Tampilkan postingan dengan label Geguritan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Geguritan. Tampilkan semua postingan

Selasa, 23 Desember 2014

Ngentekake wengi tanpa sira

sumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu
gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi
lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi

Kamis, 18 Desember 2014

PANGGAYUH



Elinga......
Saiki aku wis ngerti
Yen sliramu iku wesi
Saiki aku wis narima
Yen sliramu iku baka
Saiki aku wis pasrah
Sliramu asring gegabah

Kodrad tan bisa wiradad
Pikirmu tan gaduk ing nalar
Bisa gawe gelane liyan
Wulang wuruk kang gumelar
Lambe satumang mung kari samerang
Guna dhesthi guna miranti
Katrajang wirang tanpa sumelang

Nanging..........
Hamung siji panuwunku
Bisa katekan sedyaku
Manut miturut kang dadi karepku
Nyawiji trep marang batinku
Gampang karepe, gampang rembuge tresna aku.

MODIS

Pasuryanmu kang sumunar
Pindha bagaskara ing wanci enjing
Yen tumindak lengkeh-lengkeh sardula
Astamu kang gendhewa pinentang
Pindha blarak sempal nalika lembehan
Sukumu kang gangsir lumaku kanthi rancak
Alismu nanggal sepisan
Mripatmu lindri-lindri
Irungmu mbangir
Pipimu during sajuwing
Lambemu manggis karengat

Saben wong kang delokake blegere awakmu
Dadekake sengseming ati
Lagak lagune kaya wong kang ngebreh
Katitik saka agemanmu ngadisarira ngadi busana
Kasenenganmu tetuku samubarang kalir ing mall

SAMBAT MARANG KAHANANg



Ngudarasaning atiku
Nyawang donyaku
Sing prasasat wus kebak ing bebendu
Nalika umat wus lali marang piwulang ingkang tinamtu
Piwulang ala padha di tiru
Piwulang becik ora di gugu
Dhuh Gusti...
Mugi paduka paring pepadhang tumrap nguda rasaku

PASURYANMU



Sumiliring angin sore nggawa kangenku
Nalika sang bagaskara wus ora nuduhake sunare
Aku mung tansah ngalamun
Prasasat langit kebak ing wewayanganmu
Lintang-lintang kang gumebyar ngukir pasuryanmu

Alismu kang nanggal sepisan
Rikma ingkang ngembang bakung
Palarapan nyela cendhani
Aku kaya kalimput jroning rasaku kang tansah mbebendu
Aku kalimput aneng ilining toya kasmaran
Wong manis pasuryanmungeridhu rasaku

TRESNA KANG RINONCE



La iki udane wus teka
Kumricik banyu kang tumiba ing janaloka
Gegiro atiku kelara-lara
Amarga wewayangan katon tansah anggodha
Jarene meh lumayu nggoleki tresna

Kang nate bebarengan rinipta nalika semana
Lakuku kandheg mangu-mangu kasrimpet jarwa kandha
Nanging kudu lumayu lelandesan tresna
Dhuh wong bagus geneya pinter gawe atiku dhuhkita
Kabeh mau aku ora bisa suwala

Nadyan ngerti yen sliramu isih tresna
Marang wong ayu kang kelara-lara
Ana siji kang dadi tekating ati
Senadyanta aku teka keri
Wenanging nyenyuwun marang Gusti
         
Teka ngendi mesthi bakan ndak tututi
Wengi iki sepi kagubet krodhaning kayun
Tansah eling mring sliramu dhuh wong bagus
Mugi paring wredhaning kesdu mbok aja lumayu
Kesel anggonku nututi ngendi tibaning tresnamu
Dhuh gegantilaning atiku