Surya
kang sinebar
Anggawe
pasuryan tumata ana ing soca
Wektu
kang kocap
Badan
bakal sinandhing
Manteping
ati sira bakal dadi pepujaning ati
Manteping
ati kita bakal nyawiji
Nadyan
angga tan bisa mbantah
Nala
nora bisa nampik
Ngempet
kumembenging lara
Nalika
soca wursita sira tresna wong liya
Nadyan
mangkana
Tresna
ingsun marang sira ora bisa nampik
Prasetyanku
amung kanggo sira
Tidak ada komentar:
Posting Komentar