Jathilan iku tarian tradhisional Jawa sing pemainé utawa
panariné migunaaké jaran képang. Tarian iki ana unsur magisé amarga panariné
bisa ana sing mendem. Tarian iki digelar kanthi iringan manéka alat musik
gamelan kayata: kendhang, saron lan gong. Jeneng tarian iki béda-béda ing sawetara
panggonan. Ing tlatah Banyumas diarani 'ebeg', ing sawetara panggonan ing Jawa
Tengah diarani 'jaran képang'. Tarian jathilan iki bisa madeg dhéwé lan bisa
uga arupa gabungan karo tarian liya kayadéné réyog lan barongan. Sadurungé
tarian iki biasa diwiwiti nganggo tetabuhan gamelan arupa: kendhang, bendhé lan
kecer, sarta lawakan utawa dhagelan Penthul (Bancak) lan Tembem (Doyok). Ing
sèsi pungkasan kerep ana penari sing nganti ngancik trance (kaya kesurupan).
Saliyané kanggo hiburan, tari jathilan uga biasa dianggo prosèsi ritual budaya
mistis kayadéné tradhisi tolak bala ing pèrèng Gunung Merapi.
Panari jathilan
disandhangi werna-werna. Ana raja, prajurit, buta, anoman, barongan, lan
penthul. Raja lan prajurit migunaaké jaran képang. Anoman ing jathilan ora mung
wujud kethek putih nanging ana uga sing ijo lan abang. kejaba iku penari uga
ana sing nganngo properti arupa pecut utawa cethen.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar