Rabu, 07 Januari 2015

Kartu Keluarga Sejahtera Jokowi


 
Pemerintah wis ngumumke yen pembagian Kartu Keluarga Sejahtera durung nemoni perkara, nanging isih ana ing ing salah siji daerah ana sing durung kebagian Kartu Keluarga Sejahtera. Sasaran Kartu Keluarga Sejahtera KKS ing Indonesia yaiku limalas yuta. Sitik akeh data sing dienggo yaiku data saka jaman pemerintahan Susilo Bambang Yudhoyono, keluarga sing berhak entuk Kartu Keluarga Sejahtera KKS yaiku keluarga sing uwis nduweni Kartu Perlindungan Sosial (KPS). KPS yaiku program kinerja ing jaman pemerintahan SBY. KPS kuwi kartu kang ditujukake kanggo keluarga sing ora mampu, sing durung tau entuk bantuan saka progam – progam sadurunge.
Pembagian Kartu Keluarga Sejahtera KKS ditarget paling suwe yaiku ing akhir taun 2014,kuwi sing diomong dening Jokowi Presiden Indonesia nalika ing Bengkulu nalika ing kantor pos ing Bengkulu. Ing Bengkulu keluarga sasaran Kartu Keluarga Sejahtera KKS ana limalas ewu keluarga, nanging kasunyatane lagi sewelas ewu keluarga sing lagi entuk Kartu Keluarga Sejahtera KKS.
Sasaran panarima Kartu Keluarga Sejahtera KKS, nggunakake data keluarga ora mampu wiwit saka data BPS,kementrian kesehatan, Kementrian Sosial, lan Badan Kependudukan lan Keluarga Berencana Nasional. Nanging saka saben – saben kelompok kuwi mau ana data kang beda, beda isi data kuwi amarga riteria – criteria sing di gunakake uga beda – beda. Data – data sing wis ana mulai ditambahi dening BPS sing saiki wis dikelola tim Nasional lan ditambahi keluarga – keluarga sing durung entuk bantuan lan keluarga sing durung kalebu daftar keluarga kurang mampu.
            Babagan sing kanthi saiki isih dadi pikiran ala warga Indonesia yaiku kayata bab sadurunge yaiku ing jaman pamarintahan SBY. Ing wektu kuwi pembagian BLT ora pas marang keluarga sing bener – bener mbutuhake, lan perkara kuwi ora kedadeyan amung ing siji daerah nanging ana ing pira – pira daerah ing Indonesia.
Kartu Keluarga Sejahtera KKS kuwi wujud progam kang diusulake lan dilakokake dening Presiden Jokowi kasil saka ngurangi subsidi BBM. Ing tangal 18 November 2014 bensin premium mundak rong ewu sing asline nem ewu limangatus dadi wolung ewu limangatus. Ngurangi subsidi BBM ora mung kango Kartu Keluarga Sejahtera KKS nanging kanggo ndandani pembangunan infrastruktur ing Indonesia, uga nindaki program kerja SBY.

Kompas, Kamis, 27 November 2014

            Kang dadi kekarepan warga Indonesia saiki ngenani Kartu Keluarga Sejahtera  KKS yaiku Kartu Keluarga Sejahtera KKS disebar kanthi tepat sapa kang pantes narima bantuan kuwi, ora kaya jaman semana, malahan wong – wong sing wis mulya sing kudune ora pantes entuk bantuan malahan entuk bantuan, nanging keluarga sing samestine entuk malahan ora entuk bantuan. Kuwi dadi PR saben anggota sing dadi pengurus Kartu Keluarga Sejahtera KKS, supaya progam iki ora ana singf dirugikake, lan progam iki bisa migunani kanggo sakabehe.
            Pembagian Kartu Keluarga Sejahtera KKS mbutuhake pengawas – pengawas sing bener – bener jujur, apik saka pihak pemeriksa utawa saka sing narima. Saka pengawas sing nemtukake sapa wae sing pantes diwenehi kuwi kudu pancen bener – bener ngerti kahanan sing sabenere, lan yen saka panarima kudune ya jujur, yen pancen ngrasa mampu yen diwenehi ya luwih apik yen diwenehake kanggo keluarga sing luwih mbutuhake. Amarag bantuan lan progam iki tujuane kanggo nyejahterakake masyarakat. Progam sing apik, tujuan sing apik, kudu didukung karo anggota lan pengurus uga, supaya sakabehane bisa nduweni manfaat lan migunani.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar