Selasa, 06 Januari 2015

Konservasi ing kampus UNNES




Konservasi yaiku program kanggo nglestarikake lingkungan kampus UNNES, manfaate yaiku kanggo ngentukake wektu kuwi kanggo netepake kahanan saben panggonan kanggo wektu kang luwih dawa.
            Konsep konservasi yaiku progam pelestarian kang trep kanggo sistim konservasi. Proses ngelola panggonan utawa obyek supaya nduweni makna kang trep. Panggonan kang pas, diopeni sajroning kahanan kanggo manfat sing akeh.
            Tujuan program konservasi ing kampus UNNES. Arsitektur ijo, nduweni makna bangunan lan lingkungan binaan sing bisa ngurangi utawa bisa wenehi manfaat daya bahan energy, banyu lan energy. Bisa njaga keslametan, keamanan, lan kesehatan kanggo warga UNNES. Ngurangi sampah, polusi lan rusak`e panggonan sing ana ing UNNES.
            UNNES kuwi ana ing gunung, nduweni keanekaragaman hayati, wit – witan, kewan akeh jenise, akeh maceme. Progam ngopeni sampah,dadi kompos. Progam iki penting kanggo kampus Unnes, kanggo kesehatan ing panggonan kuwi. Sumbere energy sing paling ringan, kanggo ngurangi polusi. Proses kompos salah sijine cara kanggo ngentukake energy ing proses ngolah sampah. Tenaga angin luwih bisa ndukung prosgam konservasi ing kampus.
Kampus UNNES Sekaran diwiwiti semester awal ing taun 2012 kacipta Kampus Konservasi kanggo mujudake kampus asri ing UNNES kuwi uga saben – saben ana aturan – aturan anyar ing kampus saka panggonan parkir sing dikurangi nanging uga kacipta parkiran – parkiran sing ditata miturut aturan – aturan. Ora saben – saben panggonan bisa digunakake kanggo parkir, amung ing FBS, FMIPA, FT, FIS, FIK, kamangka kuwi wae ora bisa mlebu area kampus ana dalan – dalan tartemtu kang ora bisa diliwati.
            Saka aturan – aturan anyar kuwi mau kacipta infrastruktur ing kampus kayata “Gedhung Serba Guna”, banjur bis UNNES ana papat, motor mobil mahasiswa utawa dosen bisa diparkir ana ing “Gedhung Serba Guna” lan supaya mahasiswa utawa dosen lan karyawan kampus UNNES Sekaran ora kesel anggone mlaku yen arep kuliah utawa ngajar kuwi mau bisa numpak bis UNNES.
            Nanging kanthi tekan seprene aturan – aturan kuwi mung dadi aturan blaka, aturan kuwi semana wis owah, wiwit saka motor – motor sing nglewati dalan – dalan sing kudune ora bisa diliwati nanging saiki wis dadi bab lumrah, yen ditakoni “kenapa lewat dalan iki, kudune kan ora bisa lewat dalan iki?” jawabane enteng, tur cetha banget, “wegah mlaku, panas, mangkana ana bis ya lewate suwe, kenapa motor mahasiswa entuk nanging mobil – mobil dosen bisa bebas?”. “bis e ora lewat kampusku, malah saiki bis amung ana loro, kesuwen ngenteni, apa telat?”
            Ora dadi salah mahasiswa, utawa aturan, ya kaya mangkana kuwi aturan wis cetha, aturan  nduweni tujuan apik, nanging yen ora didukung dening anggota ya ora dadi bab sing apik, ya mung dadi aturan nganggur lan ora migunani ora ana manfaate.
            Saiki perlune kango nerusaka tujuan kang apik, supaya nduweni kampus kang asri, bisa menehi manfaat akeh kanggo sekabehane. Bisa njaga, bisa peduli. Kuwi sing sebenere dikarepake anane aturan lan anane program konservasi sing saktemene kanggo kamulyan warga kampus UNNES.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar