Jumat, 28 November 2014

Tradisi Budaya Daerah - Budaya Sing Ana Ing Agama Hindu



Budaya Sing Ana Ing Agama Hindu


Ing Indonesia dikenal ana 6 agama, yaiku agama Islam, Kristen, Katholik, Budha, Hindu lan Kong Hu Cu. Saka macem – macem agama mau kita bakale ngrembag ngenani kebudayaan kang ana ing Agama Hindu. Hari Raya suci umat Hindu sing umum dirayakake yaiku, Nyepi, Galungan, Piodalan, Sarasvati Puja, Sivaratri Puja lan liya – liyane. Ananging ing kene kita bakal ngrembag babagan Nyepi.
 

       

Nyepi kuwi asale saka tembung sepi sing artine sepi utawa sunyi. Riyaya Nyepi sejatine yaiku perayaan Taun anyar agama Hindu, miturut penanggalan utawa kalender saka.sing diwiwiti saka taun 78 masehi. Ora kaya perayaan taun anyar masehi. Taun anyar saka ing Bali diwiwiti Nyepi. Ing dina kuwi ora ana kegiatan utawa aktivitas kaya biyasane, kabeh kegiatan dilereni. Kayata warung padha tutup, sekabehane padha tututp kajaba rumah sakit.

        Tujuan anane Nyepi yaiku nyuwun dening ngarsaning gusti ingkangakarya jagad kanggo nyucekake Bhuwana Alit utawa alame manungsalan Bhuwana Agung utawa alam semesta.

        Riyaya Nyepi yaiku riyayane umat Hindu sing dirayakake saben taun anyar saka, ing dina kuwi umat Hindu anglakoni amati geni sing artine nganakake Samadhi ngresiki awak saka lair lan batin. Ngresiki saka sakabehane dosa kang wis dilakoni lan nyuwun dening gusti supaya diwenehi kekiatan kanggo nglakoni urip sing luwih apik. Riyaya Nyepi tiba ing itungan Tilem Kesanga sing diyakini apik banget kanggo nyedakake marang gusti lan dipercayai ing dina penyucian kuwi para dewa kang ana ing samudra bakal teka ana ing donya nggawa banyu keuripan utawa amarta kango kasejahteraane manungsa lan umat Hindu.

Adicara Riyaya Nyepi yaiku ana macem – maceme:
1.     
Upacara Melasti
Sakdurunge Melasti saben arca ing saben pura ing wilayah lingkungan kota utawa desa diiring kumpul ing Pura Desa Puseh. Para deva siji – siji teka banjur sujud ngadep Meru, Sri Visnu, banjur diistanakake dedampingan siji lan sijine ing bangunan siji sing bentuke dawa kang disebut Balai Panjang utawa Balai Agung. Sesuke nembe dianakake Upacara MelastiTuhan Sri Visnu lan para deva diiring bareng – bareng tumuju laut utawa sumber kang dipercaya suci miturut daerah kuwi. Upacara Melasti yaiku penyucian prayascita  yaiku kanggo musnahake kasengsaran umat lan kanggo nyuwun toya panguripan.

        Sakbubare acara Melasti, Sri Visnu lan para deva, diiring tumuju Pura Desa Puseh banjur diiring tumuju pasar kanggo tumut acara mepasaran ing ngarepe pura melanting. Banjur para eva bali tumuju Balai Agung, Sri Visnu berstana ing Meru lan Deva Brahma Bersatn ing gedung sisihe Meru. Acara berstana kuwi diarani Nyejer lan dilaksanakake kanthi acara rampung Bhuta Yajna, sedina arep riyaya Nyepi, ing wayah sore.

        Kanthi pirang – pirang dina kabeh warga lan adat ing panggonan nglaksanakake puja, ngaturake sesajen utawa persembahan sing diarani Prani. Ing wektu kuwi warga ngaturaken panyuwun tirta Amrta banyu suci panguripan kanggo kakamkmuran awake, kabeh manungsa, lan alam semesta. Nganggo cara Nyejer yaiku ngemu panyuwunan umat marang Sri Visnu lan para deva kanggo nyekseni upacara Bhuta Yajna sing dilaksanake umate.

2.   Upacara Bhuta Yajna
Sakdurunge riyaya Nyepi dianakake Upacara Bhuta Yajna yaiku upacara sing nduweni makna ngusir roh – roh jahat carane nggawe hiasan – hiasan utawa patung sing bentuke buta kala (raksasa jahat) ing basa Bali diarani Ogoh – ogoh, upacara iki dianakake ing saben omah, Banjar, Desa, Kecamatan, Kabupaten, lan Provinsi. Upacara iki dianakake ing pekarangan, perempatan dalan, alun – alun, utawa lapangan, banjur ogoh – ogoh sing nggambarake buta kuwi mau diarak rame – rame dening masyarakat karo nggawa obor diiringi tetabuhansaka kampung maring kampung, upacara iki kira – kira diwiwiti saka jam 6 sore nganti jam 12 wengi, bubar upacara kuwi ogoh – ogoh mau banjur diobong iki mau nduweni makna kabeh roh – roh jahat sing ana wis diusir lan dimusnahake.

3.   Upacara Riyaya Nyepi
Miturut keputusan SEMINAR Kesatuan Tapsir marang aspek – aspek agama Hindu riyaya Nyepi (1988) yen pelaksanaan riyaya Nyepi ing Indonesia , sejatine yaiku nyucekake Bhuwana Agung lan  Bhuwana Alit  kanggo mujudake kasejahteraan lan kamakmuran lair batin (jagadhita lan moksa) sing dilandasi satyam (kabeneran), sivam (kesuacian) lan sundaran ( kaindahan).

Miturut hakekat riyaya Nyepi ing ndhuwur mau, kuwi ateges umat Hindu kudu wajib ngalaksanakake tapa, yoga, lan semadi. Brata mau di tambahi Catur Brata Nyepi, yaiku :

a.   Amati geni, tegese ora nyumet geni sarta ora ngobarake hawa nepsu.
b.   Amati karya, tegese ora angalakoni makarya badan, ananging ningkatake nyucekake rohani.
c.   Amati lelungan, tegese ora lelungan ananging mawas awak.
d.   Amati lelanguan, tegese ora ngobarake kesenengan ananging angalakoni pusate pikir marang Sang Hyang Widhi.