Tampilkan postingan dengan label Kesenian Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Kesenian Jawa. Tampilkan semua postingan

Kamis, 01 Januari 2015

Jathilan




Jathilan iku tarian tradhisional Jawa sing pemainé utawa panariné migunaaké jaran képang. Tarian iki ana unsur magisé amarga panariné bisa ana sing mendem. Tarian iki digelar kanthi iringan manéka alat musik gamelan kayata: kendhang, saron lan gong. Jeneng tarian iki béda-béda ing sawetara panggonan. Ing tlatah Banyumas diarani 'ebeg', ing sawetara panggonan ing Jawa Tengah diarani 'jaran képang'. Tarian jathilan iki bisa madeg dhéwé lan bisa uga arupa gabungan karo tarian liya kayadéné réyog lan barongan. Sadurungé tarian iki biasa diwiwiti nganggo tetabuhan gamelan arupa: kendhang, bendhé lan kecer, sarta lawakan utawa dhagelan Penthul (Bancak) lan Tembem (Doyok). Ing sèsi pungkasan kerep ana penari sing nganti ngancik trance (kaya kesurupan). Saliyané kanggo hiburan, tari jathilan uga biasa dianggo prosèsi ritual budaya mistis kayadéné tradhisi tolak bala ing pèrèng Gunung Merapi.
        Panari jathilan disandhangi werna-werna. Ana raja, prajurit, buta, anoman, barongan, lan penthul. Raja lan prajurit migunaaké jaran képang. Anoman ing jathilan ora mung wujud kethek putih nanging ana uga sing ijo lan abang. kejaba iku penari uga ana sing nganngo properti arupa pecut utawa cethen.

Jumat, 19 Desember 2014

REOG



Réog iku salah sijining seni rakyat sing asalé saka Jawa Wétan sisih kidul-kulon sakiwa-tengené Kabupaten Panaraga. Ing tlatah iki kondhisi sosio-budaya isih sarat mawa prakara-prakara magis lan aliran kebatinan Kejawèn isih kuwat. Kesenian réog iki isih kuwat gandhèngané karo praktèk magis turunaning para leluhur.
Réog modhèrn biyasané dipentasaké nalika ana prastawa-prastawa wigati kayata ritus-ritus passage, tuladhané wong kawinan lan tetakan (supitan) lan dina-dina gedhé nasional.

Seni Réog Panaraga kasusun saka sawetara rangkaian 2 nganti 3 jogèd pambuka. Jogèdan kapisan biyasané dipentasaké déning 6 nganti 8 priya gagah kendel sing klambènan werna ireng lan rainé dipolèsi werna abang. Para panjogèd iki nggambaraké sosok singa sing kendel. Sawisé ana jogèdan sing dipentasaké déning 6 nganti 8 bocah wadon sing numpaki jaran. Ing réog tradhisional, para juru jogèd iki biyasané diperanaké déning wong-wong lanang sing nganggo klambi wadon. Jogèdan iki diarani tayuban jaran képangan. Jogèdan pambuka liyané yèn ana biyasané dipentasaké déning bocah cilik sing mentasaké adhegan lucu. Bocah lucu iku kasebat Bujangganong. Bujangganong di jénéngake ngono amarga saka cariosè bujangganong ora krama lan bathukè nonong.

Sawisé jogèdan pambuka bubar, lagèk dituduhaké adhegan inti sing isiné gumantung karo prastawa sing mentasaké seni réog. Yèn gandhèngané karo kawinan, banjur adhegan asmara sing dipentasaké, yèn tetakan ya biyasané carita laga.

Adhegan ing seni réyog biyasané ora miturut skénario sing kasusun rapi. Mesthi ana interaksi antara pemain lan sang dhalang (biyasané pamimpin rombongan) lan sok-sokan karo penonton. Kadhangkala pemain sing lagi pentas bisa digantèni karo pemain liyané yèn dhèwèké kesel. Sing utama ing seni pementasan réyog iku bèn sang penonton marem.

Adhegan pungkasan iku arupa singa barong, para pemainé nganggo topèng awujud endhas singa mawa makutha sing dipahési mawa wulu-wulu merak lan ana ndas ing dhuwur singo barong. Topèng iki aboté bisa nganti 60 kg. Topèng sing abot iki digawa karo penontoné mawa dicokot karo untuné. Sing ngangkat kudu sing wis kuwat lan bisané katekan kudu karo latihan sing abot lan dipracayani uga bisané olèh déning latihan spiritual kayata pasa lan mbangun tapa.

BARONGAN



Barongan_Blora.JPGBarongan utawa seni Barong kuwi sawijining kesenian rakyat kang akèh sumebar ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wétan. Barongan migunakaké sandhangan utawa piranti sing digawé saka topèng lan kain utawa karung, diwujudaké kaya Singo Barong utawa Singa gedhé sing galak.
Kesenian iki awujud tarian klompok sing nirokaké solah tingkahé Singa barong sing prakasa lan tokoh liyané yakuwi Bujangganong, Joko Lodro, Reog, Noyontoko lan Untub . Anan ing kesenian Jathilan, mliginé ing tlatah Ngayogyakarta lan sakiwa tengené, barongan mono kanthi paraga wong loro utawa wong telu, kabèh-kabèhe mlebu ing sawijining karung kang dirékayasa wujud kèwan, sing ngarep nyekel endhas, kang mburi nyekel buntut, déné kang tengah biasané manggul/munji sawijining pawongan, kaya-kaya wong kasebut numpak barongan. Jroning pamentasan seni barongan, para paraga mau jejogètan diiringi nganggo instrumèn musik antara liya : Kendhang, Bedhug, Bonang, Saron, Demung, Kempul lan Suwukan.
Kesenian barongan sumberé saka hikayat Panji, yaiku sawijining crita kang diwiwiti saka iring-iringan prajurit nunggang jaran ngawal lelakuné Radèn Panji Asmarabangun / Pujongga Anom lan Singa Barong.