa kuwi yaiku adicara kang wus dadi adicara wajib
saben taun. Adicara Gebyar jawa kalampahan saben taun ing wulan Desember
saperlu mengeti ulang taun Jurusan Basal an Sastra Jawa ing UNNES iki. Adicara
Gebyar Jawa iki disengkuyung awit saka Mahasiswa Jurusan Basa lan Sastra Jawa
UNNES, Dosen Jurusan Basa lan Sastra Jawa, para karyawan, lan mahasiswa kang
tumut nyengkuyung adicara kuwi.
Gebyar Jawa diwiwiti tabuh 8, dibuka dening
MC yaiku kadanng Nur Kholis kaliyan Dyah mahasiswa Prodi Pendidikan Basa lan
Sastra Jawa angkatan warsa 2013, sambutan saka ketua Jurusan Basa lan Sastra
Jawa Bapa Yusro Edi.

(Gambar 1, pembukaan Gebyar Jawa 2014)
Sakbubare pembukaan diterusake karo arak – arakan,
ing arak – arakan kuwi mau ana barang kang dikanggokake yaiku, gunungan wiwit
saka who – wohan, janganan, lan liya – liyane, banjur hiasan – hiasan maneka
warna lan anggota kang melu ngiring, kaping pisan yaiku Arjuna, banjr pengawal,
prajurit, grup barongan lan seperangkat gamelan kang wis disiapake, maskot saka
saben – saben rombel.

(Gambar 2, arak – arakan Gebyar Jawa 2014)
Sakbubare arak –
arakan, kabeh peserta kirab kwi mau banjur kumpul ana ing Panggung Terbuka
Fakultas Bahasa dan Seni UNNES, ing kana wis ana sepeerangkat panggung, gamelan
komplit kang disiapake, ing kana wis siap uga MC, para Dosen, Tamu undangan,
lan ora lali yaiku pengrawit lan seperangkate. Adicara kang wis gadhang –
gadhang saka taun – taun kepungkur yaiku “DUTA SINJANG”. Para sesepuh wis siaga
ana ing palenggahan, arak – arakan cilik saka gedung B8 Jurusan Basa lan Sastra
Jawa kanthi tekan Panggung Terbuka. Sakwise tekan Panggung Terbuka para finalis
“DUTA SINJANG” nampilake kebisanane, wiwit saka cara mlaku ana ing panggung,
bersoleke nganggo busana saka kain batik.

(Gambar 3, peserta Duta Sinjang Gebyar Jawa 2014)
Ing adicara Gebyar Jawa 2014 iki diramekake ana
grup barongan saka Blora, ing kana ana barongan, ana jathilan, ana
bujangganong, kesenian khas saka Blora iki wis kaping pindo ngramekake acara Gebyayr
Jawa ing UNNES kene.

(Gambar 4, barongan Blora Gebyar Jawa 2014)
Ing Gebyar Jawa
uga nyiapake jajanan tradisional kanggo suguhan para tamu lan para peserta
ingkang tumut ana adicara Gebyar Jawa ing wektu kuwi. Jajanan tradisional kuwi
kayata gethuk, klepon, gedhang godhok, puthu, es dhawet, es kado. Jajanan
tradisional kuwi sing bedakake saka acara – acara liyane, yen ana ing adicara
liyane, jajanane kuwi jajanan larang – larang jajanan kag modern, nanging ing
adicara Gebyar Jawa iki nggunakake jajanan tradisional.

(Gambar 5, Jajanan Tradisional Gebyar Jawa 2014)
Ora mung rame – ramenan wae, nanging ing adicara
kuwi uga saka saben – saben rombel uga
nyiapake tumpengan sega kuning, sega kuning kuwi disiapake wiwit saka esuk,
sakdurunge adicara diwiwiti, banjur dikumpulake ana meja sakubenge panggung
terbuka, sakbubare adicara kalampahan, sega tumpeng mau dijupuk saka saben –
saben rombel, banjur dipangan bareng – bareng sakrombel kuwi mau, diwiwiti
komting
.

(Gambar 6, Kembul Bujana Gebyar Jawa 2014)
Adicara dipungkasi kaliyan bintang tamu
keroncongan, para peserta pada joged bareng – bareng, nyanyi ana papat lagu
keroncongan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar