Tampilkan postingan dengan label suluk. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label suluk. Tampilkan semua postingan

Kamis, 18 Desember 2014

SULUK PURWA DUKSINA




Anggita-dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana kaping IV.
Sekar Dhangdhang-gendhis; 64 pada.

1.      Sapangate kang sun tedha singgih, sun amurwa Ki Purwa-duksina, apitutur ing rabine, sedalu tanpa turu, garwanira den pituturi, pratingkah ing ngagesang,pacuwan ja tungkul, den bisa ataken basa, waspadaa sira marang sarireki, pacuwan tingalira.
2.      Baya iku yen tan den kawruhi, sayektine akeh wong kasasar, dene akeh renca/nane, yen sira sampun weruh, ing jatine sarira iki, saksat wruh ing Pangeran, iku jatenipun, aja ta kang kaya sira, lamun ora kena rencananing ngiblis, mangkona Nabi Adam.
3.      Prandene neng jroning swarga-di, pan kagodha dening belis laknat, prandene wus limpat reke, aja kaya sireku, sira malih ta yayi mami, dene dereng uninga, jatining pangawruh, prayoga atatakona, ariningsun tingal kang nyata ing ngurip, iku pagurogena.
4.      Garwanipun anauri aris, inggih nuwun pangandika tuwan, muga tulusena sihe, ing bodho katengsun, sapa sinten kang ngamadhangi, yen dede karsa dika, atulung marga-yu, Purwa-duksina angucap, pira bara yen ana sih ing Hyang Widdhi, atulung marang sira.
5.      Pituturingsun mring sira yayi, lamun ingsun yayi sampun [pejah], akramaa sira mangke, abektiya mring kakung, aja kaya amba ta iki, den olih / kakung toma, miwah yen amaguru, ngupaya kang ngutoma, ing jenenge tigang prakara ya kaki, iku den-ulatana.
6.      Kang kariyin pandhita wiladi, kaping kalih aboja-kirana, ping tigane iku mangke, pandhita amarsantun, iya iku pandhita aradin, lah iku gurokena, yayi mirah ingsun, garwane aris aturnya, kadi pundi tuduhe pandhita singgih, miwah boja-kirana.
7.      Lawan pandhita amarsantuni, padhangena amba dereng wikan, Purwa-duksina wuwuse, pandhita wiladiku, ingkang sareh wuwusireki, tan wuruk sudi karya, barang lakon ingsun, tanpa dudoh  aranira, ing wuwuse raharja teka lestari, satuhune pandhita.
8.      Anadene amarsantun iki, angatoken mulyaning sarira,kebag ing jagad pujine, sausike puniku, mapan iku wus dadi siji, mangan turune ika, dadi pujinipun, tekan wulu/ne salembar, karentege iya tansah dadi puji, iku pandhita mulya.
9.      Pandhita boja-kirana iki, tan pegat reke amangun tapa, amadhangi sarirane, anyegah nepsunipun, datan pegat amangun nepi, saciptane wus nyata, tan ana kadulu, sampun waluya sadaya, pangistune tan ana kawula swasti, wus karem marang ngora.
10.  Kang ngaja sira guroni iki, kang pandhita dadi kang mangkona, limang prakara kathahe, pandhita sipat iku, kang ru miyin puniku dadi, pandhita olah kardha, kapindhone iku, aja dursila ta ika, kaping pate kadanan pasungsung iki, iku aja mangkona.
11.  Tegese dadi sawiji-wiji, kang pandhita sipat mangke ika, sondoyan paes gawene, ana macapat iku, doyan sajen wawatekneki, ngucap daya mangana,mrih kacangcang iku, gawene sok doyanuwang, genthong ngumus pandhita madya / puniki, iku den singgahana.
12.  Iku kang ngaja sira guroni, iya iku cacade manusa, dene ta akeh dudune, nadyan sugiya ngilmu, yen mengkono dudu wong singgih, iku wong kabelasar, tuhu yen wong kupur, pakaryane ora ana, ngilmunipun den urupaken tan bunti, de karya pangasilan.
13.  Jamake akeh ngilmune pancing, akeh wong guguru kasambitan, dene akeh panyawise, singa katon den jaluk, arara mumundur tan keni, akeh wong anelasar, ing pangrungon ingsun, iku silih salah mongsa, angguru anut tawon kambu pan iki, boya etung ing temah.
14.  Iya iku yayi den pakeling, aja sira yayi ta mengkona, iku siya-siya bae, miwah yen anggeguru, takokena ujar kang ngiki,ingkang wolung prakara, den-tetela iku, wiwitan mas kawin Allah, lan Muhkama/d ping kalih aras lan kursi, iku den-takokena.
15.  Kaping tiga sri kawin ing wengi, lan rahina ping sakawan ika, lintang kallawan ngilmune, kaping limane iku, mas kawine jalu lan estri, iku lah takokena, kaping neme iku, mas kawine wulan ika, lan srengenge bumi langit iya iki, iku yatakokena.
16.  Ping wolu mas kawin suwarga-di, lan naraka iku takokena, den tetela ing lungguhe, mapan akeh katungkul, ujar iku kang den kawruhi, yayi pagurokena, ing sapungkur ingsun, garwane aris aturnya, inggih nuwun saking sih andika gusti, nuwun kawulakena.
17.  Kadi pundi padhange puniki, ingkang ngaran mas kawin ing Ngallah, lan Muhkammad-di jatine, lintang lan ngilmu iku, miwah ing Ngaras-kursi singgih, kawula padhangena, saking kula tungkul, andika pajarwa/nana, sapuniki mas kawine rina wengi, tuwan tetelakena.
18.  Purwa-duksina amuwus aris, areningsun wong ngayu mas mirah, mas kawin Allah tegese, lawan Muhkammad iku, patemone nur roh lan iki, lan uripira tunggal, tunggal rasa ningsun,mas kawin Ngaras punika, tegesipun patemon nira sajati, lawan dat ya Muhkammad.
19.  Anane mas kawine ing ngistri, lawan priya patemon ing jasad, kalawan nyawa wajibe, iku pan tunggalipun, wonteni mas ing kawineki, ya Aras-kursi ika, patemone iku, ing sungsum babalungira, panunggale nur banyu rasa kang suci, ing sungsum amirasa.
20.  Pangandikane kang sampun luwih, aja nembah lamun durung ngawas, tuwas kangilan temahe, saweneh sasar susur,amangeran marang nging belis, nembah ing tawang tuwang, ingkang tanpa wujud, kepaung amenek warsah, panyanane idhep woh/eaneng nginggil, tur wohe aneng ngandhap.
21.  Pangandikane kang sampun licin, lumaku turu ya asalat, menenge dadi bektine, pan nora wektu-wektu, panembahe kang sampun luwih, kadi ilining toya, bengawan limintu, kang wus awas ing panembah, nora pegat sambahira rina wengi, iku jatining sembah.
22.  Ana dene kang lintang puniki, mas kawine ing ngilmupunika, garib mutaka jatine, patemon langit iku, lawan dagingira puniki, tegese osikira, apa jroning jantung, mas kawine bumi ika, lawan langit patemone uteg singgih, lawan sirolah ika.
23.  Anadene mas kawin ing wengi, lan rahina patemone netra, puputih lawan irenge, lah iya tegesipun, patemone kawula gusti, iku campuh ing rasa, ing misrane iku, /mas kawine swarga iku, lan naraka patemone nepsu iki, kelawan budi ika.
24.  Panunggale angawruhi dhiri, tingalane becik ala ika, iya sikune wektune, yen wus nyata ing ngriku, prabedane lan tunggal neki, bongga basa walika, manira angrungu, garwane aris aturnya, kados pundi panunggale dadi siji, rarasanta punika.
25.  Purwa-duksina amuwus aris, panunggale ing suwung yayinta, ing kono tunggal tingale, sakehe wujud iku, pan ing kono panunggal neki, iya waspadakena, ing wuwus puniku, garmane aris aturnya, kadi pundi wonten wong ngatakon malih, patakonan mangkona.
26.  Kang ingaran iman kadi pundi, kenyatahane tokit punika, makripat paran tegese, padhangena pukulun, tetelane sawiji-wiji, kawula dereng wikan, padhang/e puniku, Purwa-duksina angucap, ya samengko pamanggihira puniki, nora ngulati Allah.
27.  Iya iku urip kang sajati, kang ingaran reke tokit kita, adhep iku sajatine, nora nana kapupu, kang angucap puniku singgih, ingkang ingaran Allah, tan roro tetelu, iya arane sarira, tokit iku tingale roh kang sajati, nyatane yen kahanan.
28.  Anadene yayi sira iki, sejatine Suksma urip ika, kang Suksma nyata awale, kabeh dudu roh iku, raga iki iku ta yayi, yen wus wruh ing mangkona, sampurna puniku, ilang kalek mahkluk ika,iya iku kang ngaran manusa jati, dene wus badan suksma.
29.  Anadene kang dereng ngudani, wedi miyak tetebeng punika, dene akeh durakane, aran tetebeng ngiku, pakumpulan sakeh riinicik, aling-aling punika, nabi wali iku miwah / kang mukmin punika, garwanira wuwuse arum amanis, miwah tingal sakedhap.
30.  Lawan lakusatindak puniki, miwah mangan sakepel punika, anginum sacegok mangke, tedahena pukulun, lawan nyandhang sasuwir iki, amba pan dereng wikan, padhange puniku, Purwa-duksina angucap, mirah ingsun wong ayu juwita mami, pilih kang kaya sira.
31.  Anadene jaruman ing ngati, kawruhira sampurnane ika, jenenge ati elinge, ujar sakecap iku, apan penet jenenge iki, laku satindak ika, panarima iku, tingale pan cakep ika, maring ekram tegese nginum satu tri, nyatane maring ngiman.
32.  Tegese mangan sakepel iki, iya Al[l]ah kang kacipteng nala, nyandhang sasuwir jatine, pujinira puniku, yen kawayang sajroning ngati, iiku jatine gesang, tan kanginan iku, dene angrasa papadha, iya iku wong ayu ingaran supi, dene sampu/n/ makripat.
33.  Nora nana yayi amal iki, amung siji amalira dhawak,saosik layarane, garwanira amatur, sedyanira arum amanis, inggih kawula nedha, saking sih wong agung, andika wejang kawula, aneng dunya ngakerat nuntuna singgih, tulus marga raharja.
34.  Kawula kakang ataken malih, kados pundi wong lara punika, agampang pae kanane, kawula pan dereng wruh, duk nalika ambayah uni, anglampahi kawula, dereng wruh puniku,duk lagya pongah-pangiyan, lan punapa puniki westane singgih,miwah duk cengengira.
35.  Alam apan duk ana ta singgih, padhangena amba dereng wikan, Purwa-duksina wuwuse, dhuh yayi mirah ingsun, baya sira juwita mami, mirah kumala retna, gurune wong ayu, lah kenekarasa lara, alam tupet dene tembe angrasani, den eling maring Suksma.
36.  Ana/dene lagi wayah iki, alam tobat iku namanira, lagi pongah-pangih mangke, alami sanget iku, pakumpulan rasa sakalir, nanging tanbuh karasa, duk samana iku, ingaranan gaibbollah, lagi cengeng ingaranan alam sahir, jagad langgeng duk baka.
37.  Garwanira matur angabekti, punapa katon wau semana,punapa reke tingale, ingkang dhateng rumuhun, tetelane sawiji-wiji, lah kakang padhangena, amba guruningsun, Purwa-duksina angucap, kang rumiyin Jabarail tompa wangsit, abang cahyane ika.
38.  Kaping kalih cahyane Mingkail, warnanira iko ilatira, ping tiga Israpil mangke, wedale putih iku, saking cahya netra puniki, wedalipunpan abang, pitu watekipun, kang ngijo tengen ingaran, ya Israpil kang cahya iku ya kuning, medal ing bathukira.
39.  Iya iku tingal ingkang pasthi, na/dyan ana kang tigang prakara,yen nora nana sijine, lara kabeh tinemu, durung teka ing patineki, yen wus uninga ika, denemut sireku, Ngijrahil kang duweilat, mapan Muhkammad puniku Nabi singgih, dadya tumekeng pejah.
40.  Wus adungkap lawang iku yayi, ing segara penyu wastanira, wis liwat sira ing kene, nulya mancat sireku, ing segara istikar iki, sampun liwat punika, anulya puniku, karane den kawruhana, gya andungkap sagara malih puniki, segara istigena.
41.  Sampun liwat kang cahya puniki, duk angambah ing sagara kiyam, ing kono wus liwat mangke, segara rante iku, wus andungkap ing Ngaras-kursi, miwah ing dhingdhing Jalal, iku duk kadulu, ing ngalam kalih prakara, wus tumingal ing ngalam kait puniki,alam kiyamah menga.
42.  / Ing ngriku nyawa kandhege malih, duk tumingal ingsegara cahya, ngaliwati ing weninge, garwanira umatur, kang punditegese puniki, segara penyu ika, tuduhna pukulun, miwah segara istikar, kakekate puniku sawiji-wiji, lah kakang padhangena.
43.  Purwa-duksina amuwus aris, mirah ing wang kasumaning tilam, ingsun minongka sepuhe, ayunira anulus, baya sira guruning ngistri, amartanana jiwa, kusumaning ayu, sira angling lipurbrongta, ing tegese sagara penyu puniki, iku wangsul manira.
44.  Anadene segara puniki, kang ngistikar panjeneng ku nira, miwah istigena kiye, wudelira puniku, iya iku segara dhiri, segara penyui ika, sikutira iku, segara rante punika, pan tegese iya ususira iki, yen sira dereng wikan.
45.  Anadene sagara pu/niki, ingkang ingaran segara cahya, tegese jajantung mangke, segara kiyam iku, iya dhadhanira puniki, segara cahya ika, netranira iku, iku kathah ing segara, ingkang tumrap puniku segara dhiri, nyatane ingkang raga.
46.  Garwanira apan matur malih, kadi pundi wonten wong tatanya, Dhingdhing Jalal kakekate, punika Aras iku, ingaranKursi kang adi, yeku ta kawruhana, ing ngagesang iku, yen nora weruha sira, durung weruh ingaranan badan iki, apa ta yen amora.
47.  Kang ngaran wot siratal mustakim, padhangena amba dereng wikan, ing luhure iku mangke, Purwa-duksina muwus, kang ingaran Aras puniki, iya pangambunira, kang ngaran puniku, wong karana Allah ika, ilatira puniku mangke ta kaki, tegese atenira.
48.  Anadene timbangan puniki, baunira kang kuwat puni/ka, pamilihira ta mangke, gunung Tursina iku, irungira iku ta yayi, ing kono enggonira, sang nyawa akumpul, ing gulune siningsetan, nyawa iku angrasa lara sakalir, miwah paningalira.
49.  Sampun dhungkap lawange kaesthi, nyawa ingkang nganeng ngalam dunya, ing kono iku ta mangke, alam miya puniku, iya bathukira puniki, alam kaet punika, ing githok puniku, ing kono kandheg ing nyawa, duk tumingal cahya Muhkammad puniki, ing kono kandheg nyawa.
50.  Sawuse aneng kono ta yayi, malekat utusan ingkang prapta, amundhut nyawa karsane, Ngijrail ta puniku, maring langit paranireki, langit pipitu ika, dadalane iku, ingkono amanggih rupa, cahyanira lir pendah purnama siddhi, surat ananing Suksma.
51.  Garwanipu/n atatanya aris, kadi pundi kang langit punika, sal sahil ika jatine, Purwa-duksina muwus, anadene kang ngaran langit, ya ing cacekak ira, kang bumi ya iku, sasore ing langitira, anadene malekat Ngijrail iki, iku kakawahira.
52.  Anadene aruman puniki, sajatine aren-aren ira, puniku mesthi tegese, runwanakirun iku, sejatine wuwukuneki, iya den kawruhana, yayi ujar ingsun, kang rayi aris aturnya, kadi pundi kang pinanggih jroning pati, duk lagine sekarat.
53.  Purwa-duksina amuwus aris, kang pinanggih yayi duk sekarat, pasthi rupanira dhewe, ya wis angrasa iku, panunggale pan dadi siji, anging amawi surat, kang rupa puniku, abane muji Pangeran,iya iku kang nga/ran Muhkammad jati, tuladhaning Pangeran.
54.  Iya iku ujar kang piningit, pan puniku jatine sekarat, larangan kang luwih mangke, mulane wong kang luhung, aling-aling kang den-kandeli, nora ambuka ujar, wau kang puniku, dene medharken kekeran, ujar iku lir ngadu pucuk ing ngeri, patinetibeng jurang.
55.  Garwanipun matur angabekti, inggih nuwun saking sedya tuwan, muga tulusa esihe, wicanten kang puniku, kadi punditeges ing linggih, kang ngaran nyawa ika, kawula dereng wruh,tuduhe satunggal-tunggal, nyawa iku akeh kang ngucap puniki, dereng wikan ing nyawa.
56.  Purwa-duksina amuwus aris, areningsun wong ayu mas mirah, kang ingaran nyawa mangke, limang prakara iku ingaranan nyawa puniki, awiwitan nur ika, kaping kalihipun, kang ngeroh mangke punika, ping tigane aka/le punika yayi, sakawan lan lekira.
57.  Ping limane kalam iku yayi, iya iku sajatine nyawa,yen sira dereng wruh mangke, tegese kang nur iku, amadhangi kahananneki, tegesing ing roh ika, uripira iku, tegese kalam pujika, pangandika sakehe kang den rasani, akal lan batinira.
58.  Ingkang ngelih jenengira iki, iya iku kang ingaran nyawa, den jangkepi lima mangke, puniku tuduhipun, dadya noraanut byung iki, wong saweneh angucap, maring nyawa iku, boyawikanmaring nyawa, garwanira matur sarya angabekti, singgih kawula nedha.
59.  Dug gaibe apa wastaneki, nyawa ika lagi ana wadhah,dhuh kakang paran jatine, Purwa-duksina muwus, duk gaibe punikuyayi, sampun ta a/ran tunggal, neptu gaibipun, lagi nak kudule cahya, tunggal lena kang ngaran nukat puniki, misih kumpul ing nyawa.
60.  Ingaranan padhang mangke iki, iya nyawa ing gantungan ika, seje lapal ku nyatane, tunggale ta puniku, ulu iyah puniku tunggil, lintang johar punika, nyawa jatinipun, mulane gumlar ing jagad, iya nyawa kang bisa anitis iki, oleh ajaning Suksma.
61.  Muhkammad ika datan kakalih, sajatine yayah nyawanira, puniku yayi tunggale, mulane akeh tungkul, ujar iku den walik-walik, mulane akeh aran, dene kiyas iku, pinatut lawan pandhita, ya mulane akeh rarasan puniki, kabeh padha kanggenan.
62.  Kang wus nyata nora den singgahi, ujar iku sampun anerawang, data/n ana wawangene, norana bastu suwung, sampunmanjing ing kupur kapir, ing sajatine gesang, lamun nora iku, jatine manusa ika, reh kang kandheg tingale manusa sepi, dene dereng uninga.

Selasa, 16 Desember 2014

Suluk Kadresan


La ilaha puniku
amot isbat kalawan nafi
jatine ana ora
iku tegesipun
Paneran asipat ora
in orane sampun awit ananeki
ananeku nakirah.

Nafi nakirah lan nafi jinis
mapan iku jinisin Paneran
kan nafi naten isbate
nafi lan isbat iku
nora pisah pan ora tungil
nafi kalawan isbat
nafi karonipun.

Nafi roro winaleran
denin illa karone tan kena manjin
marin lapal illa 'llah
hih ra Wujil kawruhana malih
kan isbat iku reke den-nata
atuduh marih musbate
dalil kalawan madlul
iku reke saminireki
inkan lapal illa 'llah
musbat aranipun
mutlak iku isimullah
tan kena liyanena Paneran kalih
anin lapal illa 'llah

Panreneninsun inuni
in wretanira sah mulya 
anataken in jatine
tafsirin nafi isbat
kan satuhune nora
nafi jinis aranipun
kapindo nafi nakirah


Tegesin kan nafi jinis
sajati-jatinin ora
mapan tan ana anane
tegesin nafi nakirah
ana lawan pinurba
arane (r. anane) kalawan tuduh
iku jatinin nakirah.

Kan ibarat nafi jinis
atuduh in dawakira
mapan tan-ana deweke
yogya sama nawruhana
denin basa nakirah
nora mojud nora ma'dum
pan tan kena winicara.

Anin ta malih sireki
sampun ora amicara
in roro iku arahe
iku inaranan ora
jen tan anaa pisan
iku inaranan suwun
leyep datanpa temahan.

Sakatahin dumadi
inaran nafi nakirah
atuduh anane dewek
pan dudu anane dawak
nafi jinis inaran
tan ana amamadeku
lawan sifatinpaneran.

Karone iku pan nafi
kalawan tegesin illa
illa iku wawalere
nafi jinis lan nakirah
wiwinalera illa
nafi roro aywa kumpul
lan isëbatin paneran.

Yen tan awalera malih
nafi roro lan isebat
yakti akumpul karone
karane sinelan illa
tanpa weh yan awora
tegesin illa 'llah iku
yen isbat kalamiyah.

Kamis, 04 Desember 2014

Suluk



A. Purwaka

Salebetipun ngelmu pedhalangan, tembung “sulukan” menika kados sampun limrah. Nalika dhalang mbabar cariyos ing pagelaran ringgit, temtu kemawon dipun-sarengi sulukan pinangka suka reseping pagelaran tuwin mratelakaken suraosipun cariyos. Sedaya lelagoning dhalang ingkang awujud; lagon, kawin, ada-ada lan sapanunggalanipun menika kawastanan sulukan. Sulukan minangka salah satunggaling perangan pagelaran ringgit saged kasekaraken ing sasuwuking gangsa; kangge ngombangi ungeling gangsa lan sapiturutipun.
Gegayutan kaliyan iringan gangsa, temtunipun sulukan menika kedah kajumbuhaken kaliyan pathetipun gangsa tuwin sawarnining raos utawi kawontenaning adegan ringgit pakeliran. Kadosta: lagon Tlutur tumrap ingkang mengku raos prihatin, susah lan sapanunggalanipun; Kawin tumrap ingkang mengku raos greget utawi minangka pangunggaring raos; ada-ada tumrap ingkang mengku raos nepsu lan sasaminipun.
Kangge mujudaken edining sulukan, pramila kedah mangertosi lagu utawi titi laras, basa, tuwin sastranipun. Menawi katitik saking titi laras saha pathetipun, sulukan ing pedhalangan mliginipun ing wewengkon Jawa Tengah lan DIY menika saged kapilah dados tiga; pathet nem (6), pathet sanga (9) lan pathet manyura (Haryanto, S, 1998: 5). Pathet nem (6) minangka gegambaraning swasana netral, pathet sanga (9) minangka gegambaraning swasana radi geger utawi rame, saha pathet manyura minangka gegambaraning swasana ingkang ewah dados dinamik mbetahaken putusaning perkawis.
Salajengipun panganggene basa ing sulukan (Jateng-Jatim) menika saged  kawastanan basa ingkang arkhais, tegesipun basa ingkang sampun boten limrah kangge padintenan. Kawontenan makaten jumbuh kaliyan kawitaning cariyos ringgit utawi sastra sulukan inggih saking jaman Jawi Kina. Pramila basa ingkang dipun-ginakaken umumipun basa Kawi ingkang njalari raos luhung, saged ugi wingit. Tumrap jaman samenika, tembung-tembung Kawi kalebet tembung ingkang awis panganggenipun kepara malah sampun dipun-lirwakaken dening saperangan tiyang Jawi piyambak. Kamangka ing salebetipun karya sastra kadosta sulukan ingkang mawi  basa Kawi menika, estunipun  ngandhut seni sastra (kagunan basa) ingkang inggil.
Kanthi kawontenan ingkang kados makaten, pramila perlu ngupiyakaken  kadospundi mbangun memitran kangge nggesangaken kepara ngrembakakaken basa- sastra-budaya Jawi. Salah satunggalipun kupiya menika saged katindakaken kanthi tembayatan kaliyan sanggar-sanggar sastra Jawi, pawiyatan beksan, pawiyatan karawitan, kalebet mbangun memitran kaliyan pawiyatan pedhalangan.

B. Underaning Pirembagan
 Adhedhasar andharan ing ngajeng, pramila badhe kaandharakaken tuladha sulukan, titilaras, suraosing cakepan tuwin gegayutanipun kaliyan cariyos ringgit. Kaajab kanthi ngudi saha nggegulang sulukan menika saged ndadosaken pisumbang tumrap kupiya nglestantunaken, ngrembakakaken, sarta majengaken basa-sastra-budaya Jawi.

1. Lagon Slendro Pathet Nem Wantah (Ageng)
tumrap Jejer Kapisan

3        3        3      3    3    23        235  5      5     5     3     35
Leng-leng    ramya    ni- kang,     sa- sang-ka    ku- me-nyar,
6.53.532          6          6          6          6          6          6165    5          21216
o…..,                mang- reng-    ga        rum -   ing       pu –     ri          o….
3532    2          2          2          2          12        3          5356    3          5          32      2
mang – kin     tan -    pa        si –       ring,    ha -      lep       i -         kang    u-      mah,
235      235      2          2          2          21        6165    6
mas     lir         mu -    rub-     ing       la -       ngit,    o…,
12        2          2          2          2          12        1.2.16.53.5.6.532
tek-     wan     sar -     wa       ma -     nik,      o…,
2          2          2          2          2          1 2       6165    21216     3532    2
ta -      wing -  nya      si -       na -      wung,  o….,     o….,       sak –    sat
2          2          2          2          12        3          5356    2          2          21        1216    12
se -       kar      si -       nu -     ji,         ung-    gwan   Bha-    nu-      wa-      ti,         o…,
3          5356    3          5          32        2          235      235      2          2          2          21
yan      a-         mrem  a-         la-        ngen,   lan       na-       ta         Dur-    yu-      da
6165    6          12        2          2          2          2          2     12          1.2.16.53.5.6.532
na,       o…,      lan       na-       ta         Dur-    yu-      da-   na,          o….
———–

Katrangan tembung-tembungipun:
Leng-leng (lengeng): anglam-lami, nengsemaken (Mardiwarsito, 1981: 316)
ramya: endah (Mardiwarsito, 1981: 462)
sasangka (cacangka): rembulan (Mardiwarsito, 1981: 564)
kumenyar (kumenar):           sumorot, sumunar (Poerwadarminta, 1937: 235)
mangrengga ruming puri: ngrengga kaendahaning puri (kedhaton, keputren)
mangkin tanpa siring: saya tanpa tandhing, tan ana ingkang madhani (endahe)
halep ikang umah mas: endahe suyasa(gedhong) emas kencana
lir (lwir) murubing (murub ring) langit: kadya sumunar ing akasa utawi langit
tekwan: sarta, lan, apamaneh (Mardiwarsito, 1981: 595)
sarwa (sarwwa) manik: maneka warni sesotya
tawing: tebeng, aling-aling (Mardiwarsito, 1981: 591)
sinawung: linapis, dipun salut
suji: 1. eri, sunduk, 2. sulaman, renda (Mardiwarsito, 1981: 543)
saksat sekar sinuji: kadya sekar rinonce
unggwan: papan (Poerwadarminta, 1937: 443)
Yan amrem alangen (alango) lan nata Duryudana: menawi sare alelangen (sih-sinisihan) kaliyan Prabu Duryudana.
Suraosipun cakepan:
Endah anglam-lami (warninipun) rembulan ingkang sumunar ngrengga memanising puri (kedhaton), (njalari) endahing negari Astina tanpa tandhing. Endahipun suyasa kencana (griya emas) sorotipun sumunar kadya murub ing langit. Punapa malih tebengipun linapis sesotya maneka warni kadya sekar rinonce. Nenggih papan padununganipun Dewi Bhanuwati, menawi sare alelangen kaliyan Prabu Duryudana.
Sekar menika kangge sulukan jejer Kawitan, mliginipun jejer nagari Hastina. Cengkok ingkang dipun-ginakaken inggih menika cengkok Mangkunegaran. Menawi katitik saking tembung-tembungipun, isi sekar menika kalebet nyandra kaendahanipun nagari Hastina ing wanci dalu pinuju padhang bulan. Sekar menika kasebat sekar Sardulawikridita, tegesipun dolanan sima. Nalaripun sima utawi macan menika satunggaling kewan ingkang ageng, nalika tilem katon nengsemaken. Ananging sasampunipun tangi saged ndadosaken bilahining manungsa utawi kewan sanes. Samanten ugi nagari Hastina ingkang katon endah, sayektosipun mbebayani tumrap negari sanes. Awit, Duryudana sarta kadangipun (Kurawa) tansah ngumbar kanepsoning dhiri, ancasipun sageda ngatroni negari ingkang tanpa tandhing.

2. Ada-ada Girisa Laras Slendro Pathet Nem
3          5          3          5          6          2
Le-       ngeng ga-       ti-        ning     kang
3          5          3          5          6          2
ha-       wan     sa-       bha      sa-       bha
6.12.31216      6          6          56        5.653
ni-                    king     Ngas-  ti-        na
1.2       6          2          1          2          3
sa -      man-   ta-       ra         te-        keng
2          2          6          2          3          3
Te-       gal       Ku-     ru        na-       rar-
2          2          2          2          1.216
ya        Kres-   nan      la-        ku
3          5          3          5          6          2
si-        rang    Pra-     su-       ra-       ma
3          5          3          5          6          2
myang            Kan-   wa       Ja-       na-       ka
6.12.31216      6          6          56        5.653
du-                  lur       Na-      ra-       da
12        6          2          1          2          3
ka-       pang-  gih       i-          ri-        kang
2          2          6          2          3          3.532
te-        gal       mi-       lu         kar-     ya
2          3          5          56        5653
Sang-  a          Bu-      pa-       ti
5.32     3          5          56        5653
Sang-  a          Bu-      pa-       ti
————–

Katrangan tembung-tembungipun:
Lengleng (lengeng): endah, nengsemaken, asri (Mardiwarsito, 1981: 316)
gati: kawontenan (Mardiwarsito, 1981: 187)
hawan: margi (Mardiwarsito, 1981: 215)
sabha: papan pirembagan, bangsal, pendhapa kraton (Mardiwarsito, 1981: 486)
samantara: boten antawis dangu
Tegal Kuru: ara-ara Kuru
nararyya : nara (tiyang) + arrya (minulya) “Prabu” (Mardiwarsito, 1981: 364)
Kresnan laku: Kresna + an (anggenipun) + laku = tindakipun Prabu Kresna
sirang: dheweke, panjenenganipun (Mardiwarsito, 1981: 533)
Sirang Paracurama, myang Kanwa: Panjenenganipun Paracurama kaliyan
Kanwa
Janakadulur Narada: Janaka + adulur + Narada= Janaka sesarengan kaliyan
Narada
Milu ri karrya: tumut mbiyantu ayahan, panggaotan
Bhupati: bhu (bhumi) + pati (pangageng)= raja, ratu

Suraosipun cakepan:
Endah, asri, nengsemaken kawontenan margi ingkang tumuju dhateng bangsal Hastina (Ngastina). Samantara tindakipun Prabu Kresna dumugi ing Kuru (ara-ara Kuru) kepanggih kaliyan Paracurama, Kanwa sarta Janaka (ingkang sampun asalira dewa) sesarengan kaliyan Bathara Narada. Sedaya menika sami tumut mbiyantu pakaryanipun Prabu Kresna (minangka dhutaning Pandhawa).
Sekar menika kawastanan  sekar tengahan Girisa cengkok Ngayogyakarta, ingkang nyariyosaken Prabu Kresna duk nalika dados dhutaning Pandhawa tindak dhateng nagari Ngastina nedya ngantepi tekadipun Kurawa (Duryudana). Menggah suraosipun tekad Kurawa menika, supados Pandhawa ngulungaken wewenangipun (sepalihing nagari Ngastina) menawi boten sarujuk ateges milih dumadosipun perang Bharatayudha.
Kanthi panyengkuyungipun Rama Parasu (Paracurama utawi Rama Bargawa), Kanwa (resi), Janaka (ratu ing Mithila utawi Manthili), sarta Bathara Narada, Prabu Kresna  lajeng tindak dhateng Ngastina saperlu ngayahi jejibahan minangka dhutaning Pandhawa. Tiga-tiganipun (Rama Parasu, Kanwa sarta Janaka) yektosipun sampun seda mila asalira dewa.

3. Lagon Slendro Pathet Sanga Wetah
2          2          5          5          2          2          2          12
Ka-      yon      ka-       ti-        yup-    ing       a-         ngin
1          1          1          1          12        16        61        1
su-       myak  swa-     ra-       ne        ka-       re-        ngyan
3          3          3          3          2          23        12        2
sa-       mi-       ra-       na        ma-      wor      ri-        ris
2          35        5          5          56        53        3.5       5
lu-        mrang gan-     da-       ning     pus-     pi-        ta
6.1       1.612   61.65   2.1.6
a-         e          a-         na
1          1          1          1          12        16        6.1       1
ti-        ti          so-       nya      ma-      dya      ra-       tri
2          2          2          2          2          2          2.1       6.1.6.5
ra-       ras       ru-       men-    dheng  a-         ka-       sa
————–

Katrangan tembung-tembungipun:
Kayon: kayun utawi kajeng, gunungan ing wayang (Poerwadarminta, 1937: 180)
sumyak: rame, gumyak (Poerwadarminta, 1937: 573)
Karengyan (renge, rengyan): terdengar (Mardiwarsito, 1981: 471)
samirana: angin (Poerwadarminta, 1937: 542)
riris: lembut, alon (Mardiwarsito, 1981: 477)
lumrang (lumra): sumrambah, mratani (Mardiwarsito, 1981: 326)
titi sonya: wekdal ingkang sepen, suwung (Poerwadarminta, 1937: 574)
Madya ratri: tengah wengi
Raras: laras, endah (Mardiwarsito, 1981: 464)
Suraosing cakepan:
Kayon katiyuping angin,
rame swantenipun  kapireng,
angin angidid alon,
sumrambah gandaning sekar,
wancinya wus tengah wengi,
laras  rumendheng ing akasa.
Cengkok lagon ing nginggil ngginakaken cengkok Ngayogyakarta. Lagon menika pratandha ngancik pathet sanga ing ringgit purwa menapa dene kangge malik pathet ing gendhing. Kanthi lagon menika sinarengan kayon ingkang dipun-tancebaken tegak lurus (ing pagelaran ringgit purwa) mratandhani wiwiting “gara-gara”. Kawontenan menika nedahaken bilih pagelaran ringgit sampun ngancik ing madya ratri ( wayah tengah wengi).

4. Lagon Slendro Pathet Manyura Wetah
3          3          3          3          3          3          3          3          3          3          3
Meh     ra-       hi-        na        se-        mu       bang    hyang ha-       ru-       na
3          3          3          3532    2          2          2          2          12
ka-       di         ne-       tra-      ning     o-         gha      ra-       puh,
3      3     3       3    3    3          356      6   6    6      6   6     6   56        2123
sab- da- ning  ku-ki-  la         ring     ka-ni- ga-   ra sa-  ke-            ter,        0….,
3   3     3       3       3     23       21        1          1          1          1          1          1          1
ni   ki- dung  ning a-  kung,   lir        wu-      wus-    ing       wi-       ni-        pan-    ca
612      2          2          2          2          2          2          12
la-        wan     pa-       pe-       tak-     ing       a-         yam,
3    23  2      2   21  6       3       3     3      3     3    23  23   21   1     1   1     1  1       12
wa-na  ring   pa-ga-gan,  mrak ma-ngu-wuh  bre-ma-ra   ngra-ba-sa   ku-su-ma     ring,
2          12        6          6          616      53
pa-       ra-       ha-       syan     a-        rum
————–

Katrangan tembung-tembungipun:
Meh rahina: meh enjing, wancinya ndungkap rahina (Mardiwarsito, 1981: 457)
semu bang: radi abang (langit sisih wetan ingkang katon semburat abrit)
Hyang Haruna: Hyang Arkka, Hyang Aditya, Hyang Surya, srengenge
ogha: sesakit mripat / duka asmara (Mardiwarsito, 1981: 384)
rapuh: kesel, lesu, lungkrah, nglokro (Poerwadarminta, 1937: 521)
kadi netra ning ogha rapuh: kados abritipun netra ingkang ngleresi sakit
sabdaning kukila: anggunge peksi, swantening peksi engkuk
kanigara: kembang matahari (Mardiwarsito, 1981: 265)
ring kanigara: ing wit kanigara
saketer (keter): kados geteripun (Mardiwarsito, 1981: 282)
kidung: tembang, sekar
kung: sakit asmara, nandhang brangta, kasmaran (Mardiwarsito, 1981: 298)
akung: nandhang brangta, kasmaran
saketer ni kidung ning akung: kados geter kidunganipun tiyang ingkang nandhang kasmaran
winipanca: kecapi India (Mardiwarsito, 1981: 686)
lir wuwusing winipanca: kados swanten siteripun tiyang Indu
papetaking ayam wana: swantenipun ayam wana
pagagan: papan / siti ingkang katanem pari gaga (Poerwadarminta, 1937: 456)
mrak manguwuh: peksi merak nyengungong (ngundang-undang)
bremara ngrabasa kusuma: kombang, tawon ingkang ngrisak sekar
parahasyan (rahasya): papan wadi, senthong patileman, kamar pasarean (Mardiwarsito, 1981: 457)
arum: endah, wangi (Mardiwarsito, 1981: 78)

Suraosing cakepan:
Wancinipun meh ndungkap enjing srengenge (langit ing sisih wetan) katingal semu abrit, kados netra ingkang ngleresi sakit,
anggunging peksi engkuk ing wit kanigara anggeteri,
kidungipun tiyang ingkang nandhang kasmaran,
kadya ungeling siteripun tiyang Indu,
kaliyan swanten ayam wana ing pagagen,
peksi merak nyengungong undang-undang,
kombang tawon mangrurah (ngrisak) sekar ing pasarean endah.
Cengkok sekar ing nginggil menika ngginakaken cengkok Mangkunegaran. Wondene lagon slendro pathet manyura wetah utawi sekar Wisarjita menika (ing pagelaran ringgit purwa) kangge sulukan ing wanci ndalu ndungkap enjing. Tembung manyura saking basa Kawi ‘mayura’ ingkang tegesipun peksi merak. Dados pathet manyura tegesipun pathet merak, awit pathet menika panganggenipun menawi sampun perak enjing, watawis pukul tiga (03.00) dalu / dungkap enjing.
Lajeng, suraosipun sekar menika nyariyosaken candraning alam negari Ngastina (Hastina) ing wanci dalu ngajengaken gagat rahina. Nalika samana Prabu Kresna minangka dhutaning Pandhawa sare wonten ing suyasa (gedhong) padamelanipun Sang Widura, saderengipun nindakaken ayahanipun pirembagan kaliyan Kurawa. Dados, Prabu Kresna dereng priksa antebing tekad Prabu Duryudana ingkang badhe ngrekadaya Pandhawa.

C. Panutup
Saestunipun taksih kathah sulukan ingkang dereng kaandharaken ing makalah menika. Kaajab, mugi kanthi seserepan satleraman menika saged nggigah pikajeng nggegulang saha ngudi asiling kabudayan luhung tiyang Jawi. Salah satunggaling materinipun inggih menika sulukan. Kanthi ngudi utawi nyinau cengkok sekaripun ateges ngudi endah saha reseping sulukan. Samanten ugi kanthi ngudi suraos cakepaning sulukan ateges ngudi endah saha werdinipun basa tuwin sastra ing salebetipun.
Gegayutan kaliyan wigatosing rekadaya Program Studi Basa lan Sastra Jawa mbangun memitran kangge ugurip-nguripi basa-sastra-budaya Jawi temtunipun sadaya kalawau saged dipun-leksanakaken kanthi tembayatan kaliyan sanggar-sanggar sastra, sanggar seni Jawi, pawiyatan pedhalangan lan sanes-sanesipun. Ingkang baku murih ngrembakaning basa-sastra-budaya Jawi, mbetahaken kawigatosan saking instansi menapa dene pribadi masyarakat Jawi piyambak.
Mugi sedaya kalawau migunani tumrap majenging saha ngrembakaning basa-sastra-budaya Jawi.

Kapustakan
Carita, Ki Narya. 1993. Serat Pedhalangan Lampahan Bale Segala-gala. Surakarta: Cendrawasih
Darsomartono, S. 1978. Sulukan Ringgit Purwa Wacucal Cengkok Mangkunagaran. Surakarta: Yayasan PDMN
Haryanto, S. 1988. Pratiwimba Adhiluhung Sejarah dan Perkembangan Wayang. Jakarta: Djambatan
Mardiwasito, L. Kamus Jawa Kuna – Indonesia. Flores: Nusa Indah
Mudjanattistomo, sakanca. 1977. Pedhalangan Ngayogyakarta. Ngayogyakarta: Yayasan Habirandha
Poerwadarminta, WJS. Baoesastra Djawa. Batavia: JB. Wolters-Groningen
Windradi, Nanang. 2002. Suluk, Kawruh Pedhalangan lan Macapat. Surakarta: Cendrawasih