Selasa, 23 Desember 2014

Ngentekake wengi tanpa sira

sumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu
gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi
lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi

Minggu, 21 Desember 2014

Kahanan Basa Jawa Sajrone Bebrayan lan Cyber


 
Wong jawa sing ora jawani, ya kuwi wong jawa kang ora mangerteni tata krama marang liyan. Ing jaman saiki ora sithik wong jawa kang ora mangerteni tata krama, wiwit saka bocah cilik kanthi wong tuwa. Basa jawa kang kudune digunakake bocah cilik marang wong tuwa yaiku basa krama, ananging sing dadi kasunyatan ing jaman saiki, piye arep nganggo basa krama tindak tanduk`e wae wis ora bisa dianggep ngajeni wong tuwa.
          Wong tua uga dadi peran kang penting kanggo bocah – bocah sing lagi sinau, sinau basa jawa sing dadi utamane. Basa ibu kuwi sing dadi patokan bocah – bocah kanggo sinau. Tuladhane, bocah ngomong alus manut karo omongan sing diajarake ibune utawa wong tuwane, nanging yen anak`e ora bisa basa krama sing disalahake ya anak`e.
          Akeh wong padha nganggep saiki kuwi jaman globalisasi, jaman kang gawe owah sakabehane. Ora saka tetmbungan,nanging saiki wis akeh sarana, wis padha interaksi nggunakake media massa, utamane TV, radio, HP. Apa maneh jaman saiki wis akeh alat elektronik sing gawe bocah – bocah kuwi lali marang doalanan tradisional sing ana ing daerahe.
          Jaman globalisasi ora ana batesane, kuwi sing gawe pengaruh akeh kanggo kahanan saiki. Utamane babagan basa. Lewat sarana – sarana kuwi basa – basa global saka negara – negara liya, saka budaya – budaya jaba bisa cepet banget nyebar ing bebrayan. Amarga manungsa lan wong ing tanah jawa iki gampang banget penasaran marang barang utawa kabudayan anyar. Tuladhane, saiki wong – wong negarane dhewe iki luwih seneng nyinauni basa bangsa liya, luwih bangga yen bisa basa basane negara liya tinimbang nyinauni basa jawa, basane dhewe.
          Basa kang gawe pengeruh kanggo wong – wong ing donya iki bisa nyebabake lunture basa – basa kang ana ing tlathahe dhewe. Pengeruh kuwi luwih cepet kena ing mudha – mudhi kang nduweni kewajiban nguri – uri basa lan budaya. Basa jawa kang paten diuri – uri ing Indonesia, basa jawa kuwi minangka basa jawa kang sugih tembung. Basa jawa uga siji-sijine basa kang nduweni tingkatan-tingkatan basa kang kasebut unggah-ungguh.
          Unggah – ungguh sing dienggo urip bebrayan. Bebrayan kuwi butuhake pambiyantu wong liya. Sarana kang  dienggo sesambungan yaiku unggah – ungguh basa. Unggah – ungguh nduweni teges tata pranataning basa miturut tata krama. Tata krama tegese tata cara ngomong karo wong liiya, uga tindak tanduk`e. Kayata bocah ngomong marang wong tuwane, nganggo unggah – ungguh kang trep. Ananging, saiki jamane wis owah. Unggah – ungguh mudha – mudhi marang wong tuwa wis ora diuri – uri.
          Ungguh – ungguh asring keprungu ing bebrayan, nanging wong jawa saiki akeh kang ngomong yen wong enom saiki wis ora nduwe unggah – ungguh. Wis cetha wae wong saiki tindak lakune kudu cepet, butuhe cepet rampung ora peduli kahanan, jalaran nguber slamet, nguber kabutuhan urip. Ora kaya wong jawa jaman biyen, sing nduwe pathokan nguler kambang, alon – alon waton kelakon. Kang gedhe tirakate. Kanthi lumakune jaman, owah gingsire kahanan jalaran tuwuh kahanan anyar utawa sangsaya majune teknologi bakal ngetokake owah – owahan.
          Unggah ungguh basa ing bebrayan kui nyakup rong bab, yaiku patrap lan pangucap, leloro kuwi ora bisa dipisah. Wong kang kurmat marang wong liya kanthi ngomong (pocapan) kanthi alus, dibarengi laku kang patrap kang kurmat. Semana uga wong kang patrapane kang kurang kurmat marang liyan, mesthine dibarengi pocapan kang kurang kurmat. Kanggo njaga unggah – ungguh basa ing bebrayan, kita perlu mbiyasakake anggone unggah – ungguh wiwit saiki, senajan marang sapa wae.

dhelikan




Dhelikan utawa jélungan, jumpritan utawa culikan, yaiku salah siji dolanan bocah kanthi cara bocah-bocah kang melu padha ndelik ing sakiwa tengen papan dolanan, banjur bocah siji utawa pira-pira liyane kudu nggoleki. Dolanan iki bisane dilakokake dening wong 2 utawa luwih. Bocah kang kebagean "jaga" kudu merem lan ngetung angka kang wis ditetepake sakdurunge, sawetara bocah-bocah liyane padha mlayu ndhelik. Nalika ngetunge wis rambung, bocah kang "jaga" banjur kudu nggoleki.
Kanggo nemtokake sapa sing "jaga", biasane nganggo cara diundhi, kanthi sompyo, pingsut utawa incu. bocah sing kalah undhi kudu "jaga".
Dolanan iki nduweni pira-pira variasi, ing antarane :

    Bocah kang wis ditemokake banjur ganti "jaga"
    Kroyok ting, yaiku undhian dilakokake kanthi giliran ngglundhungake bal kanggo ngrubuhake tumpukan krèwèng (pecahan gendhèng). Bocah kang ana ing urutan samburine bocah kang ngrubuhake tumpukan kreweng kudu "jaga". Bocah-bocah liyane gage ndhelik sawetara bocah kang "jaga" numpuk maneh krewenge. Sinambi nggoleki bocah liyane, bocah kang "jaga" uga kudu njaga tumpukan kreweng, aja nganti dirubuhake bocah kang lagi ndhelik.

Sabtu, 20 Desember 2014

dumadhine kutha REMBANG




Kutha Rembang manggon ana ing tlatah tanah Jawa sisih wetan. Sisih lor wewatesan karo samodra jawa, sisih kidul wewatesan karo Kabupaten Blora, sisih kulon wewatesan karo kabupaten Pati, lan sisih wetan wewatesan karo kabupaten Tuban. Kanthi panggonan kang strategis kuwi mula akeh wong manca kang teka neng tanah jawa kususe neng Kabupaten Rembang saperlu pengin dagang utawa golek tanduran-tanduran kang larang regane yen didol ing negara asale. Miturut crita udakara ing taun 1336 Saka, ana wong wolu sing asale saka Campa Banjar mlati teka neng tanah Jawa

Wong campa kuwi nduweni kaluwihan bisa gawe gula tebu. Wong Campa teka neng tanah Jawa mung kanggo gawe gula tebu amarga ing negarane wis akeh seng gawe. Wong- wong kuwi teka neng tanah Jawa ngliwati segara mengulon nganti tekan neng kali sing kiwa-tengene akeh wit Toktene (Bakau). Anggone teka neng tanah Jawa, wong Campa kuwi dipandhegani Pow Ie Din sing minangka dadi ketuane pelayaran. Bareng ngerti yen ing tanah Jawa akeh tanduran tebu wong Campa kuwi padha bungah amarga apa kang wis dilakoni kabeh ora muspra, apa kang digoleki wis ketemu, yakuwi tanduran Tebu.

            Wong-wong campa kuwi gawe omah/gudhang kanggo nyimpen tebu-tebu kang wis dibabat. Omah/gudhang digawe ana ing sisih kiwa tengene pategalan kang ana tandurane tebu, supaya anggone mbabat tebu ora kadohan saka gudhang. Saben wayah isuk Pow le din kang mandhegani pelayaran kuwi mrentah kanca-kancane kanggo nyiapake ubarampe kang arep di anggo mbabat tebu.

            Tebu- tebu kang wis dibabat banjur disimpen ing gudhang-gudhang kang wis dicepakake. Tebu-tebu kang wis disimpen ing gudhang yen wis akeh banjur diolah kanthi cara tradisional supaya dadi gula tebu. Gula tebu kang wis diasilake kuwi banjur digawa neng negara asale yakuwi negara Campa.

            Kanggo mujudake rasa sukur marang gusti, lan supaya anggone mbabat tebu ora ana alangan mula dianakake donga lan semedi bareng sadurunge mbabat tebu. Pategalan kang wit tebune wis dibabat mau banjur didadekake pomahan/pemukiman sing saiki kawentar kanthi jengen Kabongan, sing jenenge dijipuk saka tembung tokte/ bakau Ka-Bonga-an (kabongan) sing panggonane ana ing sisih kulon kutha Rembang.

            Ing sawijining dina, nalika pajar ing sasi Waisaka wong-wong padha miwiti “ngrembang”/mbabat tebu. Sadurunge mbabat tebu diwiwiti, kudu dianakake upacara suci lan semedi bareng nyenyuwun maring Gusti supaya anggone mbabat/ngrembang tebu ora ana bebaya. Upacara mbabat tebu kuwi diarani Ngrembang sekawit. Saka ukara Ngrembang kuwi banjur didadekake kanggo cikal bakal Kkutha Rembang kang mapan ana ing pesisir sisih wetan tanah Jawa. Miturut crita para sepuh upacara ngrembang sekawit dianankake ing dina rebo legi , minggu kasada sasi waisaka, taun saka 1337 kanthi candra sengkala Sabda Tiga  wedha Isyara.

D U R M A





1. Sigra mara Kanjeng Sunan anerajang, ing wana langkung sungil, nyata
wus kapanggya, kang lagi laku ngidang, lumayu binalang aglis, sega
kepelan, tiba ing gigir neki.
2. Syeh Melaya pan aririh pelayunya, anulya piningkalih, kena
lambungira, deperok Syeh Malaya, anulya binalang malih, sega kepelan,
emut nulya ngabekti.
3. Pan anderu sumungkem angras pada, ngandika sang ayogi, “jebeng
wruhanira, yen sira nyuwun wikan, kang sifat hidayatullah, mungga
kajiya, mring Mekah marga suci.
4. Anbambila toya zam-zam mring Mekah, iya banyu kang suci, sarta
ngalap barkah, Kanjeng Nabi panutan, Syeh Malaya angabekti, angaras
pada, pamit sigra lumaris.
5. Sang Pandita wus lajeng hing lampahira, mring Benang dhepok sepi,
nyata kawuwusa, lampahe Syeh Malaya, kang arsa amunggah kaji,
dhateng hing Mekah, lampahnya murang margi.
6. Nrajang wana munggah gunung mudhun jurang, iring-iring pan mlipir,
jurang sengkan nrajang, wauta lampahira, prapteng pinggir pasisir, puter
driya, pakewuh marga neki.
7. Ning pangkalan samodra langkung adohnya, angelangut kaeksi, dyan
jetung kewala, aneng pinggir samodra, wonten ingkang winarni, sang
Pajuningrat, praptane sang Kaswasih.
8. Apan tuhu uninga ing lampahira, Syeh Malaya prihatin, arsa wruh
hidayat, apan terah tinerah, sukma sinukma piningit, tangeh manggiya
yen tan nugraha yekti.
9. Nyata majeng nggebyur malebeng samodra, tan toleh jiwa diri, wau
Syeh Malaya, manengah lampahira, anut parmaning Hyang Widhi, ing
sanalika, prapteng teleng jaladri.
10. Ya ta malih Jeng Sunan ing Kalijaga, neng telenging jeladri, sampun
pinggihan, pan kadya wong leledhang, peparabe Nabi Khidir, pan tanpa
sangkan, ngandika tetanyaris.
11. Syeh Malaya apa ta sedyanira, prapteng enggone iki, apa sedya nira
dene sepi kewala, tan ana kang sarwo bukti, myang sarwo boga, miwah
busana sepi.
12. Amung godhong aking yen ana kaleyang, tiba ingarsa mami, iku kang
sun pangan, yen ora-ora nana, garjita tyas sira myarsi, Kanjeng Susunan,
ngungun duk amiyarsi.
13. nabi ningrat ngandika mring kang prapta, putu ing kene iki, akeh
panca baya, yen nora etoh jiwa, mangsa tumekaha ugi, ing kene mapan,
sekalir padha merih.
14. Ngegungaken ciptanira maksih kurang, nora ageman pati, sabda
kaluhuran, dene mangsa anaha, keweran tyas Sang Kaswasih, ing
sahurira dene tan wruh ing gati.
15. dadya alon atur ira Syeh Melaya, mangsa borong Sang Yogi, Sang
Wiku lingira, apan ta sira uga, kasmaran hidayat ullih, wekasan ningrat,
meloke ing saiki.
16. Anglakoni pituduhe guru nira, Sunan Benang Sang Yogi, tuduh
marang sira, kinen ning negri Mekah, pan arsa myang munggah kaji,
mulane nyawa, angel pratingkah urip.
17. Aja lunga yen tan wruh kang pinaranan, lan aja mangan ugi, yen tan
wruh rasanya, rasane kang pinangan, aja nganggo-anggo ugi, yen
durung wruha arane busana di.
18. Witing weruh atakono pada jalma, lawan tetiron nenggih, dadi lan
tumandhang, mengkono ing agesang, ana jugul nganggo-anggo ugi, yen
durung wruha arane busana di.
19. Lamun kuning den anggep kencana mulya, mangkono ing ngabekti,
pernahe kang sinembah, Syek Melaya duk miyarsi, ndeku norraga, dene
Sang Wiku sidik.
20. Sarwi sandika ing atur ira, Syeh Melaya minta sih, anuwun jinatenan,
sinten ta aran tuan, dene mriki peribadi, Sang Pujuningrat, Hya ingsun
Nabi Kihidzir.
21. Atur sembah pukulun nuwun jinatenan,pun patik nuwun asih, ulun
inggih datan, wruh puruhiteng badan, sasat satoning wanadri, tan mantramantra,
waspadeng badan suci.
22. Lang lung mudha punggung cinacad ing jagad, keksi-keksi ning
bumi, engganing curiga, ulun tanpa warangka, wecana kang tanpa siring,
nyata ngandika, manis sang Nabi Khidir.