Barongan kuwi yaiku kesenian
jawa sing wis dikenal tekan endi – endi, salah sijine ing tlatah Blora.
Kesenian barongan ing kutha Blora wis lumrah lan wis gedhe banget akeh sing
ngerti akeh sing seneng, utamane yaiku kanggo bocah cilik – cilik. Barongan wis
dadi kesenian khas Blora, sing diuri – uri kanthi saiki.
Wis akeh grup barongan ing
kutha Blora wiwit saka grup barongan kang wis terkenal, kanthi grup barongan
cilik. Grup kang dibentuk amarga saking tresnane masyarakat Blora marang
kesenian barongan.
Salah sijine yaiku grup
barongan sing dipandhegani dening ‘Mbah Nyana’, tiyang kakung warga Desa
Patalan kang mbentuk grup barongan wiwit saka taun 2002. Grup barongan kuwi
digawe kaping pisan kuwi amarga ana acara pitulasan ing Desa Patalan, ing acar
pitulasan kuwi saben sekolah ing Desa kuwi padha melu arak – arakan utawa
karnaval lan ing arak – arakan utawa karnaval kuwi salah siji Sekolah Dasar ing
Desa kuwi yaiku SD Patalan 2 (saiki dadi SD Patalan 1) nyiapake pentas seni
yaiku arep nampilake Barongan.
Mbah Nyana sesepuh ing Desa
Patalan kuwi mau, simbah saka salah sijine murid ing sekolahan kuwi mandhegani
nggawe grup barongan, sing diketuani dning Mbah Nyana dewe, anggotane saka
bocah – bocah SD wiwit saka kelas 1 kanthi kelas 4 SD.
Alat lan peralatan sing di
butuhake kanggo pentas kesenian barongan yaiku arupa barongan nem, bujangganong
4, jaranan utawa jathilan 6, warok 1, gendruwon 1, pedang – pedangan kanggo
gendruwon siji, pecut 1 kanggo warok, tongkat 6 kanggo pasukan jaranan utawa
jathilan. Barongan diisi karo wong nganggo seragam celana dawa, bujanganong
ngliga lan celana seragam dawa, warok nganggo klambi ireng ngawa pecut,
gendruwon nganggo topeng sing medeni, nggawa pedang saka kayu, lan prajurit
jaranan utawa jathilan nggawa jaranansaka anyaman, lan nggawa tongkat. Gamelan
sing dibutuhake paling utama yaiku kendhang, gedhog 1, saron 2, bonang, gong,
angklung lan serompet. Anggota ing grup barongan kuwi ana telung puluh anggota.
Grup kesenian barongan sing
diketuani Mbah Nyana iku pentas kanggo macem – macem acara, bisa acara ing Desa
kanggo ngisi acara ing Desa, bisa uga ing acara supitan,utawa nikahan, grup
kesenian barongan kuwi yen ditanggap perlu prabeya 3 yuta kanthi 4 yuta, 4 yuta
kuwi kanggo anggota (50 ewu x 30 =
1.500.000), kanggo nyewa seragam (20ewu x 20 = 400.000) sisane
digunakake kanggo kas kelompok, dadine saben rampung pentas kuwi ana dhuwit
klebu ing kas anggota, kas anggota kuwi digunakake kanggo tuku gamelan, kanggo
tuku peralatan nkanggo pentas kayata sesajen, lan liya – liyane.
Grup barongan iki wis gawe
kesepakatan yen arep ana sing nanggap kuwi seminggu sakdurunge pentas, njagani
supaya ora mepet lan uga anggotane bisa latian dhisik, keangotaan ing grup
barongan iki wis ganti kaping akeh amarga anggotane sing sakdurunge wis padha
gedhe – gedhe, lan saiki wis ana sing sekolah ing adoh, uga ana sing kerja ing
kutha, kuwi sing gawe anggota grup barongan ganti – ganti.
Kesenian Barongan iki wis
dadi kabudayan ing kutha Blora awit jaman biyen, kabudayan kag kudu diuri – uri
kanthi saiki, ora sithik wong sing seneng karo kabudayan, nanging ora sithik
uga wong sing lali marang kabudayan kuwi, nanging mengko yen kabudayan kuwi wis
luput saka awake dhewe, lagi wae padha peduli.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar