Jumat, 02 Januari 2015

Gambang Semarang



Gambang Semarang yaiku salah sijiné kesenian kang ana ing Semarang, kesenian iki gabungan antarané tari lan diiringi musik Gamelan Jawa nanging nadhané nadha Diatonis utawa nadha musik modern. Gambang semarang wis ana wiwit taun 1930, paguyuban iki anggotané warga asli lan turunan Cina kang mapan ing gedung Bian Hian Tiong ing Gang Pinggir. Jinis alat musik kang dienggo yaiku kendang, bonang, kempul, gong, suling, kècrèk, gambang lan uga nganggo cak lan cuk uga nganggo penyanyi. Ing taun 1950-an, tarian khas Semarang iki sabeneré wis rada suda pamoré. Gambang Semarang naté katula-tula supaya bisa ajeg lan ora mati nganti kagusur saka tarian modern kontemporer kang dianggep wis makili jaman kang trus maju.
        Ing taun 1945-an, kesenian iki naté jaya kang kaping sepisan, nganti bisa nglairaké ikon Gambang Semarang ing wektu iku yaiku Nenny lan Mpok Royom. Nanging, kajayan kuwi mau ora suwé. Nalika pentas ing Magelang lan dibombardir tentara Jepang, anggota Gambang Semarang bubar Nenny lan Mpok Royom melu ilang. Kesenian Gambang Semarang kang lair wiwit taun 1930 iki digagas Toako Lie Hoo Soen, wong kepercayan raja gula Asia Tenggara Oei Tiong Ham. wektu kuwi, Gambang Semarang pentas kang kaping pisanan ing gedung pakumpulan Bian Hian Tiong ing Gang Pinggir. Minangka kesenian kang mujudaké gabungan utawa karukunan warga pribumi lan warga turunan cina.
Tari iki biasané dipentaské ing acara-acara khusus, kayata:
·        Festival Dugderan,
·        Festival Jajan Pasar.
Jaman biyèn lagu Gambang Semarang mirip kaya lagu Gambang Kromong saka Jakarta. Nanging manut rejaning jaman, lagu Gambang Semarang diganti lagu khusus Gambang Semarang. Laguné yaiku lagu khusus Jawa Tengah nganggo basa Jawa, dicampur karo melodi keroncong digabung karo lagu-lagu pop Jawa. Yèn ing jaman biyèn laguné nganggo rasa Betawi, Cina, Jawa-Mandarin, saiki Gambang Semarang luwih nggedhèaké rasa Jawané.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar